MATERI KELAS VIII SEMESTER GASAL TEKS PIWULANG SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH
A. Tembang Macapat.
Tembang macapat iku cacahe ana 11, yaiku : Maskumambang,
Mijil, Sinom, Dhandhanggula, Asmaradana, Kinanthi, Gambuh, Durma, Pangkur,
Megatruh lan Pocung.
Tembang
macapat iku beda karo tembang-tembang liyane amarga tembang macapat duwe
paugeran (aturan/ pathokan).
Pathokan/aturan/paugerane
tembang macapat yaiku :
1.
Guru
lagu, yaiku tibaning swara(vocal) ing pungkasan gatra.
2.
Guru
wilangan yaiku cacahing wanda(suku kata) saben sagatra
3.
Guru
gatra, yaiku cacahing larik saben sapada/bait.
B. Tembang Gambuh
Gambuh iku tambuh,
embuh, kambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh. Tegese Lanteh.
2. Pathokan/paugeran tembang Gambuh
a. Guru gatra :
5 larik/gatra
b. Guru wilangan :
7, 10, 12, 8, 8
c. Guru lagu :
u, u, i, u, o
3.
Watak tembang
Gambuh
Watake tembang Gambuh iku supeketing kakluwargan/akrab, sumadulur.
4.
Tuladhane
tembang Gambuh
Sekar Gambuh
(laras pelog
pathet nem)
2
3 5 5 5 3 5 6
Sekar Gambuh ping catur
6 5 3
2 2 3 5
5 3 5 6
Kang cinatur polah
kang kalantur
2 1 6 12 2 2 2
2 3 1 6 5
Tanpa tutur katula tula katali
1
2 2 2
3 1 2 3
Kadaluwarsa
katutuh
3
5 6 5
3 23 1 2
Kapatuh pan dadi awon
C. Serat Wulangreh
Serat
Wulangreh iku anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana IV saka Kraton Surakarta
Hadiningrat. Panjenengane nganggit serat piwulang Wulangreh ing taun 1741
Masehi, Serat Wulangreh kang kaanggit, diwujudake ing tembang Jawa yaiku ana 13
pupuh. (Dhandhanggula, Kinanthi, Gambuh, Pangkur, Maskumambang, Dhudhuk
Wuluh/Megatruh, Durma, Wirangrong, Pocung, Mijil, Asmaradana, Sinom, lan
Girisa).
D.
Serat
Wulangreh Pupuh Gambuh
Serat
Wulangreh Pupuh Gambuh ana 17 pada (bait) tembang, yaiku :
Pada (bait) 1.
Sekar Gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang
kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
Pada
2.
Aja nganti kabanjur
Sabarang polah kang
nora jujur
Yen kabanjur
sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang
sayektos.
Pada
3.
Pitutur bener iku
Sayektine apantes
tiniru
Nadyan metu saking
wong sudra papeki
Lamun becik nggone
muruk
Iku pantes sira
anggo.
Pada
4.
Ana pocapanipun
Adiguna adigang
adigung
Pan adigang kidang
adigung pan esthi
Adiguna ula iku
Telu pisan mati
sampyoh.
Pada
5.
Si kidang umbagipun
Ngendelaken kebat
lumampatipun
Pan gajah
ngandelaken geng ainggil
Ula ngandelaken iku
Mandine kalamun
nyakot.
Pada
6.
Iku upamanipun
Aja ngandelkaken
sira iku
Suteng nata iya
sapa ingkang wani
Iku ambege wong digung
Ing wasana dadi
asor.
Pada
7.
Adiguna puniku
Ngandelaken
kapinteranipun
Samubarang kabisan
dipundheweki
Sapa bisa kaya
ingsun
Toging prana nora enjoh.
Pada
8.
Ambeg adigang iku
Ngandelaken ing
karosanipun
Para tantang
candhala anyenyampahi
Tinemenan nora
pecus
Satemah dadi geguyon.
