Postingan

Menampilkan postingan dari 2021

MATERI IX _ GASAL TEKS DESKRIPSI TENTANG UPACARA ADAT

  Teks Deskriptif Tentang Upacara Adat A.        Wacana/Karangan Karangan iku ana 5 wujude, yaiku:         1      Karangan narasi utawa crita Narasi utawa crita yaiku sawijining karangan kang ana gegayutane karo kadadiyan kang ditata adhedhasar urutan wektu. Ing karangan iki prastawane kang nyata lan oleh uga prastawa kang ora nyata (imajinatif)        2.       Deskripsi utawa gambaran Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudidayane panulis kanggo menehi peprincen-peprincen saka sawijining obyek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane).       3.       Eksposisi Eksposisi yaiku sawijining karangan kang maparake sawijining gagasan utawa idhe kanthi menehi katrangan kang jelas. Jenis karangan iki biasane digunakake kanggo menehi informasi marang pamaca...

MATERI IX _ GASAL SANDIWARA

 SANDIWARA A.       Pangertene Sandiwara. Ripta (karya) sastra iku ana kang awujud gancaran (prosa), geguritan (puisi Jawa), lan lakon (drama). Sandiwara kalebu ripta/karya sastra kang disebut lakon/drama. Dadi sandiwara iku padha karo drama kang tegese yaiku salah sawijning karya sastra kang nggambarake crita ngenani uripe manungsa utamane saka konflik kang dialami kanthi pacelathon-pacelathon lan tindak-tanduk ing dhuwur panggung. Sandiwara ana kang kagiarake lumantar radhiyon tv, apadene ing panggung. Tumekaning saiki sandiwara ing radhiyo isih ana kang padha seneng. Apameneh kang digiyarake ana ing tv, seka bocah cilik tena wong tuwa akeh kang padha seneng ndelok nganti kadhangkala malah lali marang kewajibane. B.       Unsur-unsur Intrinsik Sandiwara. Kaya dene crita cekak apadene novel, sajroning sandiwara uga ana unsur-unsur pembangune, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur intrinsik drama/sandiwara yaiku ...

MATERI VIII _ GASAL IKLAN (PARIWARA) DAN MENYAMPAIKAN PESAN

 I. IKLAN (PARIWARA) A.      Pengertian Iklan (Pariwara). Pariwara utawi iklan menika memper pengumuman utawi wara-wara ingkang isinipun naw e kaken barang-barang, utawi jasa, wonten ugi ingkang nindakaken satunggaling bab ingkang prayogi (iklan layanan masyarakat) Iklan inggih menika pangajak ingkang dipuntindakaken kanthi wongsal-wangsul limrahipun dipunbiwaraken (disebarluaskan) mawi medhia cetak lan ugi elektronik. Iklan kalebet salah satunggaling kabar utawi wara-wara kangge masyarakat utawi bebrayan agung kanthi tujuan tiyang ingkang mirengaken utawi maos dados ketarik/kapencut dhateng prodhuk ingkang dipuntawekaken (dipunaturaken). . B.      Jinise Iklan (Pariwara). Iklan dipunbentenaken adhedhasar sifat, tujuan, lan ruang. Adhedhasar sifat , jinis ipun iklan di pun perang dad os 2 (kalih) inggih menika: iklan niaga kaliyan iklan nonniaga. 1.       Iklan niaga di pundamel supa dos masyarak...