MATERI KELAS IX SEMESTER GASAL TEKS PIWULANG SERAT WULANGREH PUPUH DHANDHANGGULA
A. Serat
Wulangreh
Tembung wulangreh asale saka
tembung wulang lan reh. Tembung wulang tegese ajar, pitutur. Dene tembung reh
tegese tingkah laku utawa pratingkah. Dadi tembung wulangreh bisa ditegesi
pangajaran utawa pitutur babagan pratingkah/tingkahlaku.
Serat Wulangreh iku anggitane Sri
Susuhunan Pakubuwana IV saka Kraton Surakarta Hadiningrat. Panjenengane
nganggit serat piwulang Wulangreh ing taun 1741 Masehi, Serat Wulangreh kang
kaanggit, diwujudake ing tembang Jawa yaiku ana 13 pupuh. (Dhandhanggula,
Kinanthi, Gambuh, Pangkur, Maskumambang, Dhudhuk Wuluh/Megatruh, Durma,
Wirangrong, Pocung, Mijil, Asmaradana, Sinom, lan Girisa).
B. Serat
Wulangreh Pupuh Dhandhanggula
Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula
iki minangka pupuh kang angka 1 (pertama) saka kabehe 13 pupuh kang ana ing
serat Wulangreh.
Serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula iki ana 8
pada (bait) tembang, yaiku :
Pada (bait) 1
Pamedare wasitaning ati
Cumanthaka aniru Pujangga
Dhahat mudha ing batine
Nanging kedah ginunggung
Datan wruh yen keh ngesemi
Ameksa angrumpaka
Basa kang kalantur
Tutur kang katula-tula
Tinalaten rinuruh kalawan ririh
Mrih padhanging sasmita.
Pada (bait) 2
Sasmitaning ngaurip puniki
Apan ewuh yen nora weruha
Tan jumeneng ing uripe
Akeh kang ngaku-aku
Pangrasane sampun udani
Tur durung wruh ing rasa
Rasa kang satuhu
Rasaning rasa punika
Upayanen darapon sampurna ugi
Ing kauripanira.
Pada (bait) 3
Jroning Kur’an nggonira sayekti
Nanging ta pilih ingkang uninga
Kajaba lawan tuduhe
Nora kena den awur
Ing satemah nora pinanggih
Mundhak katalanjukan
Temah sasar-susur
Yen sira ayun waskita
Sampurnane ing badanira
Punika sira anggegurua.
Pada (bait) 4
Nanging yen sira ngguguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing kukum
Kang ngibadah lan kang ngirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing liyan
Iku pantes sira guronana kaki
Sartane kawruhana.
Pada (bait) 5
Lamun ana wong micareng ngelmi
Tan mupakat ing patang prakara
Aja sira age-age
Anganggep nyatanipun
Saringana dipun baresih
Limbangen lan kang patang
Prakara rumuhun
Dalil qadis lan ijemak
Myang kiyase papat iku salah siji
Anaa kang mupakat.
Pada (bait) 6
Nora kena lamun den antepi
Yen ucula sing patang prakara
Nora enak legetane
Tan wurung ningal wektu
Panganggepe wus angengkoki
Nora kudu sembahyang
Wus salat katengsun
Banjure mbuwang sarengat
Batal karam nora nganggo den singgahi
Bubrah sakehing tata.
Pada (bait) 7
Angel temen ing jaman mangkin
Ingkang pantes kena ginuronan
Akeh wong njaja ngelmune
Lan arang ingkang manut
Yen wong ngelmu ingkang netepi
Ing panggawene sarak
Den arani luput
Nanging iya sasenengan
Nora kena den uwor kareping janmi
Papancene priyangga.
Pada (bait) 8
Ingkang lumrah ing mangsa puniki
Apan guru ingkang golek sabat
Tuhu kuwalik tingale
Kang wus lumrah karuhun
Jaman kuna mapan si murid
Ingkang padha ngupaya
Kudu anggeguru
Samengko iki tan nora
Kyai Guru naruthuk ngupaya murid
Dadiya kanthinira.
C.
Negesi Tembung ing Tembang
Supaya bisa mangerteni isine
tembang, kudu bisa mangerteni tegese tembung-tembung kang dianggo ing tembang
kasebut. Apamaneh tembang ing Serat Wulangreh akeh migunakake tembung Jawa kuna
utawa tembung Jawa kraton kang kadhangkala angel dimangerteni tegese.
Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula
pada (bait) 1
Pamedare wasitaning ati,
Cumanthaka aniru Pujangga,
Dhahat mudha ing batine,
Nanging kedah ginunggung,
Datan wruh yen keh ngesemi,
Ameksa angrumpaka,
Basa kang kalantur,
Tutur kang katula-tula,
Tinalaten rinuruh kalawan
ririh,
Mrih padhanging sasmita.
Tegese tembung;
Wasita = pitutur, wewarah
Cumanthaka = lancang
Dahat = banget
Ginunggung = digunggung, dijumlah
Datan = ora
Angrumpaka = ngracik, gawe
Kalantur = nggladrah, kliwat wates
Katula-tula = kalelimbang
Rinuruh = diruruh = dialus
Kalawan = karo
Ririh = lirih, sareh, sabar
Sasmita = polataneng rai (raut muka)
Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula
pada (bait) 2
(Silahkan lihat dan pelajari buku paket Padha Bisa
Basa Jawa 3 halaman 21.
D.
Piwulang Luhur
Piwulang luhur utawa amanat
(nasehat) saka tembang bisa disimpulke sakwise bisa mangerteni isine tembang
mau kang uwis ditegesi tembung-tembunge kang angel.
Tuladhane :
Tegese nganggo basa jawa
ngoko Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula pada (bait) 1, yaiku :
Kudu bisa nata ati, niru
pujangga kalebu lancang/kliwat yen ngelmune isih cethek/rendah, kurang bejane
akeh uwong kang padha ngenjepi (tersenyum sinis) yen kapeksane gawe racikane
tembung kudu dilelimbangi (diimbangi), ditlateni, dipilih sing alus supaya ora
natoni/nglarani wong liya.
Piwulang luhur saka Serat
Wulangreh Pupuh Dhandhanggula pada (bait) 1, yaiku :
Manungsa iku kudu bisa nata ati ora aja lancang waton
melu-melu kudu bisa njaga omongane supaya ora nggawe lara atine/serik wong
liya.
E.
Tembang Macapat.
Tembang macapat iku cacahe ana 11, yaiku : Maskumambang,
Mijil, Sinom, Dhandhanggula, Asmaradana, Kinanthi, Gambuh, Durma, Pangkur,
Megatruh lan Pocung.
Tembang macapat iku beda karo tembang-tembang liyane amarga
tembang macapat duwe paugeran (aturan/ pathokan).
Pathokan/aturan/paugerane tembang macapat yaiku :
1.
Guru
lagu, yaiku tibaning swara(vocal) ing pungkasan gatra.
2.
Guru
wilangan, yaiku cacahing wanda(suku kata) saben sagatra
3.
Guru
gatra, yaiku cacahing gatra/ larik saben sapada/bait.
F.
Tembang Dhandhanggula
1. Pangertene Dhandhanggula
Dhandhanggula iku, asale saka tembung dhandhang lan gula. Tembung
dhandhang sayektine jinise kewan manuk kang saben menclok nyuwara ngao-gaok, umume diarani manuk gagak.
Saka tembung kuwi ndhangndhang ditegesi cewer utawa seneng ngomong ing ngendi
papan. Dene tembung gula tegese
samubarang (segala) kang legi. Dadi miturut saka tembung asale mau Dhandhanggula tegese omongan kang legi/manis.
Adhedhasar saka pangerten kasebut Dhandhanggula
ngemu surasa pitutur kang becik.
2. Pangertene/pathokan (aturan) tembang Dhandhanggula
a. Guru gatra ana :
10 larik/gatra.
b. Guru wilangan :
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7.
c.
Guru lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.
3. Watak tembang Dhandhanggula
Watake tembang Dhandhanggula iku
luwes, seneng, lan gumbira.
G. Nulis/ Gawe Tembang Dhandhanggula
Nalika arep nggawe tembang kudu migatekake
babagan :
a. Nemtokna
temane
Tema minangka punjeraning rembug, tuladhane kang
dadi tema yaiku agama, karesikan, ekonomi, budi pakarti lsp
b. Kudu
nnggatekake Pathokan/paugerane tembang macapat (guru gatra, guru wilangan, lan
guru lagune)
c. Pilihane
tembung (diksi) milih tembung kang endah lan mentes
Komentar
Posting Komentar