Pada
9.
Ing wong urip
puniku
Aja nganggo ambeg
kang tetelu
Anganggowa rereh
ririh ngati-ati
Den kawang-kawang
barang laku
Den waskitha
solahing wong.
Pada
10.
Dening tetelu iku
Si kidang suka ing
patinipun
Pan si gajah lena
patinereki
Si ula ing
patinipun
Ngandelken upase
mandos.
Pada
11.
Tetelu nora patut
Yen tiniru mapan
dadi luput
Titikane wong anom
kurang wewadi
Bungah akeh wong kang
gunggung
Wekasane
kajalomprong.
Pada
12.
Yen wong anom
puniku
Kakehan
panggunggung dadi kumprung
Pengung bingung wekasane
pan angoling
Yen ginunggung
muncu-muncu
Kaya wudun meh
mecothot.
Pada
13.
Dene kang padha ngunggung
Pan sepele iku
pamrihipun
Mung warege wadhuk
klimising lathi
Lan telesing
gondhangipun
Reruba alaning
uwong.
Pada
14.
Amrih pareke iku
Yen wus kanggep
nuli gawe umuk
Pan wong akeh
sayektine padha wedi
Tan wurung tanpa
pisungsung
Adol sanggup
sakehing wong.
Pada
15.
Yen wong mangkono
iku
nora pantes cedhak
mring wong agung
nora wurung
anuntunpanggawe juti
Nanging ana pantesipun
Wong mangkono
didhedheplok.
Pada
16.
Aja kakehan sanggup
Durung weruh tuture
angupruk
Tutur nempil
panganggepe wruh pribadi
Pangrasane keh wong
nggunggung
Kang wus weruh
amalengos.
Pada
17.
Aja nganggo sireku
Kalakuwan kang
mangkono iku
Nora wurung tinitenan
dentiteni
Mring pawong sanak
sadulur
Nora nana kang
pitados.
Pada 1
Tembang gambuh
kapapat
Kang diomongake bab
tumindak kang wis keliwat wates
Tanpa
pitutur/nasehat dadi sengsara
Yen wis kliwat
bakale ditutuh (dituduh)
Katutuh dadi kang
ala.
Pada 2
Ajaran kang bener
kuwi
Sabenere patut
diconto/ditiru
Sanajan metu saking
ajaran wong ora duwe
Yen becik anggone
mulang
kuwi pantes yen
digunakake
Isine yaiku:
1.
Manungsa iku
supaya jujur
2.
Manungsa aja nganti duweni watak adigang, adigung, adiguna (sombong)
kang diumpamakake kaya kidang, gajah lan ula. Adigang ateges ngendelaken kuwasa,
adigung ateges ngendelaken kakuwatan, lan adiguna ateges ngendelaken
kapinteran.
3.
Wong enom kuwi aja ugungan lan aja seneng diunggung
(dibombong/disanjung).
Kanggo mangerteni isi tembang Gambuh ing Serat Wulangreh kudu dimangerteni dhisik tegese tembung-tembung kang ana ing sajrone tembang kasebut, diuadhari nganggo basa padinan sing biyasane dianggo ing pasrawungan yaiku basa Jawa ngoko. Sawise ngerti apa tegese tembung-tembung mau banjur didudut (disimpulkan) digoleki isine.
Tuladhane :
A. Serat Wulangreh Pupuh Gambuh pada (bait) 1.
1. Tembang:
Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadaluwarsa katutuh,
Kapatuh pan dadi awon.
2. Arti dalam Bahasa Indonesia:
Sekar gambuh pola yang keempat,
Yang menjadi bahan perbincangan adalah perlaku yang melewati batas,
Tanpa nasehat akibatnya sangat menderita,
Kalau sudah terlanjur akan dituduh,
Berakibat dituduh menjadi buruk.
3. Ditegesi nganggo basa Jawa padinan/ngoko:
Tembang gambuh sing kaping papat.
Kang dadi omongan yaiku tumindak kang kliwat.
Tanpa diomongi bakale sengsara.
Yen wis kliwat diarani.
Bakale diarani elek.
4. Isine :
Pitutur/nasehat supaya aja tumindak kang kliwat saka paugeran/aturan (bisa aturan agama, pemerintah, masyarakat). Amarga yen nganti tumindak sing kliwat wates iku bakale mesthi dadi ala ing ngendi wae.
B. Serat Wulangreh Pupuh Gambuh pada (bait) 2.
1. Tembang:
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos.
2. Arti dalam Bahasa Indonesia:
Jangan sampai kau terlanjur
Dengan tingkah polah yang tidak jujur
Jika sudah telanjur akan mecelakakan dan hal itu tidak baik
Oleh karena itu berusahalah
Nasehat/ajaran yang sebenarnya.
3. Ditegesi nganggo basa Jawa padinan/ngoko:
Aja nganti kliwat
Tumindak kang ora jujur
Yen nganti kliwat mesthi cilaka ora becik
Apike nglakoni kuwi
Pitutur sing bener.
4. Isine :
Aja tumindak sing kliwat yaiku ora jujur kang marai cilaka. Usaha nglakoni pitutur sing apik.
C. Serat Wulangreh Pupuh Gambuh pada (bait) 3.
1. Tembang:
Tutur bener puniku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo.
2. Arti dalam Bahasa Indonesia:
Ajaran yang benar itu
Pantas kau ikuti
Meskipun berasal dari orang yang rendah derajatnya
Namun jika baik dalam mengajarkan
Maka ia pantas kamu pakai.
3. Ditegesi nganggo basa Jawa padinan/ngoko:
Wulangan/omongan sing bener kuwi
Sabenere pantes ditiru/diconto
Sanajan sing ngomong wong cendhek drajate
Menawa apik anggone mulangake
Kuwi pantes kowe gunake
4. Isine :
Omongan sing apik lan bener kuwi patut ditiru, senajan sing ngomong kuwi wong sing ora nduwe (miskin). Yen apik wulangene lan pantes dianggo.
D. Serat Wulangreh Pupuh Gambuh pada (bait) 4.
1. Tembang:
Ana pocapanipun
Adiguna adigang adigung
Pan adigang kidang adigung pan esthi
Adiguna ula iku
Telu pisan mati sampyoh.
2. Arti dalam Bahasa Indonesia:
Ada perkataan (peribahasa)
Adiguna adigang adigung
Diumpamakan adigang itu kijang, adigung diumpamakan gajah
Adiguna itu ular
Ketiganya mati bersamaan
3. Ditegesi nganggo basa Jawa padinan/ngoko:
Ana unen-unen (paribasan)
Adiguna adigang adigung
Adigang diumpakake kaya kidang, adigung kaya gajah
Adiguna kuwi ula
Telu kabeh mati bareng
4. Isine :
Paribasane adigang adigung adiguna (menyombongkan yang dimiliki) kaya kidang, gajah lan ula. Sing bakale ing akhire padha mati kabeh. Sombong itu tidak ada gunanya karena akhirnya akan mencelakakan diri sendiri.
Sawise mangerteni isine tembang saben pada (bait) ing ndhuwur kasebut, awake dhewe bisa njupuk pituture/amanate, menawa manungsa iku:
1. Aja tumindak kang ngliwati wates, utawa aturan yen nganti ngliwati wates bakale sengsara lan dadi elek.
2. Tumindak sing jujur, amarga yen ora jujur bakale cilaka.
3. Niru utawa nyonto sing becik sanajan sing ditiru iku wong ora duwe nanging tumindake apik.
4. Ora usah kumalungkung utawa sombong kang pungkasane/akhire mung gawe cilaka kang bakele bisa gawe mati.
Komentar
Posting Komentar