Materi Bahasa Jawa Teks Dialog Berisi Pesan Kelas VIII Genap

 

 

A.       Teks Dialog.

Dhutanipun Pak Sudrajat

Sawijining dina, wayah bakda Maghrib, Kholil sowan menyang daleme Pak Saguh. Kholil lan Pak Saguh banjur padha ngendikan.

 

Kholil            :              “Kula nuwun, sugeng sonten Pak.”

Pak Saguh     : “Eh, Kholil, ngeneh, ngeneh, njagong njero ngeneh.”

Kholil            : “Inggih Pak, matur nuwun.”

Pak Saguh     :  ”Njanur gunung Lil, ana apa sore-sore ko mrene. Ana apa?”

Kholil            :  ”Inggih Pak. Kula saweg dados dhuta.”

Pak Saguh     :  ” We lah, kaya ana sing penting ya. Wis ngonoh arep matur apa?”

Kholil            :  ”Mugi kepareng matur, kula sowan ing ngarsanipun Bapak, sepisan tuwi kawilujengan sarta ngaturaken salam taklimipun Pak Sudrajat. Kaping kalihipun menawi mboten wonten pambengan satunggal menapa, benjang dinten Slasa Legi, surya kaping 14 Oktober 2014, Pak Saguh katuran rawuh wonten ing dalemipun Pak Sudrajat saperlu ngestreni syukuran nikahipun Uswatun Khasanah.”

Pak Saguh     :  ”Oo kaya kuwe, ya moga-moga ora ana alangan. Lha anu nikah karo sapa kuwe?”

Kholil            :  ”Kaliyan Ngadirin, Pak. Menika lho ingkang nyambut damel wonten Kalimantan.”

Pak Saguh     :  ”Ya sokur nek kaya kuwe, moga-moga bisa dadi keluarga sing ayem tentrem, ndonya akhirat.”

Kholil            :  ”Inggih Pak. Sasampunipun gandheng sampun cekap, kepareng kula nyuwun pamit rumiyin.”

Pak Saguh     :  ”Iya ya sing ngati-ati ya.”

 

B.       Negesi Tembung

Kata-kata yang dianggap sulit:

1.      sowan,rawuh        :  teka

2.      dhuta                    :  utusan

3.      ngestreni               :  nekani

4.      kawilujengan        :  keslametan

5.      pambengan           : alangan

 

C.       Cengkorongan/Kerangka Dialog.

Kanggo gladhen omong-omongan bisa digawe cengkorongan/kerangka luwih dhisik. Gunane yaiku kanggo nggampangake anggone nulis teks pacelathon/dialog lan supaya bisa runtut.

Tuladhane cengkorongan/kerangka pacelathon:

1.      Tokoh/paraga        : Sing guneman/omong-omongan Budi, Siti lan Pak Pujo.

2.      Tema                    : Sing dirembug babagan kasenengan nenandur.

3.      Latar                     :

a.       Wektu       : Dina Ahad awan.

b.      Panggonan : Omahe Siti lan Daleme Pak Pujo.

4.      Basa                      :

a.       Budi lan Siti yen omong-omongan nganggo basa ngoko.

b.      Budi lan Siti yen matur arang Pak Pujo nganggo basa krama.

c.       Pak Pujo  ngendika marang Budi lan Siti nganggo basa ngoko.

5.      Alur/urutan           :

a.       Budi nemoni Siti ing omahe banjur ngajak menyang daleme Pak Pujo.

b.      Siti takon apa keperluane.

c.       Siti pamit marang Ibune, banjur padha budhal

d.      Tekan daleme Pak Pujo uluk salam

e.       Pak Pujo dhawuh supaya mlebu

f.       Pak Pujo takon apa keperluane.

g.       Siti matur apa kang dadi keperluane.

 

D.       Teks Pacelathon/Dialog

Sawise cengkorongane digawe banjur digawe teks pacelathon kaya ngisor iki:

            Dina Ahad awan Budi mara ing omahe Siti, sawise ketemu banjur padha omong-omongan/guneman.

Budi              :  “Sit, ayo dolan nang daleme Pak Pujo.”

Siti                :  “Areng ngapa, ta?”

Budi              :  “Meh nyuwun priksa carane nandur kembang Melathi.”

Siti                :  “Hlo, apa kowe seneng nandur kembang?”

Budi              :  “Iya, aku seneng banget.”

Siti                :  “Ya sik, aku dakpamit Ibu.”

                       (Bocah loro banjur padha budhal menyang daleme Pak Pujo).

Budi lan Siti  :  “Kula nuwun!”

Pak Pujo        :  “Mangga….. Oo.., kowe ta? Ayo padha mlebu kene!”

Budi              :   “Inggih, Pak.”

Pak Pujo        :  “Kene padha lungguh sing kepenak wae. Ana apa, kok kadingaren dha tekan kene?”

Siti                 :  “Inggih, Pak. Maturnuwun. Menika hlo Pak, Budi kepingin nyuwun priksa bab nanem sekar Melathi.”

Pak Pujo        :  “Hla kok kebeneran temen, iki aku ya meh nandur kembang kuwi. Ayo saiki sisan tak genahi carane. ”

Budi              :   “Inggih mangga, Pak.”

  

E.       Unggah-ungguh Basa.

Nalika pachelaton/dialog kudu nggatekake basa kang digunakake utawa unggah-ungguhe apa meneh ngendika karo wong sing luwih tuwa.

Basa kang digunakake ana ing Basa Jawa:

1.      Basa Ngoko

2.      Basa Krama

1.      Basa Ngoko

Basa Jawa ngoko iku uga ana 2, yaiku:

a.       Ngoko lugu/kasar

Titikane :

1)      Tembunge ngoko

2)      Ater-ater lan panambang ngoko

3)      Sesebutan marang wong sing dijak guneman : dika, mang, samang.

Kanggone :

1)      Priyayi cilik marang andhahane

2)      Bakul padha bakul, lsp.

 

 

Tuladha :

Dika klebu beja, oleh beras rada memper. Ora kaya aku, esuk-esuk mruput nyang pasar, teka kene ora kumanan. Dodolan ket esuk rung payu blas.

b.      Ngoko alus

Titikane :

1)      Tembunge krama.

2)      Ater-ater lan panambang ngoko.

3)      Sesebutan marang wong kang diajak guneman : Kang salira (keng slira, sampeyan), pangkat utawa peprenahane.

Kanggone :

1)      Priyayi padha priyayi sing wis kulina.

2)      Bojone priyayi marang sing lanang.

3)      Priyayi marang sanake kang kaprenah tuwa nanging asor drajade.

Tuladha :

Sampeyan niku pripun ta m as, kok mung pijer seneng-seneng mawon. Seprika-sepriki kok boten enten sudane.

 

2.      Basa Krama

Basa Krama kaperang dadi:

a.       Mudha Krama

Titikane :

1)      Tembunge krama

2)      Ater-ater lan panambang krama

3)      Kacampuran tembung krama inggil lan tembung krama andhap.

Kanggone:

1)      Wong enom marang wong tuwa.

2)      Murid marang guru.

3)      Kanca padha kanca sing during kulina.

4)      Priyayi marang priyayi sababage.

5)      Reh-rehan marang dhuwurane.

Tuladha:

Kala wingi ngantos dangu anggen kula ngentosi panjenengan, nanging panjenengan boten rawuh-rawuh.  Kula kinten panjenengan boten saestu tindak mila kula ngrumiyini.

b.      Kramantara.

Titikane :

1)      Tembunge krama.

2)      Ater-ater lan panambang krama

3)      Tanpa krama inggil utawa krama andhap.

Kanggone:

1)      Tumrap marang sapadha-padha.

2)      Priyayi kang luwih dhuwur tinimbang sing dijak guneman.

Tuladha :

Mangga sami dipunmanah, menapa sebabipun bangsa kita menika dereng saged nata gesangipun. Menawi saged pados arta radi lumayan sampun mindhak kesenenganipun.

c.       Wredha krama

Titikane :

1)      Tembunge krama.

2)      Ater-ater lan panambang ngoko.

3)      Tanpa tembung krama inggil utawa tembung krama andhap.

Kanggone :

Wong tuwa marang wong sing luwih enom nanging isih ngajeni.

Tuladha:

Prayogine nak, sampeyan kedah gadhah idham-idhaman ingkang luhur, supados boten kacuwan benjinge. Amargi tiyang sepuh boten kenging dijagakake salami-lamine.

  

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII

MATERI IX _ GASAL SANDIWARA

Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi