MATERI IX _ GASAL SANDIWARA

 SANDIWARA

A.      Pangertene Sandiwara.

Ripta (karya) sastra iku ana kang awujud gancaran (prosa), geguritan (puisi Jawa), lan lakon (drama). Sandiwara kalebu ripta/karya sastra kang disebut lakon/drama. Dadi sandiwara iku padha karo drama kang tegese yaiku salah sawijning karya sastra kang nggambarake crita ngenani uripe manungsa utamane saka konflik kang dialami kanthi pacelathon-pacelathon lan tindak-tanduk ing dhuwur panggung.

Sandiwara ana kang kagiarake lumantar radhiyon tv, apadene ing panggung. Tumekaning saiki sandiwara ing radhiyo isih ana kang padha seneng. Apameneh kang digiyarake ana ing tv, seka bocah cilik tena wong tuwa akeh kang padha seneng ndelok nganti kadhangkala malah lali marang kewajibane.

B.      Unsur-unsur Intrinsik Sandiwara.

Kaya dene crita cekak apadene novel, sajroning sandiwara uga ana unsur-unsur pembangune, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur intrinsik drama/sandiwara yaiku bab bab kang ana ing njero naskah drama, bisa digoleki kanthi maca naskah drama kasebut.

Bab bab kang kalebu unsure intrinsik :

1. Tema

Saben karya sastra pasti nduweni tema, Tema yaiku bab kang dadi dashare naskah drama digawe Tema uga bisa diarani masalah utama kang dadi sumber cerita.

2. Alur

Alur utawa plot yaiku urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan nganti babak terakhir. Alur diperangake :

     Ngenalake masalah, yaiku kedadeyan wiwitan kang ndandekake masalah maslaah kang dilakoni paraga paragane.

     Mangerteni isi crita saka perkenalan paraga lan watake.

     Masalah utawa konflik, yaiku kedadean kang isine ngenani masalah masalah kang wiwit diadhepi paraga paraga ing cerita kasebut.

     Klimaks/puncak konflik, yaiku masalah sing saling angel kang diadepi paraga paraga ing crita, yaiku kedadean kang isine nyritakake kahanan para paraga ing pungkasaning crita drama.

3. Pacelathon

Miturut jinise pacelathon diperangake dadi loro. Miturut panggonan (prolog lan epilog) lan miturut cacahing paraga (monolog lan dialog)

a.       Miturut Panggonan :

     Prolog : pacelathon kang ana ing ngarep drama (sadurunge paraga omong omongan )

     Epilog : Pacelathon kang dadi panutupe pementasan drama. Sing nyritakake prolog lan epilog diarani narator.

b.       Cacahing paraga :

     Dialog : Pacelathon kang diucapake sambung sinambung antarane salah sawijining paraga klawan paraga liyane.

     Monolog : Pacelathon kang ditindakake mung dening siji paraga lan paraga liyane.

4. Paraga lan Watake (Tokoh dan penokohan)

a. Paraga ing drama diperangake dadi :

     Tokoh utama : Paraga kang dadi sumber crita

     Tokoh pembantu : Paraga kang ana nduweni dialog nanging ora dadi pusat penceritaan.

     Tokoh figuran : Paraga kang dianakake supaya kahanane dadi kaya nyata, nanging paraga iki ora ngucapake dialog lan mung lewat saklebetan.

b. Miturut watake, ing drama ana :

     Tokoh Antagonis : yaiku paraga kang nduweni watak kang ala, saengga ora disenengi penonton.

     Tokoh Protagonis : yaiku paraga kang nduweni watak kang apik lan disenengi penonton.

     Tokoh Tritagonis : Yaiku paraga kang bisa dadi kancane tokoh protagonis utawa antagonis, bisa duweni watak kang apik utawa ala (penengah).

5. Amanat

Amanat yaiku pesen moral kang disampekake penulis naskah drama kanggo para penonton.

6. Latar Utawa Setting


Latar utawa setting diperangake dadi telu, yaiku latar wektu, latar panggonan, lan latar swasana.

     Latar wektu : yaiku wektu kang digambarake nalika paraga paraga ngalami kedadean kedadeyan ing panggung.

     Latar panggonan : Yaiku panggonan kang digambarake ing panggung saben babake.

     Latar swasana : Latar swasana di perangake dadi loro yaiku :

- Swasana alam : kedadean ing sekitar paraga, tuladhane : udan gerimis , swara jangkrik lagi ngerik (bengi)

- Swasana ati : apa bae kang dirasakake paraga, tuladha : murka, nesu, was was, seneng.


C.      Gawe teks naskah adhedhasar  isine crita.

              1.          Isine crita:

Panji Asmara Bangun ngumbara kanggo golek pengalaman urip lan garwa sisihaning gesang. Nalika ngumbara dheweke ketemu karo Mbok Randha Dhadhapan, lajeng dipek anak lan dijenengi Andhe-Andhe Lumut. Mbok Randha Dhadhapan golek garwa kanggo Ande-Ande Lumut kanthi cara nganakna sayembara nyanyi kang diarani “Sinden Idol”. Sing melu sayembara yaiku Kleting Abang, Kleting Ijo, Kleting Biru lan Kleting Kuning. Sanajan Kleting Abang, kleting Ijo lan kleting Biru ayu-ayu, nanging wis disisani Yuyu Kangkang. Lha beda karo Kleting Kuning, dheweke rupane digawe elek Mbok Randha , kleting ambune ora enak nanging ora sisane Yuyu Kangkang lan uga sae penggalihe. Pungkasane  Kleting Kuning sing dipilih Andhe-Andhe Lumut dadi garwane.

              2.          Teks naskah:

Andhe-Andhe Lumut

Para paraga:

1.       Ande-Ande Lumut/ Pangeran/ Panji Asmara Bangun.

2.       Bejo.

3.       Mbok Randha Dhadhapan.

4.       Kleting Kuning.

5.       Kleting Abang

6.       Kleting Ijo

7.       Kleting Biru

PROLOG :

Kadadosan ing negari ingkang gemah rimpah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja. Wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwa kacekapan. Pangeran menika putra mahkota ingkang badhe nglajengake tahta kerajaan. Ananging pangeran kalawau boten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan. Pangeran kepingin lelana. Nasak  wana. Pangeran kepingin madosi jati dhiri ugi pengalaman gesang. Saking ngriku kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihaken sisihan gesangipun inggih menika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryanipun.

 

BABAK 1

( Ing Alas )

Tiyang kalih  mlampah ngliwati wana ingkang rungkut ningali kiwa tengenipun boten wonten kewan utawi peksi ingkang saged dipunburu. Kaneman bagus kaliyan pandhereke wau sakyektosipun  pangeran ingkang lelana  pados jati dhirinipun.

(tiyang kalih mlahpah kanthi wasadapa ningali ing nginggil lan nginggil pados   kewan ikang saged  dipunburu).

Pangeran            : “Jo… Bejo… kowe neng endi? Jo…. Bejo.”

Bejo                    : “Pangeran…. Pangeran….Panjenengan wonten pundi pangeran?” (Mlampah mundur, lajeng tabrakan ngantos gelimpangan)

Pangeran            : “Adhuh… kowe kuwi ngati-ati, ta.”

Bejo                    : “He he he…ngapunten pangeran… kula boten ngertos pangeran wonten wingking kula.”

Pangeran            : “Rene Jo rene!!!…. Aku arep crita.”

Bejo                    :“Wonten napa pangeran?”

(Tiyang kekalih lenggah sareng lan  sami crita)

Pangeran            : “Kok ra ana kewan dina iki ,ya ,Jo?”

Bejo                    : “Injih pangeran sepi sanget!”

(Pangeran lan pandhereke ngadeg, kaget weruh wong ing ngarepe)

Pangeran            : “Sapa kuwi Jo?”

Bejo                    : “Kula boten ngertos pangeran. Sinten nggih niku?”

Pangeran            : “Ngapunten mbok, kula badhe tanglet?”

(Ingkang dipundangu kendel, boten mangsuli)

Pangeran            : “Kulanuwun… mbok.”

(Pangeran nyedhaki  Mbok Randha, Mbok Randha kaget weruh Pangeran)

Mbok Randha Dhadhapan: “Walahdalah…. mangga. Sapa kowe?”

Pangeran                            : “Kula pengembara mbok… ngapunten niki dhusun napa?”

Mbok Randha Dhadhapan: “Iki desa Dhadhapan ,Le… kowe arep ngapa neng kene?”

Pangeran                            : “Kula badhe ngumbara Mbok… ananging kula kesasar boten ngertos dalane.”

Mbok Randha Dhadhapan: “Wah… ya wis… kowe melu Mbok wae piye, Le? Tak dadekake anak angkatku yen kowe gelem?”

Pangeran                            : “Wah… inggih mbok kula purun.”

Mbok Randha Dhadhapan: “Kawit saiki kowe dadi anakku. Kowe tak jenengi Andhe-andhe Lumut ya, Le?”

Pangeran                            : “Inggih Mbok.”

 

BABAK 2.

 .............................

 

 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII

Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi