MATERI IX _ GASAL TEKS DESKRIPSI TENTANG UPACARA ADAT
Teks Deskriptif Tentang Upacara Adat A. Wacana/Karangan Karangan iku ana 5 wujude, yaiku: 1 Karangan narasi utawa crita Narasi utawa crita yaiku sawijining karangan kang ana gegayutane karo kadadiyan kang ditata adhedhasar urutan wektu. Ing karangan iki prastawane kang nyata lan oleh uga prastawa kang ora nyata (imajinatif) 2. Deskripsi utawa gambaran Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudidayane panulis kanggo menehi peprincen-peprincen saka sawijining obyek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane). 3. Eksposisi Eksposisi yaiku sawijining karangan kang maparake sawijining gagasan utawa idhe kanthi menehi katrangan kang jelas. Jenis karangan iki biasane digunakake kanggo menehi informasi marang pamaca...