MATERI VIII _ GASAL PAWARTA

 PAWARTA

A.     Pengertian Berita/Pawarta.    

Kabar utawa berita ing basa Jawa uga disebut pawarta. Ora kabeh kahanan lingkungan bisa dimangerteni kanthi nindakake langsung. Kadhang kala cukup maca laying kabar, nyemak pawarta saka radhiyo utawa tv bisa mangerteni kahanan lingkungan sakiwa tengene papan panggonan mau. Kabar utawa berita ing basa Jawa uga disebut pawarta.

Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Pawarta cetak/tulisan kang diterbitake saben dina diarani ariwarti, tuladhane koran Suara Merdeka. Pawarta kang diterbitake mung kala-kala kaya seminggu pisan, sesasi pisan diarani kalawarti, tuladhane majalah basa Jawa Djaka Lodhang, majalah Suara Muhammadiyah lan liya-liyane.

B.     Jinise Pawarta

1.      Pawarta Lisan, yaiku pawarta sing digiyarake lumantar swara. Tuladha : TV, radio

2.      Pawarta Tulis yaiku pawarta sing digiyarake lumantar tulisan. Tuladha : majalah, Koran, Internet.

C.     Ciri-ciri Pawarta

1.      Aktual/anyar , pawarta sing disiarake utawa dicetak iku anyar.

2.      Basanipun singkat, madhet lan bisa dipercaya.

3.      Narik kawigaten,  basane utawa perkara sing  diinformasekake bisa gawe sengsem/kepiencut uwong sing maca utawa uwong sing ngrungokake.

4.      Perkara kang anyar, sing diinformaseke wujude anyar utawa perkara kuwi isih dadi omongan uwong akeh.

D.     Pokok-pokok Pawarta.

Pokok-pokoke pawarta sing biasane dikenal nganggo sebutan 5W + 1H (basa Inggris), yaiku:

1.      What/Apa/Apa : Bab kang diwartakake (diberitakan)

2.      Who/Siapa/Sapa: Uwong-uwong sing ana gegayutane(hubungannya) ing sajroning prastawa.

3.      When/Kapan/Kapan: Wektu sadurunge utawa sawise prastawa(kejadian) kasebut.

4.      Where/Dimana/Ana Ngendi: Papan panggonan kedadeyane.

5.      Why/Kenapa/Kenangapa: Sebab anane kedadeyan.

6.      How/Bagaimana/Kepriye: Prosese kedadeyan.

E.      Tuladha Pawarta.

Masarakat Diajab Netepi Protokol Kesehatan

Sasuwene ana Pandhemi Covid-19 kang wektu iki wis sumebar ing saindhenging donya kalebu Negara Indonesia. Ing tlatah DIY kang tekan wektu iki isih ana virus Covid-19 lan terus sumebar ing sadhengah papan-papan kang rame, mula masarakat diajab tetep nindakake apa kang wis dianjurake dening pamarintah yaiku nindakake protokol kesehatan kanggo ngadhepi Pandhemi Covid-19. Ing antarane kanthi njaga resiking lingkungan, nindakake urip kang sehat, nganggo masker ing papan ngendi wae, njaga jarak siji karo sijine, lan liya-liyane.

Babagan kasebut diterangake dening Bupati Sleman Drs. H. Sri Purnomo kaampingi dening Plt. Kasat Pol PP Kabupaten Sleman Arif Pramana ana ing acara Operasi Simpatik Pandhemi Covid-19 ing Jalan Godean - Jogja tepate ing ngarep ruko Senuko, Sidoagung, Godean, Jemuwah 26 Juni kepungkur. Dipilih Godean minangka ajang Operasi Simpatik Pandhemi Covid-19 sebab barengi dina pasaran Pon. Ing dina pasaran Pon kasebut pasar Godean rame akeh masarakat kang padha blanja.

Miturut Arif Pramana kegiatan Operasi Simpatik kasebut tujuane kanggo ngelingake masarakat ing wektu iku supaya tetep nganggo masker. Satemah ora kena virus Corona. Ana ing kagiatan kasebut masarakat sing liwat lan ora nganggo masker terus dicegat lan dielingake supaya tetep nganggo masker lan terus diwenehi masker gratis. Ing acara kang suwene kurang luwih 1,5 jam lan kasil ngedum masker cacahe 1000 kanthi gratis marang masarakat kang liwat lan ora nganggo masker.

Sumber; Djaka Lodhang No. 08, 25/7/2020 Setu Paing, 4 Besar 1953 Wawu kaca 45.

F.  Nulis Teks Berita/Pawarta.    

Nulis utawa nggawe teks pawarta/berita iku bisa diuneke angel amarga ana bab-bab kang kudu digatekake, yaiku :

        1.          Etika nulis pawarta. Nulis pawarta iku kudu:

a.    Objektif.

Tegese panulis ora kena martakake pawarta dikantheni kepentingan pribadhi lan sponsor. Pawarta kang ditulis kudu adhedhasar data utawa fakta kang sanyatane kedadeyan.

b.    Cover both side.

Tegese, pawarta iku kudu imbang aja abot sisih, luwih-luwih nyebabake pihak-pihak kang ana sesambungane langsung karo pawarta kasebut.

        2.          Teknik (tahapan) nulis pawarta.

Trap-trapane (tahapan/langkah) nulis pawarta yaiku:

a.    Pengorganisasian/ nglumpukake data utawa fakta. Data ing kene bisa awujud wawan rembag (wawancara), kedadeyan langsung, utawa data-data kang tinulis.

b.    Nemtokake teras berita (lead)

c.    Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut.

d.    Ngawiti nulis nganggo basa lan tulisan kang pas karo EYD, kanthi tenang/jenjem lan tenanan.

G.   Maca Pawarta/Berita.

Macakake pawarta iku ora mung profesi nanging uga isa dadi pakaryan kang prayoga ing pasrawungan padinan. Sajroning macakake pawarta mbutuhake keprigelan/ketrampilan supaya kang ngrungokake bisa rumangsa seneng lan pawartane gampang dingerteni. Kaprigelan/ketrampilan macake pawarta kasebut, yaiku:

1.    Nggunakake pangucap (pocapan) kang trep/sesuai.

2.    Pamedote frasa kang trep dadi ora ngilangi teges saka ukara.

3.    Nggunakake intonasi, nada lan tekanan kang trep.

4.    Ngerteni tandha wacan kanthi trep, titik, koma, tandha pitakaon, tandha seru lan sapiturute.

5.    Swara kang cetha.

6.    Ekspresi kang pas.

7.    Ngukur alon lan cepete nalika maca (ritme).

8.    Ngolah mlebu metune napas kang pas.

9.    Mahami wacan.

10.     Pracaya marang dhiri pribadhine (PD).

 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII

MATERI IX _ GASAL SANDIWARA

Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi