MATERI KELAS IX SEMESTER GASAL Teks Cerita Wayang Ramayana lakon Anoman Duta

 

A. Unsur pambangun crita yaiku:

1. Unsur Intrinsik, yaiku unsur kang ana ing sajroning crita, kayata: judul/irah-irahan, tema, tokoh/paraga, penokohan/sifat/watak, setting/latar (papan, wektu lan swsana), alur, uga amanat/pitutur.

2. Unsur ekstrinsik, yaiku unsur crita kang ana ing saknjabane crita nang duwe daya pangaribawa(pengaruh) marang dalane crita. Kayata: agama, ekonomi, sosial, budaya, politik, lsp.

B. Pokok-pokok cerita.

Pokok-pokok crita iku padha karo underane crita kang ngemot pitakonan:

        1.     Sapa, wangsulane nuduhake paraga/tokoh (sapa wae) kang ana ing crita.

    2.     Apa/ngapa, wangsulane nggambarake apa kedaden utawa apa kang ditindakake dening para paragane/tokohe.

        3.     Kapan, wangsulane nuduhake wektu dumadine/kedadeane crita.

        4.     Ana ngendi, wangsulane nuduhake papan/panggonan dumadining crita.

        5.     Kepriye, wangsulane nyritake piye kedadeane crita.

C. Wayang

Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni  kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku : seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Wayang minangka sarana nggambarake alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prekara, pihak utawa klompok kang ora cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan batin, alus lan kasar. Wayang uga dadi sarana ngendhaleni sosial, umpamane kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar banyolan.

Crita wayang iku minangka baboning crita ana 2, yaiku:

    1.     Babad Mahabarata.

Nyaritakake lelakone Pandhawa karo Kurawa kang sedulur cedhak kang memungsuhan amarga rebutan kraton utawa negara. Memungsuhan iki dipungkasi kanthi perang gedhe kang diarani perang Baratayuda.

    2.     Babad Ramayana.

Nyaritakake lelakone Ramawijaya kang kepeksa lunga saka kratone/negarane amerga ngleksanani janjine bapake marang garwa selire. Nalika urip ana ing alas Dhandhaka, Sinta diculik dening Rahwana raja Alengka.

D. Ramayana

Ramayana asale saka tembung rama tegese nyenengake lan tembung yana sing tegese pangumbaran (pengembaraan). Dadi tembung Ramayana iku bisa ditegesi pangumbaran (pengembaraan) kang nyenengake. Crita iki ditulis dening Walmiki taun 400 SM kang migunakake basa Sanksekerta. Miturut Dr. Soewito S. Wiryonagoro, Ramayana ing Indonesia sumbere saka Ramayana Kakawin kang critane kaya digambarake ing relief Candhi Prambanan lan Candhi Panataran.

 

E.        Jinise Ukara.

Adhedhasar isine, ukara iku bisa kaperang dadi lima yaiku:
1. Ukara andharan (kalimat berita)

Apa pengertiane ukara (kalimat) andharan ? 

kalimat andharan yaiku ukara sing isine kang ngabarake utawa ukara kang nyritakake bab/kedadean. Cirine ukara andharan yaiku dipungkasi kanthi waca titik (mandeg), mula macane kanthi intonasi/ nganggo swara kang rata (datar) lan ora ana penekanan babar pisan .

Tuladha (Contohnya):

a. Mau bengi ana kebakaran ning omahe pak Bejo.

b. Bapak tindak dhateng kantor

2. Ukara pitakon (kalimat tanya)

Apa sing dimaksud ukara pitakon ? 

Ukara pitakon yaiku ukara kang isine nakokake bab tertentu. Cirine ukara pitakon yaiku dipungkasi tandha waca piatakon, mula pamacane kanthi intonasi takon.

Tuladha (contohnya):

a. Sampeyan mundhut napa?

b. Bapak dhahar apa?

Ukara pitakon kaperang dadi 3, yaiku:

a. Ukara Pitakon lumrah: ukara pitakon kang lumrah digunakake saben dina. Tuladha:

o    Sapa jenengmu?

o    Ana ngendi omahmu?

o    kapan adhimu bali sekolah?

b. Ukara retoris: ukara pitakon kang ora butuh wangsulan. Tuladha:

o  Sapa sing ora pengin mlebu suwarga?

o  Sapa sing ora kepengin dadi wong sukses?

o  Tiba kuwi lara?

c. Ukara pitakon paminta utawa pitakon nyoba: ukara pitakon sing isine nari utawa menehi pendapat. tuladha: 

o  Piye yen awake dhewe leren dhidik?

o  Saupama klambi kuwi diwenehake adhimu piye, Nduk?

o  Kowe mathuk apa ora yen saiki awake dhewe besanan?

3. Ukara pakon (kalimat perintah)

Apa sing dimaksud ukara pakon utawa kalimat perintah ?

Ukara pakon yaiku ukara kang isine mrentah wong liya nindakake pakaryan tartampu manut apa sing dikarepake sing ngongkon. Cirine ukara pakon yaiku dipungkasi tandha waca seru, mula pamacane kanthi intonasi seru lan rada diteken.

Tuladha:

a. Ngaliha!

b. Sinau sing sregep!

Ukara pakon kaperang dadi 5, yaiku:

a.       Ukara Pakon Lumrah

Tuladha:

·      Ndang ombenen!

·      Awas sing ati-ati!

·       Wis enggal garapen!

b.      Ukara Pakon Pamenging

Tuladha:

·      Kowe ora kena dolan yen durung sinau!

·      Aja rame-rame simbah nembe sare!

·       Aja mangan ana ing ngarep kelas!

c.       Ukara Pakon Pangajak

Tuladha:

·      Awake dhewe saiki leren dhisik!

·      Ayo padha mampir nggonku dhisik!

·      Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake cipta!

d.      Ukara Pakon Panantang.

Tuladha:

·      Antemen yen pancen kowe wani!

·      Maraa rene yen nyata-nyata dhugdheng!

·      Gage balangen yen njaluk benjut sirahmu!

e.       Ukara Pakon Paminta.

Tuladha:

·      Mbok kowe kuwi mengko dolan menyang omahku!

·      Dhik, tulung cendhelane ditutup bae!

·       Aku dakdolan nang omahmu, nanging disuguhi ya!

4. Ukara Sambawa

Ukara sambawa yaiku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saumpama, utawa sanadyan. Ukara iki rancake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhan panambang -a utawa -ana.
Tuladha:
Panasa, ya klambiku ben garing.

  1. Udana sing deres ben tandhuranku subur.
  2. Mrenea wiwit biyen kowe ora katon kapiran.
  3. Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.
  4. Tinangisana nganthi semaput, dheweke ora bakal urip.
  5. Diwenehana klambi apik, ya ra tahu dienggo.

5. Ukara Sananta

Ukara sananta yaiku ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya. Ananging, kang duwe niyat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi wae ukara iki durung kalakon utawa durung katindakake jalaran isih awujud niyat.
Tuladha:
Sesuk awan aku arep golek degan ijo.

  1. Kareben munggah sekolah, aku kudu sinau mempeng.
  2. Aku arep umbah-umbah, kowe aja ngajak crita wae.
  3. E, dak dolan menyang daleme simbah.
  4. Tinimbang ndomblong, dak resik-resik latar mburi, ah!

6. Ukara Panguwuh (kalimat seru)

Apa sing dimaksud ukara panguwuh urawa kalimat seru? 

Ukara panguwuh yaiku ukara kang nggambarake rasa ora percaya, emosi sing kuat rasa gumun. Cirine ukara panguwuh yaiku diwiwiti kanthi tembung panguwuh Tembun panguwuh yaiku : Wow, wadhuh, Hi, Hore, wah,dll.

Tuladha:

a. Horee.. aku oleh biji satus !

b. Wow, apik tenan montore !

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII

MATERI IX _ GASAL SANDIWARA

Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi