Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi
I. MATERI
A.
Tembang Macapat.
Tembang macapat iku cacahe ana 11, yaiku : Maskumambang,
Mijil, Sinom, Dhandhanggula, Asmaradana, Kinanthi, Gambuh, Durma, Pangkur,
Megatruh lan Pocung.
Tembang
macapat iku beda karo tembang-tembang liyane amarga tembang macapat duwe
paugeran (aturan/ pathokan).
Pathokan/aturan/paugerane
tembang macapat yaiku :
1.
Guru lagu, yaiku tibaning swara(vocal) ing pungkasan gatra.
2.
Guru wilangan yaiku cacahing wanda(suku kata) saben sagatra
3.
Guru gatra, yaiku cacahing larik saben sapada/bait.
B.
Tembang
Kinanthi
1.
Pangertene
Kinanthi
Kinanthi
iku saka tembung (kata) kanthi kang tegese
tuntun. Dadi kinanthi artine dikanthi, dituntun, utawa digandheng.
2.
Aturan/pathokan/paugeran
tembang Kinanthi
a. Guru gatra : 6 gatra
b. Guru wilangan : 8 8, 8, 8, 8 8
c.
Guru lagu : u,
i, a, i, a, i
(Utawa
bisa katulis : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.)
3.
Watak
tembang Kinanthi
Watake
tembang Kinanthi iku pangarep-arep, gandrung
kang seneng nanging sakepenake.
4.
Makna
tembang Kinanthi
Miturut
maknane, tembang Kinanthi iku nggambarake nalika
manungsa dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam donya. Bisa
mangerteni ala lan becik.
C.
Serat Wulangreh
Serat
Wulangreh iku anggitane Paku Buwana IV saka Kraton Surakarta Hadiningrat.
Panjenengane nganggit serat piwulang Wulangreh iki kanthi ancas/tujuan paring
piwulang marang manungsa, embuh enom, embuh tuwa. Anggone paring piwulang
marang manungsa kaandharake lumantar serat piwulang kang diarani serat
Wulangreh. Serat Wulangreh kang kaanggit, diwujudake ing 13 pupuh tembang Jawa
yaiku: 1. Dhandhanggula (8 pada/bait). 2. Kinanthi (16 pada/bait). 3.Gambuh (17
pada/bait). 4. Pangkur (17 pada/bait). 5. Maskumambang (34 pada/bait). 6.
Megatruh (17 pada/bait). 7. Durma (12 pada/bait). 8. Wirangrong (27 pada/bait).
9. Pocung (23 pada/bait). 10. Mijil (26 pada/bait). 11. Asmaradana(28 pada/bait)
12. Sinom (33 pada/bait). Girisa (25
pada/bait).
D.
Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi lan
terjemahan ing Bahasa Indonesia.
Pada
(bait) kaping:
01
Padha
gulangen ing kalbu,
ing
sasmita amrih lantip,
aja
pijer mangan nendra,
kaprawiran
den kaesthi
pesunen
sariranira,
sudanen
dhahar lan guling.
Kalian
biasakanlah megasah kalbu/hati, agar (pikiranmu) tajam menangkap isyarat,
jangan hanaya selalu makan dan tidur, jangkaulah sikap kepahlawanan, latihlah
dirimu dengan mengurangi makan dan minum.
02
Dadiya
lakunireku,
cegah
dhahar lawan guling,
lawan
aja asukan-sukan,
anganggoa
sawatawis,
ala
watake wong suka,
suda
prayitnaning batin.
Jadikan
sebagai lelakon, kurangi makan dan tidur, jangan gemar berpesta pora, gunakan
seperlunya (karena) tabiat orang yang gemar berpesta pora adalah berkurangnya
kepekaan batin.
03
Yen
wus tinitah wong agung,
aja
sira gumunggung dhiri,
aja
raket lan wong ala,
kang
ala lakunireku,
nora
wurung ngajak-ajak,
satemah
anenulari.
Jika
kau sudah ditakdirkan menjadi pembesar, janganlah menyombongkan diri, jangan
kau dekati orang yang memiliki tabiat buruk dan bertingkah laku tidak baik,
sebab suka atau tidak suka (hal itu) akan menular padamu.
04
Nadyan
asor wijilipun,
yen
kelakuane becik,
utawa
sugih carita,
carita
kang dadi misil,
iku
pantes raketana,
darapon
mundhak kang budi.
Sekalipun
berasal dari keturunan kelas bawah, namun memiliki kelakuan yang baik atau
memiliki banyak cerita yang berisi (berguna), dia patut kau gauli, (hal itu)
akan menambah kebijaksanaanmu.
05
Yen
wong anom pan wus tamtu,
manut
marang kang ngadhepi,
yen
kang ngadhep akeh bangsat,
nora
wurung bisa anjuti,
yen
kang ngadhep keh durjana,
nora
wurung bisa maling.
Jika
masih muda, biasanya mengikuti lingkungan, jika di lingkungan itu banyak
penjahat, maka jahatnla ia. Jika di lingkungannya banyak pencuri, maka ia pun
pandai mencuri.
06
Sanadyan
ta nora melu,
pasthi
wruh solahing maling,
kaya
mangkono sabarang,
panggawe
ala puniki,
sok
weruha nuli bisa,
iku
panuntuning eblis.
Meskipun
tidak ikut, pasti mengetahui kealakuan pencuri. Demikanlah (karakter) semua
perbuatan jelek, awalnya hanya tahu, kemudian bisa melakukan, itulah bujukan
iblis.
07
Panggawe
becik puniku,
gampang
yen wus den lakoni,
angel
yen durung kalakyan,
aras-arasen
nglakoni,
tur
iku den lakonana,
mupangati
badaneki.
Perbuatan
yang benar itu akan mudah jika sudah dilaksanakan, terasa sulit jika belum
dilakukan, enggan melaksanakan, namun jika dilakukan (hal itu) akan bermanfaat
bagi jiwa raga kita.
08
Yen
wong anom-anom iku,
kang
kanggo ing masa iki,
andhap
asor kang den simpar,
umbag
gumunggunging dhiri,
obral
umuk kang den gulang,
kumenthus
lawan kumaki.
Para
pemuda di masa sekarang meninggalkan sopan santun dan rendah hati, sebaliknya
mengumbar kesombongan dan tinggi hati.
09
Sapa
sira sapa ingsun,
angalunyat
sarta edir,
iku
wewatone uga,
nom-noman
adoh wong becik,
emoh
angrungu carita,
carita
ala miwah becik.
Tidak
mengenal teman satu sama lain, kurang ajar, dan congkak, itu juga kebiasaannya,
para pemuda menjauhi orang yang berperilaku baik, tidak mau mendengar cerita
yang baik maupun cerita yang jelek.
10
Cerita
pan wus kalaku,
panggawe
ala lan becik,
tindak
bener ala lan ora,
kalebu
jro cariteki,
mulane
aran carita,
kabeh-kabeh
den kawruhi.
Adapun
cerita yang sudah terjadi, adalah perbuatan baik dan buruk, tingkah laku benar
dan tidak benar termasuk ke dalam jenis cerita, oleh karena itu disebu cerita,
selurihnya harus kau ketahui.
11
Mulane
wong anom iku,
abecik
ingkang taberi,
jejagongan
lan wong tuwa,
ingkang
sugih kojah ugi,
kojah
iku warna-warna,
ana
ala ana becik.
Oleh
karena itu sebagai pemuda, seharusnya rajin, berkomunikasi dengan orang tua,
yang banyak bicara juga, bicara itu banyak macamnya, ada yang baik, ada pula
yang buruk.
12
Ingkang
becik kojahipun,
sira
anggoa kang pasthi,
ingkang
ala singgahana,
aja
sira anglakoni,
lan
den awas wong akojah,
iya
ing masa puniki.
Pastikan
kau ikuti pembicaraan yang baik, yang kurang baik singkirkan, jangan kau
lakukan, meskipun begitu, di masa sekarang waspadalah setiap orang bicara.
13
Akeh
wong kang sugih wuwus,
nanging
den sampar pakolih,
amung
badane priyangga,
kang
den pakolehaken ugi,
panastene
kang den umbar,
nora
nganggo sawatawis.
Banyak
orang yang pandai bicara namun pembicaraannya itu dibungkus dengan maksud untuk
mementingkan diri sendiri, hanya dirinya yang diuntungka, mengumbar kedengkian
tanpa batas.
14
Aja
ana wong bisa tutur,
amunga
ingsun pribadhi,
aja
ana ingkang memadha,
angrasa
pinter pribadhi,
iku
setan nunjang-nunjang,
tan
pantes den pareki.
Jangan
ada orang yang dapat berbicara, kecuali dirinya sendiri, jangan ada yang
meyamai, merasa paling pandai, itu adalah perilaku setan, tidak pantas kau
dekati.
15
Sikakna
di kaya asu,
yen
wong kang mangkono ugi,
dahwen
apan nora layak,
yen
sira sandhinga linggih,
nora
wurung katularan,
becik
singkirana ugi.
Usirlah
seperi kau menghalau anjing, jika kau temui orang seperti itu, dia tak patut
kau dekati apalagi menemaninya duduk, niscaya kau akan ketularan, lebih baik
hindarilah.
16
Poma-poma
wekasingsun,
mring
kang maca layang iki,
lair
batin den estokna,
saunine
layang iki,
lan
den bekti mring wong tuwa,
ing
lair praptaning batin.
Bagi yang membaca surat ini,
perhatikan dengan sungguh-sungguh nasihatku ini, patuhilah secara lahir dan
batin, laksnakan apa yang tertulis dalam surat ini, dan berbaktilah terhadap
orang tua, lahir dan batin.
E.
Ngancarake
Tembang Serat Wulangreh pupuh Kinanthi pada/bait 1, 2 lan 3.
Pada
1
Padha
gulangen ing kalbu,
ing
sasmita amrih lantip,
aja
pijer mangan nendra,
kaprawiran
den kaesthi
pesunen
sariranira,
sudanen
dhahar lan guling.
Gancarane
(Prosa/teks karangan):
Padha
kulinakna ning ati, supaya pikiranmu weruh, aja mung magan lan turu, kudu njaga
tumindak kaprigelan, latihen awakmu kanthi nyuda anggonmu mangan lan turu
(diakehi anggone tirakat melek bengi lan pasa).
Pada
2
Dadiya
lakunireku,
cegah
dhahar lawan guling,
lawan
aja asukan-sukan,
anganggoa
sawatawis,
ala
watake wong suka,
suda
prayitnaning batin.
Gancarane
(Prosa/teks karangan):
Padha
lakonana nyuda mangan lan turu. Aja kakehan anggone seneng-seneng, gunakna
saprelune wae amarga wong kang ala watake iku wong kang sembrana utawa ora
ngati-ati.
Pada
3
Yen
wus tinitah wong agung,
aja
sira gumunggung dhiri,
aja
raket lan wong ala,
kang
ala lakunireku,
nora
wurung ngajak-ajak,
satemah
anenulari.
Gancarane
(Prosa/teks karangan):
Yen
kowe dadi wong gedhe mulya, aja gumedhe/kumalungkung/umuk (sombong). Aja cedhak
karo wong kang ala tumindhake/kelakuane, amarga tumindhak kang ala kuwi bakal
nulari marang awakmu.
F.
Isi/Amanat
(Pesan Moral) Tembang
Serat Wulangreh pupuh Kinanthi pada/bait 1, 2 lan 3.
Pada 1: isine manungsa
iku kudu bisa njaga awak lan tumindak kang becik sholat bengi/tahajud lan pasa.
Pada 2: isine manungsa
iku aja nduweni watak ala kang sembrana ora
ngati-ati.
Komentar
Posting Komentar