Materi Kelas 8 semester 2 Teks cerita wayang Ramayana lakon Resi Jatayu
TEKS CERITA WAYANG RAMAYANA (RESI
JATAYU)
A.
Wayang.
Wayang yaiku sawijining wujud
seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku :
seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan
sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa pertunjukan
wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Wayang minangka sarana
nggambarake alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prekara, pihak
utawa klompok kang ora cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan
batin, alus lan kasar. Wayang uga dadi sarana ngendhaleni sosial, umpamane
kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar banyolan.
Crita wayang iku minangka
baboning crita ana 2, yaiku:
1. Babad Mahabarata.
Nyaritakake lelakone Pandhawa
karo Kurawa kang sedulur cedhak kang memungsuhan amarga rebutan kraton utawa
negara. Memungsuhan iki dipungkasi kanthi perang gedhe kang diarani perang
Baratayuda.
2. Babad Ramayana.
Nyaritakake lelakone Ramawijaya
kang kepeksa lunga saka kratone/negarane amerga ngleksanani janjine bapake
marang garwa selire. Nalika urip ana ing alas Dhandhaka, Sinta diculik dening
Rahwana raja Alengka.
B.
Unsur
Pembangun Crita
Unsur-unsur pembangun yaiku :
1. Unsur
Intrinsik, yaiku unsur-unsur kang ana ing sanjerone crita, kayata:
a. Irah-irahan/Judul:
minangka tembung/ukara kang ana ndhuwur dhewe.
b. Tema
: minangka ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakune crita.
c. Setting/latar
: minangka latar belakang kang mbantu cethaning lakune crita. Setting/latar iki
ana 3 yaiku:
-
latar wektu (waktu tuladhane esok, jam.., tahun lsp),
-
latar papan/panggonan (tempat tuladhane jeneng negara,
desa utawa papan kaya lapangan, mesjid lsp)
-
latar swasana/kahanan (keadaan tuladhane udan, panas,
sedhih, seneng lsp.)
d. Sudut
Pandhang /punjering crita.
e. Alur/plot,
yaiku rerangkening/cengkorongane prastawa/kedadeyan ing crita. Alus diperang
dadi 2, yaiku alur maju (progresif) lan alur mundur (flashback progresif). Alur
maju yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi
tumuju ing alur crita. Dene alur mundur yaiku, dumadi saka kang ana
sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi.
f. Tokoh/paraga,
yaiku pawongan kan dadi tokoh/paraga ing sakjrone kedadeyan/crita.
g. Penokohan/watak
karakter, yaiku nggambarake karakter kanggo tokoh/paraga. Paraga bisa
dimangerteni karaktere saka : tumindake, ciri fisike, lingkungane lan
skpiturute/dlsb.
h. Amanat/nasehat/pitutur,
yaiku piwulang kanggo kang maca crita.
i.
Gaya Bahasa, yaiku gaya baasa kang digunakake ing crita.
2. Unsur
Ekstrinsik, yaiku unsur pembangune crita kang ana ing sanjabane
crita. Kang ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang.
Unsur-unsur iki bakal mbantu kanggo napsirake surasa/isi sawijining karya
sastra. Tuladhane unsur ekstrinsik: agama, sosial. Politik, budaya, ekonomi
lsp.
C. Pokok-pokok crita
Pokok crita dikenal nganggo rumus
5W + 1 H
1.
What/Apa/Apa.
Panyebab
utawa akibat sawijining kedadeyan crita.
2.
Who/Siapa/Sapa.
Fakta utawa kanyatan sing
jangkep(lengkap) ngenani wong-wong sing ana gegayutane(hubungannya) ing
sajroning crita.
3.
When/Kapan/Kapan.
Wektu
sadurunge utawa sawise prastawa(kejadian) kasebut.
4.
Where/Dimana/Ana
Ngendi.
Ana ngendi papan kedadeyane crita.
5.
Why/Kenapa/Kenangapa
Sebab anane kedadeyan crita.
6.
How/Bagaimana/Kepriye
Kepiye prosese
kedadeyan crita.
D. Teks
cerita wayang Ramayana lakon Resi Jatayu.
RESI
JATAYU
Prabu Dasarata ramane Ramawijaya duwe kanca
sing sing raket jenenge Resi Jatayu minangka rajaning manuk. Resi Jatayu iki
sing meruhi nalika Sinta putra mantune Prabu Dasarata diculik dening Rahwana.
Resi Jatayu banjur ngupaya ngrebut Sinta saka regemaning Rahwana. Nanging Resi
Jatayu kalah kuwat, mula kalah swiwine tugel sengkleh, wulune dibrodholi lan
ditendhang nganti kejet-kejet. Rahwana sansaya cepet lakune anggone nggondhol
Sinta. Sinta kelaran, kabeh perangane awak krasa lara. Satemene pingin uwal saka
sikepane Rahwana nanging malah sansaya kenceng Rahwana anggone ndhikep Sinta.
Wusanane mung bisa nangis melas asih njaluk tulung. Sekar cundhuk mentul,
gelang, kalung padha tiba pating kececer. Sinta digawa menyang negarane Rahwana
yaiku negara Alengka.
Sawentara kuwi ana ing tengahing alas
Dhandhaka, Ramawijaya anggone ngoyak kidang ora bisa kecekel. Rama lan Lesmana
banjur bali nglenthung ora oleh gawe. Iba kagete nalika wis tekan papan
dununge, Sinta wis ora ana. Digoleki, diceluki ora ana wangsulan. Rama sansaya
kaget bareng nemu cundhuk mentul, gelang, kalung padha pating kececer. Ing
pangira, Sinta mesthi diculik. Rama nesu, nanging Lesmana bisa ngreripih lan
nglipur saengga Rama dadi lilih anggone nesu. Kekarone banjur nerusake laku
nggoleki Sinta.
Tumeka
ing panggonane Resi Jatayu kang kahanane menggeh-menggeh lan megap-megap kaya
meh mati nanging isih bisa nyritakake lelakone lan menehi weruh kang nyolong
Sinta, durung nganti rampung Resi Jatayu tumekaning pati. Jalaran wis ora
ketulungan mula Resi Jatayu banjur kaobong dening Rama, keluke geni kumebul
menyang langit sing arahe tumuju menyang negara Alengka lan keprungu swara
tanpa rupa sing isine menehi pituduh carane ketemu Sinta. Ora watara suwe
kekarone banjur padha budhal, sajrone ati ora leren-leren anggone ngalembana
marang lelabuhane Resi Jatayu.
Komentar
Posting Komentar