MATERI TEKS DESKRIPSI TENTANG PERISTIWA BUDAYA KELAS 7 SEMESTER 2

 

A.       MATERI

1.      Wacana/Karangan.

Karangan iku ana 5 wujude, yaiku:

a.       Karangan narasi utawa crita

Narasi utawa crita yaiku sawijining karangan kang ana gegayutane karo kadadiyan kang ditata adhedhasar urutan wektu. Ing karangan iki prastawane kang nyata lan oleh uga prastawa kang ora nyata (imajinatif)

b.      Deskripsi utawa gambaran

Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudidayane panulis kanggo menehi peprincen-peprincen saka sawijining obyek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane).

c.       Eksposisi

Eksposisi yaiku sawijining karangan kang maparake sawijining gagasan utawa idhe kanthi menehi katrangan kang jelas. Jenis karangan iki biasane digunakake kanggo menehi informasi marang pamaca.

d.      Persuasi

Persuasi yaiku sawijining karangan kang menehi bukti-bukti nyata lan tujuane ngajak lan menehi pengaruh marang pamaca supaya melu karo sing dikarepake sing nulis.

e.       Argumentasi

Argumentasi yaiku sawijining karangan kang menehi alesan kanggo nguwatake utawa nolak sawijining pendapat utawa idhe (gagasan).

 

2.      Wacana Deskriptif.

Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudidayane panulis kanggo menehi peprincen-peprincen saka sawijining obyek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane). Panulis mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane marang pamaca, tulisane njlentehake sipat lan sakabehe peprincen wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut.

Ancas kang pingin diwujudi dening panulis yaiku ngripta daya kayal pamaca, kaya-kaya pamaca bisa nyawang objek kuwi kanthi wutuh lan cetha.

Sakliyane kuwi pangertene karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang tujuane kanggo nggambarake objek kang sanyatane.

Karangan deskripsi ana 2, yaiku:

a.     Karangan deskripsi objektif, yaiku karangan kang anggone nggambarake objek mau ora dikantheni opini saka panulis.

b.    Karangan deskripsi subjektif, yaiku karangan kang anggone nggambarake objek mau dikantheni opini saka panulis.

Topik-topik kang bisa dikembangake dadi karangan deskripsi, yaiku:

a.     Kahanan ruang.

Tuladhane: ruang sinau, ruang gerbong kelas ekonomi, pos rondha ing desa, lan sapiturute.

b.    Kahanan barang.

Tuladhane: maneka kembang ing Taman Balekambang, Prau-prau ing pelabuhan Tanjung Emas semarang, wujud busana adat Jawa, lan sapiturute.

c.     Proses.

Tuladhane: proses nggawe masker, budhal menyang sekolah, reresik kelas, ngopeni wedhus, lan sapiturute.

Tuladha :

1.      Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. lawange wis ora bisa diinepake, tur teyengen sisan. Rak- rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku - buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono.

2.      Museum Diponegoro

Museum iki manggon ing Magelang, persis ing Jalan Diponegoro no. 1. Gedhunge manggon ing sisih kiwa Pendhapa Karesidhenan Kedu kang dibangun 1810. Ing kene, mbiyen Pangeran Dipanegara (Diponegoro) diapusi dening Walanda. Ing museum iki kasimpen meja kursi kang ana guratane kuku Pangeran Dipanegara, klambi kang ukuran dhuwure 1,57 meter lan ambane 1,35 meter, digawe seka bakal (kain) shantung. Ana uga kitab Tahrib, bale kanggo sholat, 7 (pitung) cangkir, lan maneka warna liyane.

Sumber: Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Keterangan :

Wacana di atas menggambarkan tentang barang-barabg milik pangeran Diponegara yang disimpan di Museum Diponegara, barang yang disimpan antara lain : baju yang tingginya 1,57 meter dan lebarnya 1,35 meter, yang terbuat dari kain Santhung, serta terdapat kitab Tharib, balai untuk sholat, 7 cangkir, dan masih banyak yang lainnya.

3.      Prastawa Budaya

Kedadeyan sing magayutan karo adatsaben kang ana ing masyarakat (budaya masyarakat). Kayata, tetembangan macapat, kenduren, mitoni, merti desa, grebeg maulud lan liya-liyane.

Dadi teks deskripsi babagan prastawa budaya iku teks utawa wacana kang isine nerangake/njlentrehake lumakune kedadeyan lan uga njentrehake/nerangake kaya ngapa budaya sing lumaku kuwi.

4.      Tuladha wacana deskripsi babagan prastawa budaya.

Kenduren

      Wektu iku aku didhawuhi bapak supaya nekani adicara kenduren ing daleme Pak Daryanto, sesepuh ing kampungku. Ing daleme Pak Daryanto, bapak-bapak ing RT- ku wis padha kumpul kanthi  lenggah ing klasa. Klasa kang dilenggahi bapak-bapak iku mau digelar ing ruwang tengah daleme Pak Daryanto. Anggone lenggah mau tumata rapi, lenggah jejer pesagi ngupengi ambeng sing uga ditata jejer. Ambeng-ambeng iku diwadhahi baskom. Ana ing baskom plastik, ana uga sing baskom seng. Ambeng-ambeng iku dumadi saka sega kang dhuwure ditatani lawuh maneka warna. Kanggo misahake sega lan lawuh, ing dhuwur sega diwenehi lemek. Ana sing nganggo lemek kertas, godhong gedhang, utawa plastik. Lawuh-lawuh sing tumumpang ing dhuwur sega mau ditata kanthi rapi. Ana sing wujud jangan ana sing diwadhahi takir, sudhi utawa lepek, dene lawuh gorengan tempe, gereh, peyek,entho-entho (rempah) cukup ditata kanthi rapi mubeng manut wujude lemek. Ing dhuwur lawuh isih diwenehi tutup. Godhong gedhang, serbet, lan koran dadi tutup ambeng-ambeng iku.

      Ing antarane bapak-bapak sing lenggah mau, ana priyayi sing lenggah ing pojok adoh karo lawang omah iku. Priyayi iku rada sepuh ngagem kupluk, ya priyayi iku sing mimpin donga ing kendurenan. Priyayi iku mau lumrah disebut kaum. Lumrahe kaum iku wasis ing bab ilmu agama.

Kaum mau miwiti donga sawise rombongan kenduren dianggep wis kumpul kabeh. Sadurunge donga, kaum ngandharake tujuan dianakake kendurenan. Maksude ora liya nyuwun keslametan, karukunan tumrap warga lan kulawargane sing padha ngumpul.

      Donga rampung, tutup-tutup ambeng dibukak. Kanthi mardika warga kang kumpul padha ngedhap ambeng sing ana ngarepe. Bisa milih ambenge tanggane. Rampung ngedhapi ambenge sing cedhak karo lenggahe lajeng padha kondur.

 

5.      Negesi Tembung

Saka teks deskripsi babagan budaya kanthi irah-rahan “Kenduren” ing ndhuwur kasebut, tembung-tembung iki golekana tegese:

a.    Klasa

b.    Pesagi

c.    Lemek

d.    Jangan

e.    Takir

f.     Priyayi

g.    Kaum

h.    Wasis

i.      Mardika

j.      ngedhap

 

 Ringkesan Wacan.

Tembung ngringkes wacan mesthi wae wis asring krungu, ning bahasa Indonesia ana sing ngarani Sinopsis (ngringkes). Saliyane tembung ngringkes ana maneh tembung-tembung kang meh padha artine yaiku ringkesan, ikhtsar lan Sinopsis. Biasane akeh sing padha bingung mbedakake.

Supaya ora bingung mbedakake, ing ngisor iki bisa dijlentrehake:

      1.       Ringkesan, yaiku gawe ringkesan nanging tetep nganggo basa pengarange, ora nganggo basane dhewe. dadi ukara-ukarane ora kena diowahi nganggo basa liya, dadi tetep baku nganggo basane pengarang.

      2.       Ikhtisar, yaiku gawe ringkesan nanging nganggo basane dhewe. dadi basane pengarang bisa diganti nganggo basane dhewe. Sing penting isine ora owah saka pengarange.

      3.       Sinopsis, yaiku ringkesan utawa ikhtisar karya naratif,bisa fiksi utawa non fiksi, sing dimaksud naratif umpamane filem, cerkak, novel, lsp.

Ngringkes wacan sabenere ora susah, mung kudu sregep latihan. Yen sregep malah bisa dadi penulis profesional. Dadi becik banget tumrape para siswa kang lagi sinau supaya bisa ngerti carane ngringkes wacan, sapa ngerti mbesuk bisa dadi penulis temenan.

Kanggo ngringkes wacan kudu ngerti paugeran kayata:

      1.            Maca wacan kang arep diringkes mau kanthi setiti lan premati.

      2.            Nulis ukara-ukara bakune (pokok kalimat).

      3.            Ngronce (merangkai) ukara-ukara baku mau dadi paragraf kang becik lan gampang dimangerteni..

 

B.   Unggah-ungguh (Basa Krama).

Basa Krama kaperang dadi:

1.   Mudha Krama

Titikane :

a.       Tembunge krama

b.      Ater-ater lan panambang krama

c.       Kacampuran tembung krama inggil lan tembung krama andhap.

Kanggone:

a.       Wong enom marang wong tuwa.

b.      Murid marang guru.

c.       Kanca padha kanca sing during kulina.

d.      Priyayi marang priyayi sababage.

e.       Reh-rehan marang dhuwurane.

Tuladha:

Kala wingi ngantos dangu anggen kula ngentosi panjenengan, nanging panjenengan boten rawuh-rawuh.  Kula kinten panjenengan boten saestu tindak mila kula ngrumiyini.

2.   Kramantara.

Titikane :

a.       Tembunge krama.

b.      Ater-ater lan panambang krama

c.       Tanpa krama inggil utawa krama andhap.

Kanggone:

d.      Tumrap marang sapadha-padha.

e.       Priyayi kang luwih dhuwur tinimbang sing dijak guneman.

Tuladha :

Mangga sami dipunmanah, menapa sebabipun bangsa kita menika dereng saged nata gesangipun. Menawi saged pados arta radi lumayan sampun mindhak kesenenganipun.

3.   Wredha krama

Titikane :

a.       Tembunge krama.

b.      Ater-ater lan panambang ngoko.

c.       Tanpa tembung krama inggil utawa tembung krama andhap.

Kanggone :

Wong tuwa marang wong sing luwih enom nanging isih ngajeni.

Tuladha:

Prayogine nak, sampeyan kedah gadhah idham-idhaman ingkang luhur, supados boten kacuwan benjinge. Amargi tiyang sepuh boten kenging dijagakake salami-lamine.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII

MATERI IX _ GASAL SANDIWARA

Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi