MATERI TEKS CERITA PENGALAMAN KELAS VII SEMESTER GASAL
TEKS CERITA PENGALAMAN.
A.
Pengalaman
Pengalaman
iku sijining pengalaman sing wis tau dialami dening uwong. Saben uwong mesthi
duwe pengalaman pribadi, lan beda-beda antarane wong siji karo liyane.
Pengalaman pribadi biasane angel dilaleke malah ana kalane isih nabet ing njero
ati.
B.
Jinise
pengalaman
1.
Jinise
pengalaman pribadi sacara umum iku ana 2, yaiku:
a.
Pengalaman
empirik, yaiku pengalaman kang nyata kedaden lan dialami dening sawijining
paraga.
b.
Pengalaman
khayal, yaiku sejatine mung pangentha utawa pangangen, mung khayalan/lamunan
kang durung mesthi ana ing kasunyatan.
2.
Jinise
pengalaman pribadi manut swasanane iku ana 2, yaiku:
a.
Pengalaman
pribadi kang nyenengake.
b.
Pengalaman
pribadi kang nrenyuhake (sedhih).
3.
Jinise
pengalaman pribadi manut wektu kedadeyane iku ana 2, yaiku:
a.
Crita
pengalaman pribadi kang kedadeyane mbiyen.
b.
Crita
pengalaman pribadi kang kedadeyane saiki.
4.
Jinise
pengalaman pribadi manut umur kang crita iku ana 3, yaiku:
a.
Crita
pengalaman pribadi nalika isih cilik.
b.
Crita
pengalaman pribadi nalika isih enom.
c.
Crita
pengalaman pribadi nalika uwis diwasa utawa tuwa.
C.
Nyathet
pokok-pokok isine crita.
Pokok-pokok crita iku padha karo
underane crita kang ngemot pitakonan:
1.
Sapa,
wangsulane nuduhake paraga/tokoh (sapa wae) kang ana ing crita.
2.
Apa/ngapa,
wangsulane nggambarake apa kedaden utawa apa kang ditindakake dening para
paragane/tokohe.
3.
Kapan,
wangsulane nuduhake wektu dumadine/kedadeane crita.
4.
Ana
ngendi, wangsulane nuduhake papan/panggonan dumadining crita.
5.
Kepriye,
wangsulane nyritake piye kedadeane crita.
D.
Gawe
cengkorongan/kerangka crita pengalaman.
Kang kudu digatekake nalika gawe
cengkorongan/kerangka crita pengalaman, yaiku:
1.
Irah-irahan/judul
( iki bisa digawe keri/pungkasan)
2.
Paragane/tokoh-tokohe
3.
Pambukaning
crita
4.
Isine
crita
5.
Panutuping
crita
6.
Bab
5W + 1H utawa apa, sapa, kapan, ana ngendi, apa sebabe lan kepriye kahanane.
E.
Nulis
teks crita pengalaman.
Nalika nulis teks crita
pengalaman pribadi kudu mangerteni langkah-langkahe, yaiku:
1.
Gawe
cengkorongan/kerangka karangan.
2.
Ngembangke/ngrembakake
cengkorongan dadi karangan.
3.
Ngedhit
utawa mbenerake tulisan, ejaan lan pamilihane tembung-tembung lan ukara.
F.
Tuladha
teks crita pengalaman pribadi.
Tragedhi 9 Maret
Esuk iku ngepasi dina
Selasa, tanggal 9 maret 2010, aku tangi rada kawanan. Dhek bengi anggonku sinau
nganti tangah wengi, yaiku jam siji luwih, lagi mapan turu amarga lagi mid
semester. Senajan bapak lan simbok ora tau duka menawa ora ngrewangi, nanging
aku dhewe sing rada pekewuh, kagawa saka rasa tresnaku marang wong tuwa loro
kang wis nggedhekake aku, apa maneh aku
anak tunggal utawa bocah ontang-anting. Esuk iki aku isih ngantuk banget ,
mlaku wae isih rada ora jejeg lan sirahku krasa mumet banget, nanging sapa
maneh sing mbiyantu simbok lan bapak.
“Le...,
yen isih ngantuk ora usah dipeksa. Kana turu maneh, mengko awakmu dadi seger
lan ora ngantuk.” Ngendikane bapakku karo maringi dhuwit kanggo sangu sekolah
yaiku rong ewu rupiyah kaya padatan.
“Matur
nuwun sangunipun nggih, pak. Kula boten patosa ngantuk. Kula badhe ngeteraken
dagangan sayur langkung rumiyin.” Wangsulanku marang bapak.
“Ya
wis, sing ati-ati ya, Le.” Ngendikane bapakku lan simbokku. Simbok nggendhong
sayuran, dene bapak sing mikul. Simbok lan bapak banjur tindak dhisik. Ora let
suwe, sawise nata sayur, aku uga banjur nyusul menyang pasar. Lawang omah
dakkunci. Kaya adate, wayah jam semono iku para among dagang wis padha wiwit
ngusungi dagangane. Pit dakgenjot, rada banter. Semribite angin esuk krasa atis
banget.
“Anton.... “ keprungu swarane wong lanang setengah tuwa
nyeluki aku. Aku banjur noleh. Dakgoleki sumber swara mau. Nanging ora ana
wonge. Aku dadi bingung. Nanging ora let suwe, saka kadohan keprungu swara
nyeluki aku maneh. “Anton....” amarga aku bingung sapa sejatine sing nyeluki.
Aku noleh karo numpak pit onthel. Ora ngertia, ing ngarepku ana simbah tuwa
kang lagi metu saka kampung yaiku saka dalan Bulu Stalan III A lan nggawa
masakan arep didagangake menyang Pasar Bulu. “Mak brek....” wong wedok tuwa mau
njerit. Sayuran lan masakan mateng sing siap didol ing pojok Pasar Bulu ing sisih
kulon, wutah kabeh amarga daktabrak. Simbah tiba lan sambat-sambat awake lara,
amarga tiba lan isih kesiram sayuran panas.
Aku
dhewe tiba. Tangan lan sikilku lecet-lecet. Nanging ora dadi ngapa. Saiki sing
dakpikir, kepriye simbah sing daktabrak mau. Aku tangi lan nulung marang wong
tuwa mau. Simbah daktulungi lan daktangekake alon-alon. Wong tuwe mau nangis
sesenggrukan. Kejeba lara awake, uga nggetuni dagangane kang wutah kabeh. Ing
batine simbah, dina iku ilang rejekine lan terus kepriye kanggo nyambung uripe.
Ing mangka wong tuwa iki mau ulu pametune utawa penghasilane ya mung saka
dodolan matengan ing pojoking Pasar Bulu.
“Sakit
mbah?” pitakonku kanthi swara alon. Nanging simbahe mau ora wangsulan. Malah
nangis sesenggrukan karo ngendika : “ aku mengko mangan apa, daganganku wutah
kabeh. Kowe anake sapa? Ayo diijoli dhuwit, duwe apa ora. Yen ora diijoli
daklaporke polisi. Yen numpak pit ngati-ati, ora malah ndlenger. “
“Inggih
mbah, samangke kula aturi arta satus ewu. Samangke kula suwunake simbok kula.
Simbok kula inggih sadeyan sayur ing peken mriki. Ing Peken Bulu Pojok Wetan,
sacelakipun tangga.“
Krungu
omongku kang kaya mengkono, ana Bapak setengah tuwa nyedaki simbah mau lan
menehi dhuwit rong atus ewu. Dheweke karo ngendika : “ Mbah, boten usah sedhih,
boten usah muwun. Punika dagangan panjenengan kula gantos kalih atus ewu. Cekap
ta, mbah? “
Mangkono ngendikane wong lanang
setengah tuwa mau karo nggulurake dhuwit rongatus ewu saka dhompete. Simbah
seneng atine, nuli ngendika : “ Lho ko kathah... kathah sanget anggon sampeyan
nggentosi? “ mangkono pangandikane simbah karo swara kan ora patia cetha,
amargo untune wis ompong.
