MATERI TEKS NARASI TENTANG PERISTIWA ATAU KEJADIAN KELAS VII SEMESTER GASAL

 A. Wacana/karangan Narasi

Wacan naratif yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya - kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu. wacana narasi iku adate mentingake urutan lan biyasane ana tokoh ing sajroning crita.

Wacana Narasi ana warna loro :

1. Narasi Ekspositoris, yaiku wacana kang mung menehi katrangan lugu / apa anane. Upamane : Siswa nyeritakake kedadeyan ana ing jero kelas nalika piwulangan Basa Jawa. Jaksa nyritakake kedadeyan rajapati ing pengadilan.

2. Narasi Sugestif, yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen - angene waong kang maca. Upamane : dongeng ( Aji Saka, Dumadine Bayalali, lsp. ), cerkak, Novel, Roman.

Bedane Narasi Ekspositoris lan Narasi Sugestif :

 

Narasi Ekspositoris:

1. Njembarake wawasan utawa pangerten.

2. Mbeberake katrangan bab prastawa.

3. Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk.

4. Basa Informatif, tembung denotatif. 


Narasi Sugestif:

1. Mbeberake makna kang sinandi.

2. Nguripake pangangen - angen (imajinasi)

3. Nalar mung Kanggo nggayuh surasa (makna), yen perlu nalar dilirwakake

4. Basa figuratif, tembunge konotatif.

 

B. Prastawa/Peristiwa

Ana pitakonan: “Apa ta sing diarani prastawa (peristiwa/kejadian) iku?

Pitakonan kasebut bisa diwangsuli mangkene:

Prastawa iku kedadeyan kang wis dumadi utawa kelakon.

Prastawa iku maneka warna jinise, ana sing nyenengake, nrenyuhake, ana uga sing gawe sedhih.

Prastawa kang nyenengake umpamane menang dadi juwara ing sawijining lomba. Prastawa kang nrenyuhake tuladhane ketemu keluwarga sing dipisahake utawa ilang merga bencana alam. Dene prastawa kang gawe sedhih umpamane katut dadi korban bencana alam.

Kedadean-kedadean sing wis kelakon bisa nyadharake manungsa luwih dadi mawas dhiri jalaran ana kalane sawijining prastawa iku kelakon kedadean merga saka ulahe menungsa dhewe kang kurang narima utawa kurang pangati-ati.

C. Pokok-pokok Cerita/Berita

Kanggo mangerteni isine wacana kang diwaca utawa dirungokake, kudu mangerteni pokok-pokok wacana kasebut. Pokok-pokok wacana ing antarane yaiku kang biasane disebut nganggo 5W 1H

1. What/apa: tema utawa gambaran prastawa sing kelakon.

2. Who/sapa: tokoh/paraga utama lan tokoh/paraga liyane sing ana ing prastawa .

3. When/kapan: iki nuduhake wektu kedadeyane prastawa

4. Where/ana ngendi: nuduhake papan panggonan kedadeyan/prastawa.

5. Why/kenapa/ngapa: iki nuduhahake sebabe prastawa.

6. How /kepriye: nuduhake proses kedadeyan prastawa.

D. Parikan (Materi Tambahan Kawruh Basa)

Parikan yaiku unen-unen sing dumadi saka rong gatra utawa patang gatra. Menawa dumadi saka rong gatra, gatra sepisan iku awujud purwaka (sampiran), gatra kapindho awujud isi. Manawa dumadi saka patang gatra, gatra kapisan lan kapindho awujud purwaka, gatra katelu lan gatra kaping papat minangka isine.

1. Parikan 2 gatra/baris, tuladha:

    Ngasah arit nganti landhep

    Dadi murid kudu sregep

2. Parikan 4 gatra/baris, tuladha:

    Kali Srayu ngidul iline

    Kali praga agung banyune

    Ngangsu kawruh akeh gunane

    Tumrap bangsa, aku lan kowe

E. Ringkesan Wacan
Apa kang diarani ringkesan iku?
Supaya bisa mangsuli pitakonan kasebut, coba gatekna katrangan ngisor iki!
Tembung ngringkes wacan mesthi wae wis asring krungu, ning bahasa Indonesia ana sing ngarani Sinopsis (ngringkes). Saliyane tembung ngringkes ana maneh tembung-tembung kang meh padha artine yaiku ringkesan, ikhtsar lan Sinopsis. Biasane akeh sing padha bingung mbedakake. 
Supaya ora bingung mbedakake, ing ngisor iki bisa dijlentrehake:
1. Ringkesan, yaiku gawe ringkesan nanging tetep nganggo basa pengarange, ora nganggo basane dhewe. dadi ukara-ukarane ora kena diowahi nganggo basa liya, dadi tetep baku nganggo basane pengarang.
2. Ikhtisar, yaiku gawe ringkesan nanging nganggo basane dhewe. dadi basane pengarang bisa diganti nganggo basane dhewe. Sing penting isine ora owah saka pengarange.
3. Sinopsis, yaiku ringkesan utawa ikhtisar karya naratif,bisa fiksi utawa non fiksi, sing dimaksud naratif umpamane filem, cerkak, novel, lsp.

F. Carane Ngringkes Wacan
Ngringkes wacan sabenere ora susah, mung kudu sregep latihan. Yen sregep malah bisa dadi penulis profesional. Dadi becik banget tumrape para siswa kang lagi sinau supaya bisa ngerti carane ngringkes wacan, sapa ngerti mbesuk bisa dadi penulis temenan.
Kanggo mangerteni isine wacana kang diwaca utawa dirungokake, kudu mangerteni pokok-pokok wacana kasebut.
Kanggo ngringkes wacan kudu ngerti paugeran kayata:
1. Maca wacan kang arep diringkes mau kanthi setiti lan premati.
2. Nulis ukara-ukara bakune (pokok kalimat)
3. Ngronce (merangkai) ukara-ukara baku mau dadi paragraf  kang becik lan gampang dimangerteni.
4. Basa sing digunake tetep kaya asline saka pangarange ora kena diowahi.

G. Ringkesan teks wacana narasi “Pembangunan kang Pincang Njalari Timbule Urbanisasi”
Sawise maca teks wacana narasi “Pembangunan kang Pincang Njalari Timbule Urbanisasi” mula wacan kasebut bisa diringkes kaya ing ngisor iki.
Ringkesan:
Pembangunan Kang Pincang Njalari Timbule Urbanisasi
Umume kita kabeh mangerteni apa sing diarani urbanisasi, yaiku pindhahe penduduk desa utawa dhaerah pedhaleman menyang kutha-kutha gedhe, utamane Ibukota Jakarta. Masalah urbanisasi iku kepriye-kepriye uga mujudake masalah kang ngewuhake Pamarentah Pusat. Satemene bab iki uga akibat kateledhorane Pamarentah dhewe. Yen dinalar urbanisasi iku mujudake tandha-tandha buntune pembangunan ing dhaerah lan njomplange distribusi pembangunan lan kemajuwan. Menawa kita nedya ngilangi utawa saora-orane nyuda ndadrane urbanisasi, kepriye-kepriye urbanisasi kudu didadekake peranganing masalah pembangunan kang luwih gedhe lan ora sekedhar pembangunan ing dhaerah-dhaerah.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII

MATERI IX _ GASAL SANDIWARA

Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi