MATERI TEKS CERITA RAKYAT. KELAS VII SEMESTER GASAL
TEKS
CERITA RAKYAT.
A.
Pangertene
Crita Rakyat.
Apa
ta kang diarani crita rakyat kuwi? Pitakonan kang wangsulane angel anggone
mangsuli amarga saben uwong nduweni panemu dhewe-dhewe kang beda-beda nanging
intine meh padha. Ing jagad Internasional crita rakyat asring/kereb disebut
foklor.
Bisa
didudut menawa tegese crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing
sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo
masyarakat ing papan iku.
B.
Jinise
Crita Rakyat.
Crita
rakyat ing tanah Jawa iki akeh wewujudane, ing antarane:
1. Legendha
yaiku crita prosa rakyat sing kaya lumaku nyata saka sing duwe
crita. Asal-usul crita legenda mesthi digambarake minangka "sejarah"
bebarengan. Lan biasane nyritakake kedadeyane papan panggonan utawa jeneng
papapan panggonan.
2. Dongeng,
yaiku dongeng minangka genre sastra lawas sing nyritakake babagan
kahanan sing luar biasa sing jangkep karo dongeng utawa imajinasi lan kayane
pancen ora kedadeyan. Makna dongeng yaiku menehi nilai moral lan nyenengake.
3. Mite/mitos,
yaiku crita saka masarakat babagan dewa lan ksatria ing jaman kuno, uga ngemot
babagan terjemahan asale manungsa, lan babagan kasebut ngemot makna sejatine
sing dicethakake kanthi cara mistis.
4. Fabel,
yaiku crita sing nyritakake kegiyatan kewan sing tumindak lan tindak tanduke
kaya manungsa.
C.
Ciri-ciri
Crita Rakyat.
Ciri khas crita rakyat, kayata ing
ngisor iki:
1.
Ngrembaka
ing masarakat
2.
Ora dicethakaké sapa sing pisanan
nggawe
3.
Nilai luhur kang akeh.
4.
Watake daerah.
5.
Nduweni macem-macem bentuk lan
jinis.
6.
Karakter anonim tegese jeneng
panganggit ora dingerteni.
7.
Dicritakake kanthi gethok tular
biasane nganggo lisan sacara turun temurun.
D.
Unsur-unsur
Pambangun Crita.
1.
Unsur
Intrinsik, yaiku unsur crita kang ana ing sajroning crita, kayata:
a.
Irah-irahan
yaiku judul crita
b.
Tema,
yaiku gagasan pokok sing dadi dhasaring crita
c.
Paraga(tokoh),
yaiku uwong utawa tokoh kang ngakoni crita.
d.
Watak(sifat),
yaiku watake/sifate para paraga.
e.
Setting(latar),
yaiku ana 3,
1)
latar
panggonan/papan kedadeyane ing crita.
2)
Latar
wektu, kapan kedadeyane ing crita.
3)
Latar
kahanan/swasana, kepiye kahanane ing crita.
f.
Amanat/pesen,
yaiku pitutur/nasehat utawa pesen saka pengarang penulis crita.
g.
Alur/plot,
yaiku: posisi pengarang ing crita.
2.
Unsur
Ekstrinsik, yaiku unsur crita kang ana ing sanjabaning crita nanging nduwe
pengarung ing dalane crita, kayata ekonomi, sosial, budaya, agama, politik lan
liya-liyane.
E.
Pokok-pokok
Crita.
Pokok-pokok crita iku padha karo
underane (isi) crita kang ngemot pitakonan:
1. Apa : wangsulane nuduhake ana kedadeyan apa.
2. Sapa : wangsulane nuduhake paraga/tokoh (sapa wae) kang
ana ing crita.
3. Kapan : wangsulane nuduhake wektu dumadine/kedadeyane crita.
4. Ana ngendi : wangsulane nuduhake papan/panggonan dumadine crita.
5. Kena apa/ngapa : wangsulane nggambarake napa ana
kedadeyan.
6. Kepriye : wangsulane nyritake piye kedadeyane crita.
F.
Tuladha
Teks Crita Rakyat.
1.
Buku
Paket Padha Bisa Basa Jawa 1 kelas 7, kaca 30 tekan 32 “Jaka Tingkir Campuh
karo Baya”.
2.
Buku
Paket Padha Bisa Basa Jawa 1 kelas 7, kaca 35 – 36 “Mula Bukane Kutha Kudus”.
G.
Pokok-pokok
Isi Teks Crita Rakyat.
Menawa
arep nulis isi crita, saben paragraf ing teks crita kudu digoleki dhisik
pokok-pokoke ukara (kalimat). Yen wis saben paragraf ketemu pokok-pokok ukarane
banjur digandheng saben pokok ukara kasebut dadi paragraf anyar minangka isi
crita kasebut.
Tuladhane
pokok-pokok ukara saka teks crita rakyat kanthi irah-irahan “Mula Bukane Kutha
Kudus”:
1.
Kutha
Kudus sing saiki mujudake pusering paprentahan Kabupaten Daerah Tingkat II
Kudus Provinsi Jawa Tengah. Ing jaman biyen Kudus mung wujud desa cilik kalebu
wewengkon panguwasa Majapait. Mujudake papan kanggo liwat lan leren saka
pelabuhan Jepara menyang Majapait lan kosokbaline
2.
Ana
pawongan saka Cina kang jenege Sun Ging mapan ing desa cilik mau, dheweke
pinter ngukir. Akeh kang pada sinau ukir marang dheweke saengga keprungu tekan
kraton Majapait. Saengga desa mau diarani desa Sunggingan, saka jenenge Sun
Ging katambah panambang (akhiran) –an kang tegese papan dunung (alamat).
3.
Raden
Patah ngutus Syekh Ja’far Shodiq ulama saka Persia kanggo nyebarake agama Islam
ing Sunggingan. Syekh Ja’far Shodiq ndadani gapura kang wis ora kopen supaya
bisa ndudut (menarik) atine para para warga ing Sunggingan. Kanthi sabar,
kawibawan lan pribadhine ora let suwe akeh kang ngrasuk agama Islam.
4.
Syekh
Ja’far Shodiq banjur yasa (mbangun) masjid ing sacedhake gapura desa
Sunggingan. Ing perangan (bagian) qiblat direngga-rengga lempengan watu ireng
asale saka Persia angemper (meh padha) karo Hajar Aswad ing Kakbah. Rerenggan
mau diarani Al Kuds, kang tegese suci. Ora suwe Mesjid kuwi banjur diarani
Mesjid Kudus yaiku mesjid kang direngga lempengan watu Al Kuds utawa watu-watu suci.
5.
Syekh
Ja’far Shodiq kasil yasa (mbangun) pesantren. Tansaya akeh wong saka laladan
(daerah) liya kang padha ngangsu kawruh ing kono. Desa Sunggingan dadi pesantrn
lan kutha, dene wong-wong kono diarani Kudus, lan Syekh Ja’far Shodiq banjur
katelah asma Sunan Kudus.
6.
Gapura
sing wis didandani dening Syekh Ja’far Shodiq dadi kaendahan kang mirunggan,
banjur katelah (dikenal) Menara Kudus.
H.
Isi
Crita Rakyat.
Menawa arep nulis/nritakake isine crita rakyat kanthi irah-irahan “Mula
Bukane Kutha Kudus”, mula pokok-pokok crita mau banjur digawe tulisan kang dadi
siji.
Mula
Bukane Kutha Kudus
Kutha Kudus sing saiki mujudake pusering
paprentahan Kabupaten Daerah Tingkat II Kudus Provinsi Jawa Tengah. Ing jaman
biyen Kudus mung wujud desa cilik kalebu wewengkon panguwasa Majapait. Mujudake
papan kanggo liwat lan leren saka pelabuhan Jepara menyang Majapait lan
kosokbaline. Ana pawongan saka Cina kang jenege Sun Ging mapan ing desa cilik
mau, dheweke pinter ngukir. Saengga desa mau diarani desa Sunggingan, saka jenenge
Sun Ging katambah panambang (akhiran) –an kang tegese papan dunung (alamat).
Raden Patah ngutus Syekh Ja’far
Shodiq ulama saka Persia kanggo nyebarake agama Islam ing Sunggingan. Syekh
Ja’far Shodiq ndadani gapura kang wis ora kopen supaya bisa ndudut (menarik)
atine para para warga ing Sunggingan. Syekh Ja’far Shodiq banjur yasa (mbangun)
masjid ing sacedhake gapura desa Sunggingan. Ing perangan (bagian) qiblat
direngga-rengga lempengan watu ireng asale saka Persia angemper (meh padha)
karo Hajar Aswad ing Kakbah. Rerenggan mau diarani Al Kuds, kang tegese suci.
Ora suwe Mesjid kuwi banjur diarani Mesjid Kudus yaiku mesjid kang direngga
lempengan watu Al Kuds utawa watu-watu suci. Syekh Ja’far Shodiq kasil yasa
(mbangun) pesantren. Tansaya akeh wong saka laladan (daerah) liya kang padha
ngangsu kawruh ing kono. Desa Sunggingan dadi pesantren lan kutha, dening
wong-wong kono diarani Kudus, lan Syekh Ja’far Shodiq banjur katelah asma Sunan
Kudus. Dene gapura sing wis didandani dening Syekh Ja’far Shodiq banjur katelah
(dikenal) Menara Kudus.
Komentar
Posting Komentar