MATERI IX _ GASAL TEKS DESKRIPSI TENTANG UPACARA ADAT
Teks Deskriptif Tentang Upacara Adat
A.
Wacana/Karangan
Karangan iku ana 5 wujude, yaiku:
Narasi utawa crita yaiku sawijining karangan kang
ana gegayutane karo kadadiyan
kang ditata adhedhasar urutan wektu. Ing karangan iki prastawane kang nyata lan
oleh uga prastawa kang ora nyata (imajinatif)
Deskripsi yaiku sawijining wujud
tulisan kang ana sesambungane karo pambudidayane panulis kanggo menehi
peprincen-peprincen saka sawijining obyek (panggonan, manungsa, barang, lan
sapanunggalane).
Eksposisi yaiku sawijining karangan kang
maparake sawijining gagasan utawa idhe kanthi menehi katrangan kang jelas. Jenis
karangan iki biasane digunakake kanggo menehi informasi marang
pamaca.
Persuasi yaiku sawijining karangan
kang menehi bukti-bukti nyata lan tujuane ngajak lan menehi pengaruh
marang pamaca supaya melu karo sing
dikarepake sing nulis.
Argumentasi yaiku sawijining karangan
kang menehi alesan kanggo nguwatake utawa nolak sawijining pendapat utawa
idhe (gagasan).
B.
Wacana
Deskriptif
Deskripsi yaiku sawijining
wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudidayane panulis kanggo menehi
peprincen-peprincen saka sawijining obyek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane).
Panulis mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane marang pamaca, tulisane
njlentehake sipat lan sakabehe peprincen wujud kang bisa ditemokake
saka objek kasebut.
Ancas kang pingin diwujudi dening panulis yaiku ngripta daya kayal pamaca, kaya-kaya pamaca bisa nyawang objek kuwi kanthi wutuh lan cetha.
Karangan deskripsi ana 2, yaiku:
1. Karangan deskripsi objektif, yaiku karangan kang anggone nggambarake objek mau ora dikantheni opini saka panulis.
2. Karangan deskripsi subjektif, yaiku karangan kang anggone nggambarake objek mau dikantheni opini saka panulis.
Topik-topik kang bisa dikembangake dadi karangan deskripsi, yaiku:
1. Kahanan ruang.
Tuladhane: ruang sinau, ruang gerbong kelas ekonomi, pos rondha ing desa, lan sapiturute.
2. Kahanan barang.
Tuladhane: maneka kembang ing Taman Balekambang, Prau-prau ing pelabuhan Tanjung Emas semarang, wujud busana adat Jawa, lan sapiturute.
3. Proses.
Tuladhane: proses nggawe masker, budhal menyang sekolah, reresik kelas, ngopeni wedhus, lan sapiturute.
C.
Upacara Adat
Jawa
Saben
tlatah utawa wewngkon nduweni tata cara utawa adat dhewe-dhewe. Tlatah siji lan
sijine adat tata carane ora padha (kaya tetembungan: desa mawa cara, negara
mawa tata) nanging nduweni karep/maksud kang padha..Tuladha adat tradisi sing
isih dipepetri/dilestarekake lan tetep lestari sajroning masarakat Jawa, yaiku
: upacara ruwata, sadranan, suran, sekaten (ing tlatah kraton), yaqowiyu (ing
Jatinom, Klaten), grebeg, dhugdheran (ing Semarang), mitoni/tingkeban, tedhak
siti, brokohan bayi sing gek wae lair, wiwit nalika arep panen pari, labuhan
ing segara, lan liya-liyane.
Tata
cara adat Jawa ana gegayutane karo kahananing manungsa wiwit lair tumekaning
pati, yaiku metu utawa lair, manten, lan mati.
1.
Nalika manungsa
lair tatacara/upacara adat tuladhane: ngapati, mitoni, brokohan, selapanan bayi
(njenengi) lsp.
2.
Nalika manungsa
dadi manten tata cara upacara adat kayata, madik, utusan, salaran, nontoni,
nglamar, singsedan, liru kalpika/tukar cincin, panggih lan ngundhuh mantu.
3.
Dene nalika
manungsa mati, tatacara/upacara adat kayata: mbudhalake layon, nelung dina,
mitung dina, matangpuluh, nyatus, naun/mendhak, nyewu.
D.
Tuladha Upacara Adat Jawa Mantu
MANTU
Tembung
mantu, manten, panganten, sri pangantyan, iku kerep keprungu. Nanging apa ta
tegese? Kabeh mau padha apa ana bedane? Kaperluan utawa duwe gawe diarani mantu, jalaran nikahake (mala
kramakake, ndhaupake, miwaha,
njodhokake, ngijabake) anak kang mujudake kuwajibane wong tuwa (darmaning
asepuh) sing wis suwe diantu-antu, diarep-arep, direrancang, digegadhang, digantha-gantha. Ngono mau yen
olehe mantu ora dadakan utawa kesusu merga “tabrakan”. Merga wis dirancang
setaun utawa setengah taunan sadurunge, mula gethakaning dina lan tanggal sarta
jam pisan wis dieling-eling, satemah diantu-antu tekane. Wonge sing duwe gawe
iku dadi mantu (wong mantu). Ningkah mujudake lelakon kang sakral lan suci ing
sajroning bebrayan sawijining wong. Mula saka iku kalakone ana sawetara
tataran. Tataran-tataran sajroning upacara ningkah ana telung warna. Sepisan
upacara sadurunge mantu, kapindho upacara tempuking gawe, lank aping telu
upacara sauwise tempuking gawe.
A. Upacara Sadurunge Mantu
Lumrahe
saiki upacara sing tumindak ing masyarakat mung nalika tempuking gawe, iku wae
ora komplit. Mangka miturut tata cara kuna, upacara ing sadurunge mantu iku uga
ana, malah akeh, kayata:
1. Nyalari
Carane
wong tuwane bocah lanang kongkonan marang wong sing pinitaya sing uga wis
tepung karo wong tuwane prawan sing arep disalari. Mula tugas nyalari mau uga
kasebut dom sumuruping banyu (laku samar).
2.Nontoni
Menawa
nyalari mau ditampa becik ateges si prawan isih sela lan wong tuwane sarujuk,
wong tuwane bocah lanang banjur medhayoh menyang omahe si prawan, saperlu weruh
kaya apa lan sepira ta bocah kuwi. Yen bocahe lanang bisa diajak bisa uga ora
diajak. Nalika sing tuwa padha jagongan, si prawan didhawuhi ngladekake
suguhan, ing kono tamu maspadakake (nontoni) bocah iku kanggo tetimbangan jodho
apa ora. Yen perlu diajak omong-omong.
3. Nglamar
Yen
asile nontoni ketemu becik, wong tuwane bocah lanang dhewe utawa kongkonan utusan wong loro utawa
telu medhayoh ing omahe wong tuwane bocah wadon mau saperlu resmi nglamar.
Tembunge ‘ngebun-ebun enjang anjejawah sonten’ (wangsalane: bun esuk=
awun–awun; udan sore = rarabi batangane = nyuwun rabi). Anggone waleh tamu mau
cablaka: “ Yen wonten keparengipun Bapak-Ibu X, putra-putri panjenengan ingkang
sesulih gendhuk Y badhe kula suwun, kula jodhokaken kaliyan anak kula jaler pun
Z.” Wangsulane wong tuwane bocah wadon:
“ Matur nuwun, dene panjenengan ngayunaken anak kula estri. Sanes dinten mangke
badhe wonten utusan sowan mrika atur wangsulan.”
4. Wangsulan
Wong
tuwane bocah wadon kirim utusan medhayoh menyang wong tuwane jejaka sing
nglamar mau, aweh wangsulan panglamare ditampa apa ora. Nalika nglamar tamune
nggawa oleh-oleh saka ketan (lemper, wajik, jadah lan rengginan) kanthi
pangajab sesambungan dadi raket ora buyar. Yen utusan sing aweh wangsulan iki
oleh-olehe uga saka ketan, iku pralambang wangsulane ditampa.
5. Pasok Tukon lan Pepacangan
Sarehne
lamaran wis ditampa, upacara candhake ana rombongan utusane wong tuwane bocah
lanang medhayoh pasok tukon, awujud dhuwit (lumrahe yen akeh disebutake, yen
mung sethithik ora dikandhakake, utawa manut dhawuhe sing utusan), sandhangan
sapengadeg kanggo si prawan, lan oleh-oleh. Ing kalodhangan iki si Y
dipacangake karo si Z, mula ing jaman saiki lumrah sinartan upacara liron
kalpika (tukar cincin).
6. Pasrah calon Manten/ Nyantri
Nyantri
mujudake tradhisi kang ditindakake dening calon manten kakung. Manut tradhisi
sadurunge upacara ijab ditindakake, calon manten lanang kudu dipasrahake marang
wong tuwane calon manten wadon. Sawise ditampa banjur dititipake ing omahe
salah sawijining sedulur utawa tanggane calon manten wadon supaya bisa
nindakake upacara sabanjure.
7. Pasang Tarub
Ing
omahe CPW, kira-kira 3 dina ngarepake tempuking gawe, dipasangi tratag lan
tarub. Wujude tarub yen biyen kudu nganggo bleketepe yaiku suwir-suwiran janur
kuning, ing kiwa tengening korining tarub dipasangi tundhunan pisang raja, tebu
wulung, gegodhongan mancawarna, lan godhong apa-apa, lan ora lali cengkir
gadhing lan godhonng waringin. Kabeh mau bisa diwaca dadi ukara bilih blakane
nyuwun sumawuring nur Illahi kanthi pangajab penganten bisa kaya dene raja lan
prameswarining nata kang nduweni antebing kalbu lan kencenging piker, anane
rubeda mancawarna tetep ora kurang sawiji apa, dene sing padha jagong sing keri
(durung mantu utawa during dadi manten) padha kepengin.
8. Siraman
Ing
tarub iku ana perangan sing disedhiyakake kanggo papan siraman CPW. Siraman
lumrahe katindakake wayah sore bakda kendhuri tarub. Dene siraman kanggo CPL
uga bareng wektune, nanging papane pisah, yaiku ing pondhokane CPL. Sadurunge
upacara siraman, calon manten sungkem marang bapa biyunge.
B. Upacara Tempuking Gawe
1. Sajen warna-warna
Sanajan
saiki wis akeh sing ora nindakake, amarga ora laras karo piwulang agama lan
nalar ilmiah, perlu kawuningan bilih miturut cara kuna, wong Jawa sing duwe
gawe mantu wajib gawe sajen utawa pasang sesaji warna-warna. Sing baku bakda
pasang tarub, ing ndhuwur tarub disajeni pisang raja setangkep (pisang sanggan
tarub), iki kena dilorot bareng karo pambungkare tarub. Gunane sejatine kanggo
buwahe sing mbubrah tarub. Dene sesajen sing akeh dhewe: brekatan lan ambengan
kendhuri tarub, ndongakake siraman manten supayane mantene sesuk rancag,
slamet, lan ora kurang sawiji apa.
Sajen tumpeng robyong uga dipasang ing
pedharingan (senthong tengah), sajen kanggo
kembar mayang, sajen tumpeng mancawarna cilik-cilik kanggo buwangan
mubeng desa (dalan mlebu desa, kreteg, buk, prapatan, pratelon, lsp.) werdine
iku publikasi menawa duwe gawe mantu. Mula saiki ana sing duwe panemu, lha wong
wis nyebar ulem, rak publikasi sajen buwangan kuwi ora perlu, awit mboborosi.
Yen pancen mantep ngono, sumangga.
2. Nebus Kembar Mayang
Kembar
mayang utawa Kalpataru sepasang kang aran Dewadaru lan Janadaru minangka srana
(sajen tuwuhan) kanggo dhauping panganten. Saiki sing gawe lumrahe Pak Kaum
(utawa sapa sing didhawuhi Pak Kaum). Sawise kembar mayang dadi ana upacara
nebus kembar mayang. Dene reracikaning upacara mangkene: Sing duwe gawe mintasraya marang piyayi
sepuh sing ing upacara iki dijenengi Ki
Wasitajati, supaya ngupaya sekar mancawarna (kembar mayang) minangka srana
dhauping putra. Ki Wasitajati nuli mangkat. Tekan nggone sing gawe kembar
mayang (ya ing papan saomah kono wae) sing ing upacara iki aran Ki Kumarajati,
Ki wasitajati takon ngendi ana kembang mancawarna kanggo srana dhauping
penganten? Ki Kumarajati mangsuli yen dheweke duwe, nanging kudu nganggo
tebusan. Sawise utusan ngulungake tebusane, kembar mayang diulungake lan
kaboyong dening pandhereke Ki Wasitajati (yen Ngayogya ibu-ibu sepuh, yen ing
Sala putrid-putri enom) dipapanake ing ngarep pedharingan (senthong tengah).
Jaman saiki kembar mayang nuli dipasang ing pedharingan dening sing gawe dhewe
(tanpa ana upacara nebus).
3. Midadareni
Bengi
ngarepake tempuking gawe (malem ijab) nganti tengah wengi diarani malem
midadareni utawa widadaren, awit dipercaya minangka wektu temuruning widadari.
Tegese (a) manten wadon dicicil dipaesi (dikerik, dilulur, rambut diratus,
lsp.) supaya dadi ayu kaya widadari tumurun lan (b) ana widadari tumurun tenan
(juru paese) kang ndadani manten (nganti sesuke ayu mangling kaya widadari
tenan). Upacara iki dipirid saka crita Jaka Tarub, sing nalika maesi Nawangsih
anake, ngundang widadari Nawangwulan bojone, supaya maesi anake wadon iku, dadi
memper widadari. Wujude upacara midadareni para sepuh padha tirakatan lan juru
paes nyicil maesi kaya kasebut ing ndhuwur. Kanggo cagak lek bisa dianani
macapatan lan sarasehan. Dipungkasi tengah wengi ana upacara Majemukan, yaiku
ngrencak sajen kanggo dhahar bengi tumrap sing padha tirakatan iku. Kuwi mau cara biyen. Dene saiki, midadareni ya
mung ketemu sakulawarga, sore (jam wolunan) udakara sakjam banjur dhahar lan
bubar, merga olehe maesi manten sesuk-esuk wae. Ateges kaya ora ana midadareni,
mundhak marahi sayah lan ngantuk.
Cathetan: “yen biyen, sadurunge midadareni iki, yen manten nglangkahi
kakang utawa mbakyune, diarani upacara plangkahan. Yen saiki, sing baku
tembunge (pratelane) bilih kakang utawa mbakyu mau nglilani kanthi ekhlas
adhine ndhisiki dadi manten.
4. Ijab utawa Akad Nikah,
Sejatine
Ijab iki sing paling pokok, awit ya upacara iki sing ngabsahake jejodhoan
miturut ukum agama lan negara saengga lanang wadon duwe layang nikah sah.
Upacara bisa ditindakake ing KUA (Kantor Urusan Agama) uga bisa ditindakake ing
ngomah, kang banjur disambung karo upacara adat sing baku dhewe, yaiku
panggihing temanten.
5. Panggih (Temuning Penganten)
Sing baku manten lanang teka ing
ngarep tarub, manten wadon methukake. Kembar mayang sing diboyong saka njero
(ngetutake manten wadon) disamplukake manten lanang, banjur dibuwang ing
prapatan utawa pratelon sing cedhak. Banjur ana rerangkening upacara panggih
yaiku:
a.
Balang-balangan gantal / sadak/godhong suruh.
Suruh isi gambir lan injet
dilinting ditaleni benang lawe putih kanggo baling-balangan manten lanang lan
wadon. Cacahe gantal ana 7, sing 4 dicekel sing wadon (gondhang kasih), sing
lanang kebagean 3 (gondhang tutur), banjur kanggo balang-balangan mbaka siji.
Werdine: baling-balang katresnan. Suruh lumah lan kurepe beda, nanging rasane
padha, dadi lanang lan wadon iku beda nanging padha tresnane.
b. Mecah
Antiga
Antiga
utawa endhog pitik kampung sing isih mentah, dening ibu juru paes disenggolake
bathuke manten lanang lan manten wadon, banjur dibanting nganti pecah. Werdine:
pecahing wiji priya lan wanita kang bakal mbabarake turun.
c. Mijiki
Sikil
Manten wadon mijiki manten lanang
nganggo banyu setaman sing diwadhahi bokor utawa pengaron cilik. Werdine: wong
wadon setya bekti marang sing lanang.
d. Kanthen
Asta
Yen ana
wong loro napak pasangan (rakitan sapi utawa kebo) banjur lagi kanthen
asta(gandhengan) nganggo jenthik tangan kiwa (lanang) lan jenthik tangan
tengenn (wadon) nuli bebarengan mlaku tumuju ing dhamparing penganten.
Werdine: wis resmi dadi pasangane lan
banjur bebarengan nyanggemi kewajiban
e. Tampa
Kaya (Kacar-kucur)
Tekan dhamparing panganten,
manten lanang ngesok kaya ing kacu gedhe neng pangkone manten wadon. Werdine;
wong lanang wajib aweh kaskaya (rejeki) marang sing wadon kanggo kabutuhane
bale wisma.
f. Dhahar
Walimahan
Sing
lanang ngepel sega isi lawuh telung kepelan, mbaka siji diwenehake sing wadon
ditampani ing piring, banjur dipangan (telu pisan sethithik-sethithik) disawang
sing lanang. Werdine: ngecakake kaskaya kanggo karaharjaning kulawarga.
g.
Sungkeman
Manten lanang lan wadon
urut-urutan sungkem marang bapa biyunge lan maratuwane. Werdine: wajib bekti
marang wong tuwa lan mara tuwa.
C. Sauwise Tempuking Gawe
Yen
saiki wong tuwane manten lanang arep ngundhuh sepasaran apa ora, kari manasuka,
marga wigatining sedya mantu wis rampung. Nanging yen biyen bakda tempuking
gawe (ijab lan panggih) iku isih ana upacara sawetara yaiku:
1. Sapasaran
Kanthi
kenduri ing papane manten wadon. Sadurunge iku mbubrah tarub lan jenang
sungsuman lan ora ana upacara, ya mung ditindakake ngono wae. Sepasar = 5 dina.
2. Ngundhuh Sepasaran lan Boyong
Manten
Wong
tuwane manten lanang isih nganakake pahargyan, upamane nganggo wayangan,
kethoprak, lsp. (sajen-sajene uga pepak meh kaya mantu wadon). Ing kene ana upacara pasrah manten saka pihak wadon
marang pihak lanang, isih nganggo oleh-oleh, rombongan utusan, boyongan manten,
lsp.
3. Selapanan
Dianani slametan utawa kendhuri ing papane wong tuwane manten lanang utawa uga ing papane besan (sanajan mantene wis diboyong adoh). Selapan = 35 dina.
A.
Kerangka/Cengkorongan
Karangan Teks Deskripsi
Trap-trapane
(langkah-langkah/tahapan) nggawe cengkorongan/kerangka karangan, yaiku:
1. Nemtokake topik, tema lan
ancas/tujuan karangan.
Tuladhane: Topik bab Madik.
Tema:bab Upacara Adat Jawa Mantu.
2. Menehi irah-irahan/sesirah
(judul).
3. Nyusun
kerangka/cengkorongan.
4. Nglumpukake bahan/data
5. Ngembangake kerangka
karangan dadi karangan.
6. Nyampurnakake tulisan ing karangan.
B.
Teks
Deskriptif Tentang Upacara Adat Jawa Mantu
Tuladha/contoh 1:
MADIK
Upacara
adat Jawa sing gegayutan (berhubungan) karo manten, yaiku madik, utusan,
nontoni, lamaran, singsidan, liru kalpika/ali-ali (tukar cincin), panggih lan
ngundhuh mantu. Madik mujudake tatacara kang kapisan ditindakake.madik iku
milang-miling pasangan kanggone calon panganten kakung/pria. Sanajan mangkono
anggone ngupaya/usaha orang terang-terangan, nanging sinamun ing samudana
(sembunyi-sembunyi). Menawa ing jaman saiki kayata nalika wektu kuliah utawa
nalika wis nyabut gawe amarga akeh kanca srawunge. Ing wektu iku jejaka kang
wis pingin palakrama/dadi nganten mangun sesambungan supaya padha-padha ngerti
nganti kang ana sesambungane karo rasa tresna antarane lanang lan wadon (pria
dan wanita).
Tuladha/contoh 2:
TIMBANG
Adicara
timbangan ing tatacara mantu kalebu ing adicara adat krobongan. Adicara
krobongan kuwi katindakake sauwise acara panggih. Timbangan katindake kanthi
paraga bapak lan ibune temanten putri, sarta temanten sarimbit (nganten lanang
lan wedok). Dene lakune, yaiku kang rama/bapake penganten putri lungguh ing
kursi penganten. Temanten putri lungguh ing wentis/paha sisih tengen, dene
temanten kakung lungguh ing wentis sisih kiwa bapake penganten putri mau.
Menawa bapake temanten putri ora kuwat mangku temanten sarimbit lungguh ing
sisih tengen lan kiwane. Banjur ibune penganten putri njaluk katrangan bobote
penganten putra lan putri marang garwane (bapakne panganten putri).
“Kadospundi menggah bobotipun
ingkang putra, Kangmas?” (pertanyaan ibu)
“Bobote anakmu skloron tiba
timbang, Yayi. Tegese padha abote.” (jawaban bapak)
Tata adicara timbangan mengku pasemon (punya arti) menawa uwong tuwa (bapak ibu) ora mbedak-mbedakake ing antarane anak mantu karo anake dhewe. Kalorone karengkuh dadi anake dhewe.
Komentar
Posting Komentar