Teks Serat Wulangreh Pupuh Durma

 

Teks Serat Wulangreh Pupuh Durma

 

A.       Tembang Macapat.

Tembang macapat iku cacahe ana 11, yaiku : Maskumambang, Mijil, Sinom, Dhandhanggula, Asmaradana, Kinanthi, Gambuh, Durma, Pangkur, Megatruh lan Pocung.

Tembang macapat iku beda karo tembang-tembang liyane amarga tembang macapat duwe paugeran (aturan/ pathokan).

Pathokan/aturan/paugerane tembang macapat yaiku :

 1.       Guru lagu, yaiku tibaning swara(vocal) ing pungkasan gatra.

 2.       Guru wilangan yaiku cacahing wanda(suku kata) saben sagatra

 3.       Guru gatra, yaiku cacahing larik saben sapada/bait.

 

B.       Tembang Durma

1.      Pangertene Durma

a.       Durma iku saka tembung (kata) Dur kang tegese mundur lan Ma kang tegese malima (madat main minum madon lan maling). Dadi tembung Durma artine/tegese mundur/nyingkiri saka laku malima (madat main minum madon lan maling).

b.      Nanging ana uga sing negesi menawa tembung Durma iku asale saka tembung Dur kang tegese mundur lan ma kang tegese maju. Dadi durma iku tegese maju-mundur utawa gojag-gajeg, was-was (ragu-ragu) utawa tidha-tidha nglakoni urip.

c.       Pangertene liyane ana sing ngarteke yen durma iku tegese derma (darma) utawa paweweh (sedekah).

2.      Aturan/pathokan/paugeran tembang Durma

a.       Guru gatra        : 7 gatra

b.      Guru wilangan : 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7.

c.       Guru lagu         : a, i, a, a, i, a, a.

(Utawa bisa katulis            :12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a.)

3.      Watak tembang Durma

Watake yaiku galak lan wani.

4.      Makna tembang Durma

Miturut maknane, tembang Durma iku nggambarake manungsa yen wis kecukupan uripe banjur tuwuh rasa welas asih marang liyane kang nandang susah banjur kepingin weweh/derma marang sapadha-padha.

 

C.       Serat Wulangreh

Serat Wulangreh iku anggitane Paku Buwana IV saka Kraton Surakarta Hadiningrat. Panjenengane nganggit serat piwulang Wulangreh iki kanthi ancas/tujuan paring piwulang marang manungsa, embuh enom, embuh tuwa. Anggone paring piwulang marang manungsa kaandharake lumantar serat piwulang kang diarani serat Wulangreh. Serat Wulangreh kang kaanggit, diwujudake ing 13 pupuh tembang Jawa yaiku: 1. Dhandhanggula (8 pada/bait). 2. Kinanthi (16 pada/bait). 3.Gambuh (17 pada/bait). 4. Pangkur (17 pada/bait). 5. Maskumambang (34 pada/bait). 6. Megatruh (17 pada/bait). 7. Durma (12 pada/bait). 8. Wirangrong (27 pada/bait). 9. Pocung (23 pada/bait). 10. Mijil (26 pada/bait). 11. Asmaradana(28 pada/bait)

12. Sinom (33 pada/bait). Girisa (25 pada/bait).

 

D.       Teks Serat Wulangreh Pupuh Durma lan terjemahan ing Bahasa Indonesia.

 


Pada 1

Dipunsami ambanting ing badanira,

Nyudha dhahar lan guling,

Darapon sudaa,

Nepsu kang ngambra-ambra,

Rerema ing tyasireki,

Dadya sabarang,

Karyanira lestari.

 

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Biasakanlah melatih dirimu untuk prihatin dengan mengurangi makan dan tidur agar berkurang nafsu yang mengelora, heningkan hatimu hingga tercapai yang kau inginkan.

 

 

 

Pada 2

Ing pangrawuh lair batin aja mamang,

Yen sira wus udani,

Mring sariranira,

Lamun ana kang murba,

Masesa ing alam kabil

Dadi sabarang,

Pakaryanira ugi.

 

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Janganlah ragu terhadap pengetahuan lahir batin. Jika kau memahami bahwa dalam kehidupan ini ada yang berkuasa, mudah-mudahan keinginan terkabul.

 

Pada 3

Bener luput ala becik lawan beja,

Cilaka mapan saking,

Ing badan priyangga,

Dudu saking wong liya,

Mulane den ngati-ngati,

Sakeh durgama,

Singgahana den eling.

 

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Benar salah, baik buruk, serta untung rugi, bukanlah berasal dari dirimu sendiri , bukan dari orang lain. Oleh karena itu, hati-hatilah terhadap segala ancaman, hindari dan ingat.

 

Pada 4

Apan ana sesiku telung prakara,

Nanging gedhe pribadi, Puniki lilira,

Yoking telung prakara,

Poma ywa nggunggung sireki,

Sarta lan aja,

Nacad kepati pati.

 

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Bukankah ada tiga perkara utana yang akan membesarkanmu,  ketiga perkara tersebut adalah jangan menyombongkan diri, jangan mengejek, dan jangan mencela.

 

Pada 5

Lawan aja maoni sabarabg karya,

Sethithik memaoni,

Samubarang polah,

Tan kena wong kumlebat,

Ing mangsa mengko puniki,

Apan wus lumrah,

Uga padha maoni.

 

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Jangan mengkritik hasil orang lain, sedikit-sedikit mengkritik, segala tingkah orang lain dikritik. Memang jaman sekarang sudah lumrah orang mengkritik.

 

Pada 6

Mung tindake dhewe datan winaonan,

Ngrasa bener pribadi,

Sanadyan benera,

Yen tindake wong liya,

Pasti den arani sisip,

Iku wong ala,

Ngganggo bener pribadi.

 

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Hanya hasil karya sendiri yang tidak dikritik karena merasa paling benar. Meskipun benar, perbuatan orang lain pasti dikatakan salah. Hal itu salah karena kebenaran menggunakan (ukuran) diri sendiri.

Pada 7

Nora nana panggawe kang luwih gampang,

Kaya wong memaoni,

Eling-eling sira,

Aja sugih waonan,

Den sami salajening budi,

Ingkang prayoga,

Sapa-sapa kang lali.

 

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Tidak ada perbuatan yang lebih mudah daripada mengkritik. Kau ingatlah, jangan terlalu sering mengkritik, selalulah berpikir baik.

 

Pada 8

Ingkang eling iku padha angilangna,

marang sanak kanca kang lali,

den nedya raharja,

mangkono tindakira,

yen tan nggugu liya uwis,

teka menenga,

mung aja sok ngrasani.

 

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Dari yang ingat, maka ingatkan. Kepada sanak dan kerabat semoga bahagia. Begitu seharusnya tindakanmu, namun jika tidak diturut, maka diamlah, namun jangan membicaraka.

 

Pada 9

Nemu dosa gawanen sakpadha-padha,

dene wong ngalem ugi,

yen durung pratela,

ing temen becikira,

aja age nggunggung kaki,

meneh tan nyata,

dadi cirinireki.

 

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Kau akan berdosa pada sesama. Begitupun jika kau memuji yang belum kaubuktikan kebenarannya, jangan terburu-buru memuji, Anakku. Karena  jika tidak terbukti malah akan menjadi celaan.

 

Pada 10

Dene kang wus kaprah ing masa samangkya,

yen ana den senengi,

ing pangalemira,

pan kongsi pandirangan,

 matane kongsi malirik,

nadyan alaa,

ginunggung becik ugi.

 

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Adapun yang sering terjadi pada zaman sekarang adalah jika ada orang yang disenanginya maka dipuji setinggi langit sampai matanya melotot, meskipun jelek tetapi tetap dikatakan baik.


Pada 11

Aja ngalem aja mada lamun bisa,

yen uga masa mangkin

iya ing sabarang,

yen nora sinenengan,

den poyok kapati pati,

nora prasaja,

sabarang kang den pikir.

 

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Kalau bisa, jangan memuji atau mencela. Namun kini, jika tidak disenangi maka akan dicela habis-habisan, yang dipikirkan pun bermacam-macam

 

Pada 12

Ngandhut rukun becike ngarep kewala,

Ing wuri angarsani,

Ingkang ora-ora,

kabeh kang rinasanan,

Ala becik den rasani,

tan parah-parah,

wirangronge gumanti.

 

Terjemahan bebas mawa basa Indonesia :

Pada awalnya, berpura-pura baik, tetapi dibelakang dibicarakan yang bukan-bukan, pembicaraanpun berganti (wirangrong merupakan isyarat pergantian pola tembang berikutnya, yaitu wirangrong)


 

E.        Ngancarake Tembang Serat Wulangreh pupuh Durma pada/bait 1, 2 lan 3.

 

Gancaran kuwi ing basa Indonesia diarani prosa. Nggancarake ateges ngowahi tembang dadi gancaran (prosa). Dadi nggancarake padha karo "memprosakan" utawa tembunge liya "memparafrase". Sadurunge gawe gancaran kudu mangerteni cara-carane ngancarake.

Carane ngagancarake mangkene:

1.          Ukara-ukarane tembang kang mawa tembung baliswara kudu diudhari, dhapukane ukara kawolak-walik.

2.          Menawa ana tembung kawi (tembung Jawa kuna) kudu diowahi dadi tembung  Jawa anyar kang lumrah dianggo utawa dirungokake sabendinane.

3.          Menawa ana tembung garba (tembung sandi) kudu diudhari.

4.          Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bisa mbuwang utawa ngilangi tembung sawetara. Mangkana uga tumrap ater-ater lan panambang.

5.          Pada/bait kang sakawit wujud bait-bait, kaewahana dadi paragraf kanthi ejaan kang bener. Nggatekake titik, koma, tandha pitakon, tandha prentah, lan sapanunggalane.

Gancarane Serat Wulangreh pupuh Durma pada/bait 1, 2 lan 3.

Pada 1:

Kulinake awakmu urip lan laku prihatin kanthi cara ngurangi mangan lan turu. Kabeh iku minangka srana kanggo ngurangi hawa nepsumu, yen prelu karo tafakur lan ngeningke cipta nyedhak marang sing gawe urip. Kabeh iku bisa ndadekake kabul/kaleksanan panjangkamu/cita-citamu.

 

Pada 2:

Aja ragu utawa rangu-rangu marang pengetahuan lair lan batin amarga yen sliramu bisa mangerteni, kabeh bisa kasil. Percaya yen ing donya iki ana kang kuwasa lan nitahake urip yaiku kang Murbeng Dumadi/Gusti.

 

Pada 3:

Ala, becik, bener, luput iku saka awakmu dhewe, dudu saka wong liya, mulane urip iki kudu ngati-ngati saka sakabehing pitnah, godha marang sliramu. Kabeh kudu kosingkiri kanthi eling lan waspada.

 

F.        Isi/Amanat (Pesan Moral) Tembang Serat Wulangreh pupuh Durma pada/bait 1, 2 lan 3.

Isine pupuh Durma yaiku carane ngendhaleni hawa nepsu, yaiku dadi wong aja gumedhe/angkuh, aja seneng nyacad utawa maido, lan nyalah-nyalahke/ngritik marang wong liya. Isine tembang iki arupa piwulang kan jumbuh karo nilai-nilai karakter bangsa. Saben pada tembang, isi piwulang luhur kang migunani kanggo manungsa nglakoni urip iki.

 

Pada 1 isine: yen pingin kaleksanan panjangkane manungsa iku kudu kulina laku prihatin nyedhak marang Gusti Allah.

Pada 2 isine: manungsa iku kudu percaya yen kabeh ing donya iki ana ing kuwasane Gusti Allah.

Pada 3 isine: urip iku kudu tansah eling lan waspada sarta ngati-ati amarga la, becik, bener, luput iku saka awake dhewe.

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII

MATERI IX _ GASAL SANDIWARA

Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi