Materi Kelas 9 Semester 2 Teks Geguritan

 

GEGURITAN

A.     Pangertene Geguritan.

Geguritan saka tembung lingga ‘gurita’ yaiku owah-owahan saka tembung ‘gerita’. Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung lingga ‘gita’ kang nduweni teges tembang utawa syair.

Ana uga kang nduweni panemu yen geguritan iku saka tembung lingga ‘gurit’ kang nduweni teges tulisan.

Miturut kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg.

            Utawa bisa didudut menawa geguritan iku wohing kasusastran Jawa anyar awujud syair kang tanpa nganggo paugeran/pathokan tartamtu (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu)

B.     Wujude Geguritan.

Wujude ana 2, yaiku:

               1.        Geguritan Gagrag Lawas/Klasik.

Titikane/ciri-ciri :

a.       Lumrahe diwiwiti tembung: “sun gegurit” utawa “sun anggurit”.

b.      Sapada ngemot 4 gatra utawa luwih (satu bait memuat 4 baris atau lebih).

c.       Cacahing wanda saben gatrane padha ( jumlah suku kata tiap barisnya sama).

d.      Tibane swara ing pungkasane gatra runtut, nggunakake purwakanthi ( jatuhnya suara/vocal tiap barisnya sama berurutan, menggunakan purwakanthi).

               2.        Geguritan Gagrag Anyar/Modern.

Geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerane geguritan gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran Indonesia , mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”. Ananging owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R.Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra.

Titikane/ciri-ciri :

a.      Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.

b.     Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.

c.      Sajak pungkasan mardika/bebas

d.      Isine mentes.

e.      Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa.

 

C.     Unsur Pembangun Geguritan.

Geguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan aweh piwulang, pepeling, sarta pitutur marang wong sing maca. Geguritan kawujud saka tema kang diandharake dadi wujud geguritan. Sajroning geguritan ngemot nilai-nilai utawa amanat kang katujokake marang pamaos.

Unsur-unsur pembangun geguritan iku ana 2 (unsur fisik lan unsur batin), yaiku :

1.      Unsur Fisik, yaiku:

a.       Diksi, yaiku nggatekake lan menehi tekanan basa, utamane babagan tembung-tembung pokok/utama ing geguritan. Ing perangan iki bisa awujud irama lan rima.

b.      Citraan,  yaiku andharan saka panulis supaya gawe sengsem para pamaose.

c.       Majas, yaiku wujud ukara kang bisa narik kawigaten.

d.      Bunyi, yaiku nemtokake tembung-tembung kang digunakake bisa narik kawigaten, mula kudu duwe nilai sastra nanging komunikatif.

e.       Tipografi, yaiku wujud/bentuk geguritan iku bisa narik kawigaten.

2.      Unsur Batin, yaiku:

a.       Tema, yaiku gagasan/ide pokok kang diandharake dening penyair lumantar geguritane. Tema gumantung penyair, mula pamaca akeh sithik kudu ngerteni latar belakang penyaire supaya ora kleru nafsirake tema geguritan kasebut. Mulane tema iku asipat khusus, objektif lan lugas.

b.      Perasaan/rasa pangrasa, yaiku rasa pangrasa kang kepengin diandharake dening pangripta. Nemtokake, nolak, nyarujuki, apa nyengkuyung tumrap rasa iku.

c.       Nada/irama, yaiku kajiwan pujangga nalika ngripta geguritan. Nada njlentrehake sikep pangripta marang riptane. Dadi kanthi nada tinamtu wis bisa nitik kepriye andharane pangripta. Kang kalebu ing perangan iki yaiku irama lan rima. Irama bisa awujud pengulangan tembung kanthi teratur kang nuwuhake glombang swara kang ngasilake swara kang endah. Kanthi ngulang tembung kunci/pokok bisa gawe makna tembung kuwi dadi mbangetake.

D.     Tuladha Geguritan.

1.      Geguritan Gagrag Lawas/Klasik.

Sun Gegurit

Kaanan jaman saiki

Sipat pemudha-pemudhi

Srawunge saya ndadi

Raket wewekane sepi

Tan kadi duk jaman nguni

Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kuna

Priya srawung lan wanita

Gampang ketaman panggodha

Nerak ing laku susila

Temah darbe jeneng ala

Wasanane tibeng papa

 

2.      Geguritan Gagrag Anyar/Modern.

 

SULING

Dening: Tamsir A.S.

 

Suling thethulitan

Awirama kuna

Alelagon kuna

Ngayut-ayut ngelangut

Endah

Ngresepake

Nanging aku gela, aku cuwa

Wis waleh

Nikmati wirama kuna

Aku bisa nyipta

Lelagon lan wirama anyar

Manut siliring angin

Mekroking kembang

Ombaking segara

Nggawa gingsiran

Angrenggani patamanan

Ngikis pesisir, ngremuk ing karang.

Ayo padha lelagon anyar

Wirama anyar

Manut siliring angin anyar.

E.      Negesi Tembung

Saka geguritan kanthi irah-rahan “Suling”, tembung-tembung iki tegese: (Buku Paket Padha Bisa Basa Jawa Kelas IX kaca 74) kanggo latihan/gladhen supaya mangerteni maknane lan isine geguritan kasebut.


1.    Thethulitan

2.    Awirama

3.    Ngayut-ayut

4.    Ngelangut

5.    Ngresepake

6.    Gela

7.    Cuwa

8.    Waleh

9.    Nyipta

10.                        Gingsiran

11.                        Angrenggani

12.                        Patamanan

13.                        Ngikis

14.                        Pesisir

15.                        Wirama


 

F.     Nulis Geguritan.

1.      Carane/trap-trapane/langkah-langkah nulis geguritan, yaiku:

a.       Temtokna luwih dhisik underaning gagasan (tema) kanga rep dirembug.

b.      Yen undheraning gagasan wis ditemtokake banjur dimligekake (spesifikasi).

c.       Tema kang wis dimligi mau gawea cengkorongane (kerangka).

d.      Saben cengkorongan mau udhalen mawa tembung-tembung lan tatanen ing larik-larik.

e.       Kanggo nambahi  endahe, gunakna purwakanthi, baliswara, pepindhan utawa tembung kawi kanthi cara golek ing kamus.

Tuladhane mengkene:

     Bocah-bocah arep nggawe geguritan kanthi tema bencana alam. Bencana alam kuwi rupa-rupa, bisa banjir, gunung mbledhos, lindhu. Pilih salah siji, ateges wis dadi tema sing spesifik. Umpamane mengkene:

a.    Apa sing nyebabake banjir?

b.    Kepriye kedadeane?

c.    Kepriye akibate?

d.    Apa hikmah kang bisa disinau saka kedadean banjir?

 

Cengkorongan banjur diwedharake, dijlentrehake sarana tembung-tembung kang ditata ing larik-larik mangkene:

                 BANJIR BANYU

     Manungsa ora bisa nyegah kekarepane.

     Negor wit-witan sasenenge dhewe.

     Alas-alas entek wit-witane.

     Mung kari suket-suket sing dadi kanca lawase.

 

     Udan sawengi natas.

     Nyirep hawa panas.

     Banyu terus mili ngebaki kali-kali.

     Ora ana sing bisa nyegah.

     Tanggul-tanggul padha bedhah.

     Banyu wiwit mlebu omah.

 

     Wong-wong sing ora dosa.

     Kudu nandhang sengsara lan cilaka.

     Kelangan bandha donya.

     Kelangan raja brana.

     Uga nyawa.

 

     Manungsa padha elinga.

     Jagad iki kudu dijaga.

     Aja kokrusak, kokentekna.

     Marang anak putu ngengehna.

     Supaya bisa urip tentrem, mulya.

 

2.      Pambijining nulis geguritan

Kang dibiji, yaiku:

a.       Judul/irah-irahan jumbuh/sesuai /cocog karo isine.

b.      Anane rima/persajakan

c.       Pamilihing tembung/diksi.

 

G.     Maca Geguritan.

Maca geguritan iku beda karo maca pawarta, kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki:

a.    Olah swara:

1)   Lafal/kedal(pengucapan huruf dan kata)

2)   Intonasi

3)   Wirama lan jeda

b.    Olah raga (obahing perangane awak)

c.    Olah rasa (ekspresi penjiwaan isine geguritan liwat mimik, gerak lan swara)

d.    Olah busana (jumbuh karo kahanan)

 

H.     Materi tambahan Purwakanthi.

Purwakanthi asale saka tembung "purwa" tegese wiwitan lan "kanthi" tegese nggandheng/ nganggo. Purwakanthi tegese nggandheng kang kasebut ing wiwitan, dene kang digandheng iku swarane, utawa aksarane lan bisa uga tetembungane. Panemu liya ngandhakake, purwakanthi yaiku aksara, swara utawa tetembungan kang padha ing sajroning ukara. Ing basa Indonesia diarani bunyi, sajak utawa rima.

Purwakanthi kaperang dadi telu:

1.    Purwakanthi guru swara

    Yaiku purwakanthi sing padha swara ing pungkasaning tembang.

    Tuladha:

    - Sing jujur bakal mujur, sing cidra bakal cilaka. (padha swara "ur" lan "a")

    - Sing ora cepet, ora bakal ngliwet. (pada swara "et")

2.    Purwakanthi guru sastra

    Yaiku puwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben wiwitane wanda utawa tetembungane.

    Tuladha:

    - Saben seba saratane slendhang sampur. (padha aksara "s")

    - Kanthong kula kothong kantun kalih ewu. (padha aksara "k")

3.    Purwakanthi guru basa utawa lumaksita

    Yaiku purwakanthi sing padha tetembungane.

    Tuladha:

    - Bayem arda, ardane ngrasuk busana. (padha tembunge "arda")

    - Rujak kawis, rujake wong ireng manis. (padha tembunge "rujak"

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII

MATERI IX _ GASAL SANDIWARA

Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi