Materi Bahasa Jawa Teks Dialog kelas VII Genap

 

A.       Teks Dialog.

Gatekna teks pacelathon ngisor iki banjur wacanen.

Tema                           : Pariwisata

Judul/Irah-irahan         : Wisata Menyang Tlaga Sarangan

Paraga                          : Puspita, Pak Marga, lan Bu Marga

Kerangka/Cengkorongan Pacelathon (Pokok-pokok isi pacelathon):

a.       Puspita, siswa kelas VII preinan semesteran kepungkur bebarengan karo kanca-kancane siswa kelas VII nganake wisata (study tour) menyang Tlaga Sarangan.

b.      Puspita didangu Bapak lan Ibune bab anggone wisata menyang Tlaga Sarangan.

c.       Puspita ngaturi wangsulan marang pandangune Bapak lan Ibune. (Bapake Puspita asmane Pak Marga)

d.      Puspita wis rampung anggone nulis laporan wisata menyang Tlaga Sarangan.

 

Wisata Menyang Tlaga Sarangan

Pak Marga            : “ Pus, piye critane anggonmu wisata menyang Tlaga Sarangan?”

Bu Marga             : ” Iya Pus, Ibu ya pingin pirsa.

Puspita                 : ”Wah, ngremenaken sanget Pak, sesawangan alamipun endah sanget Bu. Boten namung wisatawan nglebet negari ingkang remen, nanging ugi kathah ingkang saking manca negari.”

Pak Marga            : “Hla iya, endahe kuwi wiwit biyen, Ndhuk! Coba Bapak kepingin pirsa, apa kang kok ngerteni bab Tlaga sarangan kuwi?”

Puspita                 : “O, punika Pak. Tlaga Sarangan mapan wonten ing tapel wates antawis Jawi Tengah kaliyan Jawi Timur, prenahipun wonten ing Magetan sisih kilen ing erengipun redi Lawu. Tlaga Sarangan mapan ing tlatahpegunungan kirang langkung sewu meter saking lumahing toya seganten, mila hawanipun asrep suhunipun antawis 18 dugi 23 derajat Celcius.”

Bu Marga             : “Wah….wah kok apal tenan, Pus?”

Puspita                 : “ Inggih, Bu. Kaleresan kula kala wau damel laporan wisata menyang Tlaga Sarangan.”

Pak Marga            : “Biyen menawa pingin ngubengi Tlaga Sarangan, saliyane ana kang mlaku uga ana kang numpak jaran. Saiki piye Pus?”

Puspita                 : “Inggih taksih wonten Pak, malah wonten bendhi utawi delman. Ing tlaganipun ugi dipuncawisi tetumpakan prau bebek lan prau boat.”

Bu Marga             : “ Kowe jajan apa nang sarangan, Pus?”

Puspita                 : “Sate truwelu kaliyan lonthong, Bu. Eca sanget, dagingipun empuk kaliyan bumbunipun mantep. Kathah sanget tiyang ingkang sade sate truwelu.”

Pak Marga            : “Wingi kok nggawa kaos gambar Tlaga Sarangan lan oleh-oleh sambel pecel barang ta, Pus?”

Puspita                 : “Inggih, Pak. Sanesipun kathah sate terwelu, wonten Sarangan ugi kathah tiyang sade cindera mata arupi kaos, tas, kerajinan asta sanesipun lan sekul pecel. Nalika samanten Bu Guru mundhut angsal-angsal sambel pecel, lajeng kula ndherek tumbas kagem angsal-angsal Ibu kaliyan Bapak.”

Bu Marga             : “Ya, Bapak lan Ibu melu bungah dene sansaya tambah pengalamanmu, Ndhuk. Hmm…wis rampung durung anggonmu gawe laporan wisata?”

Puspita                 : “Inggih, awit pangestunipun Bapak kaliyan Ibu, tugas kula sampun tingkas.”

 

B.       Unggah-ungguh Basa.

Nalika pachelaton/dialog kudu nggatekake bab basa kang digunakake utawa unggah-ungguhe, apa meneh ngendika karo wong sing luwih tuwa.

Basa kang digunakake ana ing Basa Jawa yaiku:

1.      Basa Ngoko

2.      Basa Krama

1.      Basa Ngoko

Basa Jawa kang ngoko iku ana 2, yaiku:

a.        Ngoko lugu/kasar

Titikane :

1)      Tembunge ngoko

2)      Ater-ater lan panambang ngoko

3)      Sesebutan marang wong sing dijak guneman : dika, mang, samang.

Kanggone :

1)      Priyayi cilik marang andhahane

2)      Bakul padha bakul, lsp.

Tuladha :

Dika klebu beja, oleh beras rada memper. Ora kaya aku, esuk-esuk mruput nyang pasar, teka kene ora kumanan. Dodolan ket esuk rung payu blas.

b.      Ngoko alus

Titikane :

1)      Tembunge krama.

2)      Ater-ater lan panambang ngoko.

3)      Sesebutan marang wong kang diajak guneman : Kang salira (keng slira, sampeyan), pangkat utawa peprenahane.

Kanggone :

1)      Priyayi padha priyayi sing wis kulina.

2)      Bojone priyayi marang sing lanang.

3)      Priyayi marang sanake kang kaprenah tuwa nanging asor drajade.

Tuladha :

Sampeyan niku pripun ta m as, kok mung pijer seneng-seneng mawon. Seprika-sepriki kok boten enten sudane.

 

2.      Basa Krama

Basa Krama kaperang dadi 3 yaiku:

a.       Mudha Krama

Titikane :

1)      Tembunge krama

2)      Ater-ater lan panambang krama

3)      Kacampuran tembung krama inggil lan tembung krama andhap.

Kanggone:

1)      Wong enom marang wong tuwa.

2)      Murid marang guru.

3)      Kanca padha kanca sing during kulina.

4)      Priyayi marang priyayi sababage.

5)      Reh-rehan marang dhuwurane.

Tuladha:

Kala wingi ngantos dangu anggen kula ngentosi panjenengan, nanging panjenengan boten rawuh-rawuh.  Kula kinten panjenengan boten saestu tindak mila kula ngrumiyini.

b.      Kramantara.

Titikane :

1)      Tembunge krama.

2)      Ater-ater lan panambang krama

3)      Tanpa krama inggil utawa krama andhap.

Kanggone:

1)      Tumrap marang sapadha-padha.

2)      Priyayi kang luwih dhuwur tinimbang sing dijak guneman.

Tuladha :

Mangga sami dipunmanah, menapa sebabipun bangsa kita menika dereng saged nata gesangipun. Menawi saged pados arta radi lumayan sampun mindhak kesenenganipun.

c.       Wredha krama

Titikane :

1)      Tembunge krama.

2)      Ater-ater lan panambang ngoko.

3)      Tanpa tembung krama inggil utawa tembung krama andhap.

Kanggone :

Wong tuwa marang wong sing luwih enom nanging isih ngajeni.

Tuladha:

Prayogine nak, sampeyan kedah gadhah idham-idhaman ingkang luhur, supados boten kacuwan benjinge. Amargi tiyang sepuh boten kenging dijagakake salami-lamine.


C.       Pokok-pokok/ kerangka Teks Dialog.

Nalika arep nulis nggawe teks pacelathon supaya gampang sakliyane bab basa kang trep/sesuai karo ungah-ungguh (basa ngoko lan krama), kudu nggatekake babagan pokok-pokok/kerangka teks. Sawise kerangka dadi banjur digawe teks dialog/pacelathon. Pokok-pokok utawa kerangka kasebut yaiku:

1.      Irah-irahan/Judul  : ……………………………………

2.      Tokoh/paraga        : Sing guneman/omong-omongan …………………..

3.      Tema                    : Sing dirembug babagan ………………………….

4.      Latar                     :

a.       Wektu       : …………………………...

b.      Panggonan : …………………………….

5.      Basa                      :

a.       Sing omong-omongan nganggo basa ngoko……………….

b.      Sing matur nganggo basa krama………………..

c.       Kang  ngendika nganggo basa ngoko………………..

6.      Alur/urutan           :

a.       …………………………….

b.      …………………………………..

c.       ………………………………………..lan sakteruse.

Tuladhane:

1.      Irah-irahan/Judul  : KOPI WEDHUS

2.      Tokoh/paraga        : Sing guneman/omong-omongan Sugeng lan Slamet.

3.      Tema                    : Sing dirembug babagan omben-omben inovatif kopi.

4.      Latar                     :

a.       Wektu       : Dina Ahad.

b.      Panggonan : Omahe Slamet.

5.      Basa                      :  Nganggo basa ngoko.

6.      Alur/urutan           :

a.       Sugeng mertamu nang omahe Slamet disuguhi kopi.

b.      Rasane kopi

c.       Jenenge kopi

d.      Sebabe kopi dijenengi

e.       Carane gawe kopi

f.       Akibate bubar ngombe kopi

 

D.       Teks Pacelathon/Dialog.

Sawise cengkorongane dadi banjur digawe teks pacelathon kaya ngisor iki:

KOPI WEDHUS

.           Dina Ahad, Sugeng mertamu nang omahe Slamet kanca rakete, disuguhi kopi. Jarene Slamet kopine enak tenan. Sugeng akhire nyruput kopi soale penasaran rasane.

 

Sugeng        : "Iki kopi apa ta ya..kok rasane rada kecut?"

Slamet         : "Iya pancen rada kecut sarane amarga iku kopi istimewa, meh padha karo kopi luwak sing larang regane iku."

Sugeng        : "Ooo..ngono ta, kopi apa jenenge?"

Slamet         : "Iku jenenge Kopi Wedhus le gawe dhewe.."

Sugeng        : "Apa iya, napa kok dijenengi Kopi Wedhus?"

Slamet         : "Soale diolah lewat wedhus, yen Kopi Luwak, sakdurunge diolah, kopine dipangan luwak dhisik. Kopi Wedhus iki ya padha, kopine dipangan wedhus dhisik, terus diolah dadi kopi bubuk.  Mergane aku terinspirasi karo kopi luwak iku, tapi ben gampang aku nganggo wedhus wae."

Sugeng        : "Wedhus gelem mangan kopi ta, Met?"

Slamet         : "Sakjane wedhuse ya ora gelem mangan, kopine tak gerus kasar, trus tak campur suket, mari ngono tak pakakna wedhus.

                     (Sugeng wetenge wis mulai rada mules..)

Sugeng        : "Terus, piye prosese,...Met....?"

Slamet         : "Kopine kan metu bareng telek wedhus, gerusan kopine disaring, dikumbah, terus dipepe sampek gariiiiiing, terus digiling maneh sampek alus. Lha iki kebeneran awakmu sing pisanan nyoba Kopi Wedhus iki, wong ya durung ana sing tak suguhi Kopi Wedhus iki. Aku dhewe arep nyoba, kok ya ora kolu... Piye rasane Kang  Sugeng ,..?"

Sugeng        : "Wooalaaaahhh...diamput Slamet........kamprettt koweee... aseeeemmm koweee..... ambek lambene ndower... ndower...!!! Iki dudu Kopi Wedhus, Met Slamet...... nanging telek wedhus...."

Slamet         : (....ngguyu kemekelen nang njero ati....... Hehehe....)

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII

MATERI IX _ GASAL SANDIWARA

Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi