MATERI KELAS VIII SEMESTER GASAL TEKS PIWULANG SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH
A. Tembang Macapat. Tembang macapat iku cacahe ana 11, yaiku : Maskumambang, Mijil, Sinom, Dhandhanggula, Asmaradana, Kinanthi, Gambuh, Durma, Pangkur, Megatruh lan Pocung. Tembang macapat iku beda karo tembang-tembang liyane amarga tembang macapat duwe paugeran (aturan/ pathokan). Pathokan/aturan/paugerane tembang macapat yaiku : 1. Guru lagu, yaiku tibaning swara(vocal) ing pungkasan gatra. 2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda(suku kata) saben sagatra 3. Guru gatra, yaiku cacahing larik saben sapada/bait. B. Tembang Gambuh 1. Pangertene tembang Gambuh Gambuh iku tambuh, embuh, kambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh. Teg...