“Boten punapa, menawi kirang nyuwun
pangapunten, menawi langkung panjenengan bekta kemawon, mbah.” Mangkono
pangandikane wong lanang setengah tuwa mau kang swarane persis nalika nyelukake
aku sadurunge nabrak simbh mau.
Sawise atiku ora dheg-dhegan, ora
ngertia, wong lanang setengah tuwa mau guruku nalika ing SD biyen, sing wis
sawetara wektu ora ketemu. Guruke iki hobine utawa kesenengane pancen olahraga.
Sanajan yuswane wis setengah abad luwih, nanging esih gesit, trengginas, lan
cekatan. Dhasar priyayine gedhe dhuwur, brengose kandel, kulite kuning langsat.
Sanajan yuswane ora enom maneh, nanging isih durung kethok tuwa. Malah yen ing
sekolahan dadi kasenengane utawa idolane para siswa.
“Lho... ko panjenengan, Pak. Nuwun
sewu, ngrepoti. Matur nuwun sanget, Bapak sampun mbiyantu kula. Saumpami boten
wonten Bapak, kula saged dijotosi tukang becak lan dipuncepeng polisi. “
“Ya, padha-padha. Ora dadi ngapa,
Ton. Sing wigati kowe slamet lan simbah sing koktabrak mau uga slamet. Pancen
tinulung. Ora usah mbedakake. Aja dumeh iku pinter, bodho, sugih, miskin ing
ngarsane Gusthi iku padha. Nanging sing wigati maneh aja tulung menthung, iku
ora becik. wis kana terusna menyang pasar ngeterke sayuran, mengko mundhak
dienteni ibumu. Ngati-ati, jumbuh karo unen-unen yitna yuwana, lena kena.”
“Inggih, Pak. Matur nuwun.”
Mangkono aturku marang wong lanang setengah tuwa kang ora liya gurukub SD
biyen. Pit onthel dhak genjot maneh, sadhela wae aku wis tekan pasar. Kaya
ngapa kagete simbok lan bapak, ngerti tangan lan sikilku lecet-lecet.
“ Kowe kena apa, Le ?” Pitakon
simbok marang aku. Aku meneng sadhela banjur matur.” Kula nembe dhawah lan
nabrak tiyang.” Mengkono aturku marang simbok lan bapak. Nanging simbok isih
ngoyak pitakon maneh. “ Lha sing koktabrak sapa lan kepriye kaanan wonge?”
mangkono simboku nguber pitakonan marang aku. “Anu... anu, tiyang ingkang kula
tabrak, niku lho mbok.. sing sadeyan maem wonten pojok peken Bulu sisih kilen,
sing griyane Bulu Stalan III A.” mangkono aturku karo rada kesusu.
“Lho kuwi rak Mbah Yem, isih
sedulure dhewe saka Pakmu ta, Le. “ krungu ngendikane simbok lan bapak, yen
wong sing nembe daktabrak jebul Mbah Yem sing ora liya sadulurku dhewe, atiku
banjur dheleg-dheleg, ngelingi kedadeyan sing lagi wae kelakon. Kamangka, yen
iku bener Mbah Yem, prasasat aku dosa, amarga manut critane simbok lan bapak,
aku nalika esih cilik dimong Mbah Yem. Ya Mbah Yem ikuk sing momong aku wiwit
TK nganti SD kelas siji.
“Ya wis, yen ngono aku sesuk maneh
yen ngepit kudu ngati-ati” batinku. Awit kadadeyan sing lagi wae kelakon, atiku
sekala ora jenjem, tansah kelingan marang wong tuwa kang daktabrak. Geneya aku
kok kurang ngati-ati, malah ndlenger sakarepku dhewe. Kadadeyan iki pancen
tansah ngabed ing jroning atiku.
(Kapethik saka : Buku Marsudi Basa lan Sastra Jawa Anyar
kelas1 SMP/MTS )
Komentar
Posting Komentar