MATERI VIII _ GASAL IKLAN (PARIWARA) DAN MENYAMPAIKAN PESAN
I. IKLAN (PARIWARA)
A.
Pengertian Iklan (Pariwara).
Pariwara utawi
iklan menika memper pengumuman utawi wara-wara ingkang isinipun nawekaken barang-barang, utawi jasa,
wonten ugi ingkang nindakaken satunggaling bab ingkang prayogi (iklan layanan
masyarakat)
Iklan inggih menika pangajak ingkang dipuntindakaken
kanthi wongsal-wangsul
limrahipun dipunbiwaraken (disebarluaskan) mawi medhia cetak lan ugi
elektronik.
Iklan kalebet salah
satunggaling kabar utawi wara-wara kangge masyarakat utawi bebrayan agung
kanthi tujuan tiyang ingkang mirengaken utawi maos dados ketarik/kapencut
dhateng prodhuk ingkang dipuntawekaken (dipunaturaken)..
B.
Jinise Iklan (Pariwara).
Iklan dipunbentenaken adhedhasar sifat,
tujuan, lan ruang.
Adhedhasar sifat, jinisipun iklan dipunperang dados 2 (kalih) inggih menika: iklan niaga kaliyan iklan nonniaga.
1.
Iklan niaga dipundamel supados masyarakat sami mangertos, ketarik,
remen
dhateng prodhuk ingkang dipunasilaken/dipuniklanakenlajeng kepengin tumbas lan nggadhahi barang kalawau.
2.
Iklan nonniaga inggih menika iklan kangggenyuwun kawigatosansaking masyarakat supadosnduhukung utawa nyengkuyung dhatengingkang dipuniklanaken.
Adhedhasar tujuanipun, iklan
dipunperang dados 2 (kalih) inggih menika iklan
pengumuman lan iklan penawaran utawa nawakaken samukawis.
Dene adhedhasar
ruang, iklan
dipunperang dados 2 (kalih) inggih
menika iklan baris
lan display (pameran/pertunjukan). Iklan baris dipundamel kanthi basa ingkang ringkes utawi singkat lan gampil dipunmangertosi.
C.
Ciri-ciri Iklan (Pariwara).
1. lugas basanipun,
2. gampil dipunmangertosi,
3.
ngremenaken/narik
kaw\\igatosan.
Ingkang perlu dipungatosaken ing
salebeting iklan menika
wonten kalih, inggih
menika;
a. Suraos (isi) iklan
· Kedah objektif lan
jujur,
· Cekak lan cetha,
· Narik kawigatosan
b. Basa iklan
· Gampil dipuntampi,
· Ukuranipun cekak, cetha
lan narik kawigatosan,
· Gambaripun cetha, gampil dipunmangertosi, narik kawigatosan,
· Isinipun nyata lan boten ngapusi,
c.
Sipatipun ajak-ajak (persuasif)
D. Tuladha Iklan
(Pariwara).
1.
Tuladha iklan saking radio :
Iklan “Tolak Angin Komplit”
Bapak
: “ Aduh bune awakku kok padha pegel kabeh”
ibu
: “Kenging menapa to
pakne?”
Bapak : “Ora ngerti aku, apa jalarane, rasane kok kaya masuk angin.”
Ibu : “Oalah bapakne masuk angin ta!”
Bapak : “Iya bu, awit wingi bengi
bali saka Semarang ngeterke barang dagangan”
Ibu : “Niku pakne mesthi supe ngunjuk obat”
Bapak : “Iya bune, ben cepet mari dikapakna ya, dipijeti wae piye bune?
Ibu
: “Oalah gampil yen soal pijet, niki tak damelke unjukan
riyin, supados ical
pegel-pegelipun”
Bapak
: “Apa kuwi bune?”
Ibu
: “ Niki lho pakne jamu TOLAK ANGIN KOMPLIT, obat herbal
kangge masuk angin, mendhakake weteng kembung, weteng lara, nglegakake
tenggorokan, njaga kasarasan awak, sarta apik
diunjuk nalika perjalanan, awak sayah lan kurang turu. Obat iki didamel saka
bahan alami kayata minyak adas, kayu ules, godhong cengkeh, meniran, jahe lan
madu. Ayo \pakne diunjuk saniki supados enggal saras.”
Bapak : “Wah enak tenan bune, awak krasa seger buger kaya
lebar dipijeti wae.”
Ibu : “Bener ta omongku, awak dadi seger buger amarga
ngunjuk TOLAK ANGIN KOMPLIT.”
Bapak : “Lha olehe tuku ngendi bune?”
Ibu : “Boten sah kuwatir pak,
sakniki saben toko lan warung-warung turut desa sampun wonten, Wong TOLAK ANGIN
KOMPLIT niku pancen mpun kondhang lan pancen cespleng tenan.
(Kapethik saking : http://belajarbahasajawa2013.wordpress.com/2013/12/12/tuladha-iklan-ing-radio/ Sabtu, 9 Agustus
2014 jam 20.35)
2. Tuladha rekaman iklan sanesipun.
(pariwara ing radhio) Swanten Gendhing “Sarung Jagung” mungel alon,
swanten wiwit nggremet saya lirih lajeng alon-alon medal swanten iklan. “Para kadang tani, boten prelu kuwatos
lan bingung, menawi badhe nanem: “Jagung Hibridha Jenis Unggul”. Gampil,
Samenika sampun sumadhiya wiji Jagung Hibridha wonten ing toko “SUBUR”
alamat komplek peken Tersono Ruko nomer 19A. Toko “SUBUR” Nyedhiyaken wiji
lan obat-obatan taneman. Toko “SUBUR” paling komplit.
II. MENYAMPAIKAN PESAN SECARA LISAN.
A. Cara ngaturake Welingan (Cara
Menyampaikan Pesan)
Cara ngaturake welingan iku
gampang utawa ora angel, kang kudu digatekake menawa dititipi weling/pesen
yaiku:
1.
Jeneng/asmane
sing meling/titip pesen.
2.
Isine
welingan/pesen yen perlu ditulis utawa dicathet.
3.
Nalika
ngaturake welingan/pesen kudu nggatekake unggah-ungguh basa sing digunake lan solah bawa ( sikap).
4.
Nggunakake
tembung utawa ukara kang cetha lan gampang ditampa.
B. Tuladha Ngaturake Welingan.
1. Bu Jumirah, kula dipunutus Bu Weni
ngaturaken weling utawi pesen, bilih mangkih Bu Weni mboten saged tindak arisan
amargi wonten tamu saking Palembang.
2. Pak, kala wau pikantuk telpon saking
Pak Manto. Amargi bapak saweg siram kula ingkang nampi telpon, Pak Manto pesen
bilih acarane mboten siyos dinten niki lan diundur ngenjang sonten.
C. Tuladha teks bacaan dialog
penyampaian pesan.
Dani ndilalah dadi utusane Pak
Sugi kanggo ngaturake layang ulem ing tangga teparo. Pak Sugi kagungan kajatan
arep ningkahake putrane sing kaping pindho. Sawise nganggo rasukan kang sopan
Dani wiwit budhal ngaturake uleman. Omah sing wiwitan dituju yaiku daleme Pak
Pardi.
Dani
: Kula nuwun.
Pak
Pardi : Mangga-mangga, pinarak nglebet Mas Dani.
Dani
: Matur nuwun Pak Pardi.
Pak
Pardi : Piye? Ana perlu apa kok dengaren dolan ning omahku.
Dani : Nuwun sewu, sowan kula wonten ngriki, sepisanan kula silaturrahmi,
dene kaping kalihipun kula dipunutus panjenenganipun Bapak Sugi, saperlu
ngaturaken layang ulem sedahan kagem panjenengan sekalian.
Pak
Pardi : Ya, daktampa layange.
Dani : Matur nuwun pak, gandheng taksih kathah jejibahan kula nyuwun
pamit. Nuwun.
Pak
Pardi : Ya, padha-padha. Mangga dakdherekake.
Komentar
Posting Komentar