MATERI KELAS VII SEMESTER GASAL Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

 

A.        Tembang Macapat.    

Tembang macapat iku cacahe ana 11, yaiku : Maskumambang, Mijil, Sinom, Dhandhanggula, Asmaradana, Kinanthi, Gambuh, Durma, Pangkur, Megatruh lan Pocung.

Tembang macapat iku beda karo tembang-tembang liyane amarga tembang macapat duwe paugeran (aturan/ pathokan).

Pathokan(aturan/paugerane) tembang macapat yaiku :

1.          Guru lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasan gatra.

2.          Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra

3.          Guru gatra, yaiku cacahing larik saben sapada/bait.

 

B.        Tembang Pangkur

1.       Pangertene Pangkur

Pangkur iku, asale saka tembung mungkur. Lan uga diarani buntut.

2.       Pathokan tembang Pangkur

a.       Guru gatra ana     : 7 gatra/larik.

b.       Guru wilangan      : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8.

c.        Guru lagu               : a, i, u, a, u, a, i.

3.       Watak tembang Pangkur

Watake tembang Pangkur  iku madhep, manteb, banter lan nesu.

4.       Makna tembang Pangkur

Miturut maknane, tembang Pangkur  iku nggambarake mangsa nalika manungsa wis kliwat umur kang gungkurake kadonyan bisa ngendhaleni tumindak lan nepsu-nepsu kang ala.

 

C.        Serat Wulangreh

Serat Wulangreh iku anggitane Paku Buwana IV saka Kraton Surakarta Hadiningrat. Panjenengane nganggit serat piwulang Wulangreh ing taun 1741, kanthi ancas/tujuan paring piwulang marang manungsa, embuh enom, embuh tuwa. Anggone paring piwulang marang manungsa kaandharake lumantar serat piwulang kang diarani serat Wulangreh. Serat Wulangreh kang kaanggit, diwujudake ing tembang Jawa yaiku pupuh Dhandhanggula, Kinanthi, Gambuh, Pangkur, Maskumambang, Dhudhuk Wuluh/Megatruh, Durma, Wirangrong, Pocung, Mijil, Asmaradana, Sinom, lan Girisa.

 

D.        Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Serat Wulangreh pupuh Pangkur iki ana 17 pada (bait) tembang, yaiku :


Pada (bait) 1

Sekar pangkur kang winarna

Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

Ala lan becik puniku

Prayoga kawruhana

Adat waton puniku dipunkadulu

Miwah ingkang tata krama

Den kaesthi siyang ratri.

 

Pada (bait) 2

Deduga lawan prayoga

Myang watara reringa aywa lali

Iku parabot satuhu

Tan kena tininggala

Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku

Angucap meneng anendra

Duga-duga nora kari.

 

Pada (bait) 3

Miwah ta sabarang karya

Ing prakara kang gedhe lan kang cilik

Papat iku aja kantun

Kanggo sadina-dina

Rina wengi nagara miwah ing dhusun

Kabeh kang padha ambegan

Papat iku aja lali.

 

Pada (bait) 4

Kalamun ana manusa

Anyinggahi dugi lawan prayogi

Iku watake tan patut

Awor lawan wong kathah

Wong degsura ndaludur tan wruh ing edur

Aja sira pedhak-pedhak

Nora wurung neniwasi.

 

Pada (bait) 5

Mapan watake manusa

Pan ketemu ing laku lawan linggih

Solah muna-muninipun

Pan dadi panengeran ingkang

Kang apinter kang bodho miwah kang luhur

Kang sugih lan kang melarat

Tanapi manusa singgih.

 Pada (bait) 6

Ulama miwah maksiyat

Wong kang kendel tanapi wong kang jirih

Durjana bebotoh kaum

Lanang wadon pan padha

Panitike manusa wateke wewatekipun

Apa dene wong kang nyata

Ing pangawruh kang wus pasthi.


 Pada (bait) 7

Tinitik ing solah muna

Lawan muni ing laku lawan linggih

Iku panengeran agung

Winawas ginrahita

Pramilane ing wong kuna-kuna iku

Yen amawas ing sujanma

Datan kongsi mindho gaweni.

 

Pada (bait) 8

Ginulang sadina-dina

Wewekane mindeng basa basuki

Ujubriya punkibiri

Sumungah tan kanggonan

Mung sumendhe ing ngarsanira HyangAgung

Ujar sirik kang rineksa

Kautaman ulah wadi.

 

Pada (bait) 9

Masa mengko mapan arang

Kang katemu ing basa kang basuki

Ingkang lumrah wong puniku

Dhengki srei lan dora

Iren meren dahwen pinasten kumingsun

Opene nora prasaja

Jail mutakil bakiwit.

 

Pada (bait) 10

Alaning liyan den andhar

Ing becike liyan dipunsimpeni

Becike dhewe ginunggung

Kinarya pasamuan

Nora ngrasa alane dhewe ngendhukur

Wong mangkono wateknya

Nora kena denpedhaki.

Pada (bait) 11

Iku wong durjana murka

Nora nana mareme jroning ati

Sabarang karepanipun

Nadyan wusa katekan

Karepane nora mari saya banjur

Luwamah lawan amarah

Iku kang den tut wuri.

 

Pada (bait) 12

Ing sabarang tingkah polah

Ing pangucap tanapi lamun linggih

Sungkan asor ambekipun

Pan lumuh kaungkulan

Ing sujanma pangrasane dhewekipun

Nora nana kang memadha

Angrasa luhur pribadi.

 

Pada (bait) 13

Aja nedya katempelan

Ing wewatek kang tan panates ing budhi

Watek rusuh nora urus

Tunggal lawan manusa

Dipun sami karya labuhan kang patut

Darapon dadi tuladha

Tinuta ing wuri.

 

Pada (bait) 14

Aja lunyu lemer genjah

Angrong pasanakan nyumur gumuling

Ambubut arit puniku

Watek datan raharja

Pan wong lunyu nora pantes dipunenut

Monyar-manyir tan anteban

Dela lemeran puniki.

Pada (bait) 15

Para penginan tegesnya

Genjah iku cak-cekan barang kardi

Angrong pasanak liripun

Remen ulah miruda

Mring rabine sadulur miwah ing batur

Mring sanak myang prasanakan

Sok senenga den ramuhi.

 

Pada (bait) 16

Nyumur guling linira

Ambeladhah nora duwe wewadi

Nora kene rubung-rubung

Wewadine den umbar

Mbuntut arit punika pracekanipun

Ambener ing pangarepan

Nanging nggarethel ing wuri.

 

Pada (bait) 17

Sabarang kang dipun ucap

Nora wurung amrih oleh pribadi

Iku labuhan patut

Aja na nedya nulad

Ing wateking nenem prakara punika

Sayogyane ngupayaa

Lir mas tumimbul ing warih.

 

 E.         Negesi Tembung ing Tembang Serat Wulangreh pupuh Pangkur

Supaya bisa mangerteni isine tembang, kudu bisa mangerteni tegese tembung-tembung kang dianggo ing tembang kasebut, tuladhane :


Pada 1

Sekar pangkur kang winarna

Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

Ala lan becik puniku

Prayoga kawruhana

Adat waton puniku dipunkadulu

Miwah ingkang tata krama

Den kaesthi siyang ratri.

 

Kata-kata yang dianggap sulit:

winarna                 = wujude

lelabuhan              = pangorbanan

prayoga                 = becike

kawruhana           = ngertenana

adat waton           = adat, kabiasan

dipunkadulu         = dingerteni, digatekakae

miwah                    = karo, lan

den kaesthi           = dieling-eling

siyang                    = awan

ratri                         = bengi

Pada 2

Deduga lawan prayoga

Myang watara reringa aywa lali

Iku parabot satuhu

Tan kena tininggala

Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku

Angucap meneng anendra

Duga-duga nora kari.

 

Kata-kata yang  dianggap sulit:

deduga                   = panyangka

myang                   = marang

reringa                    = kira-kira

aywa                      = aja

parabot                  = piranti, cara

tan                          = aja

nendra                   = turu

aja kari                  = aja ditinggal

 

 

Pada 3

Miwah ta sabarang karya,

ing prakara gedhe kalawan cilik,

papat iku datan kentun,

kanggo sadina-dina,

rina wengi neng praja miwah ing dhusun,     

kabeh kang padha ambekan,

papat iku aja lali.

 

b. Kata-kata yang  dianggap sulit:

miwah                    = karo/kanggo

sabarang               = sakabehe

karya                     = perkara

prakara                  = perkara

datan kentun        = aja kolalekake

praja                      = kutha


F. Isine Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

Isine yaiku:

1. Bab tatakrama

2. Bab piwulang kanggo mbedakake ala lan becik.

3. Bab piwulang cara ndeleng watake manungsa kang mapan ing alam donya iki.


G. Isine Tembang  ing Serat Wulangreh Pupuh Pangkur pada (bait) 1, 2 lan 3

1. Pada (bait) 1

Sekar pangkur kang winarna

Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

Ala lan becik puniku

Prayoga kawruhana

Adat waton puniku dipunkadulu

Miwah ingkang tata krama

Den kaesthi siyang ratri.


Isine:

Wewarah iki kaemot (dimuat) anan ing tembang Pangkur, becike kok mangerteni, bab pengabdian marang panguripan, bab apik lan ala kudu dimangerteni uga, perlu uga dimangerteni adat lan aturan, saben dinane awan lan bengi aja nglalekake tatakrama.


2. Pada (bait) 2

Deduga lawan prayoga

Myang watara reringa aywa lali

Iku parabot satuhu

Tan kena tininggala

Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku

Angucap meneng anendra

Duga-duga nora kari.


Isine:

Panyangka kang becik, akeh sithik pada cubriya (curiga) ora kena dilalekake, embuh iku nalika isih melek, lungguhan, tangi turu, mlaku, meneng, ngomong lan nalika turu, kabeh iku aja nganti nglalekake akal lan pikiran.


3. Pada (bait) 3

Miwah ta sabarang karya,

ing prakara gedhe kalawan cilik, 

papat iku datan kentun, 

kanggo sadina-dina,

rina wengi neng praja miwah ing dhusun,

kabeh kang padha ambekan, 

papat iku aja lali.


Isine:

Kanggo semubarang tindak tanduk, ing perkara kang gedhe lan cilik, papat iku aja keri, kanggo saben dinane, awan bengi ana ing kutha lan ing desa, kabeh kanggo kang isih ambegan/urip (bernafas), papat kuwi aja lali.


 

  


 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII

MATERI IX _ GASAL SANDIWARA

Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi