Materi Sesorah/Pidato Kelas 9 Semester Genap

 SESORAH

A. Pangertene sesorah/pidato.

Sesorah yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir, lan sapanunggalane Tujuwan baku medhar pangandikan yaiku kanggo ngaturake panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi medhar pangandikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha mangreteni sing diandharake.

Tembung liya pidato, yaiku: sesorah, medharsabda, tanggap wacana.


B. Ancas/tujuan sesorah/pidato.

Saben sesorah kuwi mesthi nduweni ancas utawa tujauan, kayata:

1. Kanggo menehi/mratelakaken informasi.

2. Kanggo menehi hiburan.

3. Kanggo menehi milut/daya pangaribawa (memikat/mempengaruhi) marang para pamyarsa. 


C. Perangan sesorah/pidato

Perangan sesorah/pidato ing antarane yaiku :

1. Pambuka 

Surasane ngandharake salam, mbagekake kang padha rawuh, lan ngucapke syukur marang Gusti. 

2. Surasa/isi

Perangan iki ngemot andharan wigatining sesorah. 

3. Wasana/Panutup

Ing babagan iki diandharake wos wigatining sesorah lan dudutane. Sabanjure ngaturake pangajak marang kabecikan, banjur dipungkasi ngaturake kaluputan anggone ngandharake lan salam panutup.


D. Unsur-unsur (pokok-pokok) sesorah/pidato

Unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah/pidato yaiku 5W + 1H:

1. What: apa temane, apa kang arep diomongake.

2. Who: sapa sing sesorah lan kanggo sapa sesorah kasebut.

3. When: kapan kedadeyane kang dijelaske/diandharake.

4. Where: ana ngendi papan panggonane kedadeyan kang diandharake.

5. Why: kenangapa ana kedadeyan sing diandharake.

6. How: kepriye pungkasane.


E. Maca sesorah/pidato

Nalika nindakake sesorah saliyane perangane kudu ganep, uga kudu nggatekake:

1. Sikep nalika sesorah. 

Yen nalika sesorah kudu ngadeg jejeg, ora mingsat-mingset lan anteng. Dene yen sesorah kanthi lungguh kudu dhag dhadhane dijokake, aja mbungkuk utawa miring (mengkleng). Ing pahargyan adat Jawa nalika ngadeg luwih becik ngapurancang. 

2. Basa 

Basa kang digunakake gampang dingreteni, tembunge saiki komuikatif. 

3. Swara kudu ngarah-arah. 

Upama ana ing njero klas aja seru-seru, watone ngarep ora kebrebegen sing ana mburi krungu. Beda maneh nalika ana ing lapangan utawa papan kang amba lan rame, kudu nyuwara kang seru, isa uga nggunakake panyora swara (sound system).

4. Tema.

Nggatekake tema kang jumbuh karo swasana. Tema iku baku banget dingreteni, amarga anggone ngandharake mengaruhi swara, nada, lan ekspresi. Upamane sesorah temane kamardikan beda karo tema bela sungkawa. 

5. Swasana utawa kahanan. 

Ing babagan iki sesorah kudu nulat wektu kahanan kang ana lan kang dibutuhake. Yen wektu kang disedhiyakake ora suwe anggone sesorah kudu cekak aos. Yen sesorah nalika usum udan ing papan kang tanpa payon kudu anut kahanane.

6. Wayah. 

Wayah iki uga kudu digatekake, sesorah ing wayah awan kudu beda karo ing wayah bengi. Senajan kanthi tema kang padha, upamane sesorah pengetan dina kamardikan wayah awan lan bengi kudu dibedakake. Anggone nyuwara anut wayah, yen bengi aja seru-seru. 

7. Papan. 

Sesorah ing njero kelas mesthi beda nalika sesorah ana ing papan ngibadah. Slaga lan tata carane kudu njumbuhake papane. Yen ing njero klas iku papan pendhidhikan dadi nalika sesorah ngara-arah babagan pendhidhikan. Beda nalika sesorah ing papan ngibadah, kang diandharake mesthine babagan kapitayan lan ibadah. 

8. Audience utawa pamireng. 

Nalika sesorah, pamicara uga kudu nggatekake sapa kang mirengake. Babagan iki gegayutan karo basal an sastrane sesorah. Yen ing sangarepe warga masyarakat iku isa nggunakake basa kang gampang ditampa, tembunge liya komunikatif kang ngaggo waton. Beda maneh nalika sesorah ing madyaning pawiyatan inggil, upamane ing lingkungan kampus prayogane nggunakake basa kang baku lan ilmiah.


F. Tuladha teks Sesorah/pidato.

Sesorah babagan Nebihi Narkoba 

Assalamu'alaikum warahmatullahibarakatuh

    Dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang winantu ing pakurmatan. Bapak ibu guru ingkang kula urmati. Ingkang winantu ing pakurmatan bapak ibu staf karyawan karyawati, dalasan kanca-kanca siswa siswi ingkang winantu ing kabagyan.

    Puji syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun kepareng paring rohmad dhateng panjenengan lan kula, satemah saged pinanggih ing papan mriki kanthi wilujeng. Mugi kasarasan, kawilujengan, miwah kabahagyan katumrapan dhumateng panjenengan dalasan kula.

    Ing kalodhangan punika kangge mahargya dinten BEBAS NARKOBA, kula ngajak dhateng para tamu, mliginipun kanca-kanca siswa siswi, mangga sesarengan sami nyuksesaken program pamarentah ingkang gadhah pangajab BEBAS NARKOBA TAHUN 2013. Awit saking kathahing kedadosan ingkang sampun kaetang, sampun makaping-kaping korban-korban ingkang ngginakaken narkoba tansaya mindhak. Langkung-langkung saking gunggung jiwa ingkang sampun kacathet, 80 % korban punika saking para mudha. Pramila wonten andharan punika, sekedhik badhe kula aturaken sesambetan kaliyan pirembagan ing ngajeng.

    Menawi dipungatosaken saking kedadosan ingkang sampun kelampahan, miturut saking kasunyatan ingkang cetha, kanca-kanca ingkang ngginakaken narkoba punika wiwitanipun namung nyobi-nyobi. Mirsani kanca ingkang ngginakaken punika sajak remen kawontenanipun. Kabithung saking kawontenan kanca ingkang makaten, lajeng boten kiyat imanipun, mlajengipun ketut tumindak kados ngaten. 

    Kajawi saking punika, kanca-kanca ingkang ngginakaken narkoba punika kajawi kaglithuk dening lingkungan, wingkingipun ugi kathah ingkang saking kluwarga ingkang risak. Awit salebetipun kluwarga boten wonten raos njagi setunggal tumrap setunggalipun. Sedaya anggota kluwarga namung nuruti hardaning kanepson, namung menggalihaken karemenanipun kiyambak. Antawisipun tiyang sepuh kaliyan putra boten wonten raos tresna lan asihipun. 

    Bapak ibu ingkang kula urmati, dalasan kanca-kanca ingkang winantu ing kabahagyan. Kajawi saking kados perangan ing nginggil. Lare ingkang kados mekaten punika wingkingipun ugi kathah ingkang saking kluwarga ingkang cekap, langkung-langkung saking kluwarga ingkang tirah. Tiyang punika menawi gadhah arto tirah umumipun bingung anggenipun ngecakaken. Pramila lajeng mlajar dhateng tumindak ingkang boten sae.

    Pramila saking punika panjenengan lan kula kedah saged nebihi tumindak awon ingkang kados mekaten. Mliginipun tumrap kanca-kanca siswa siswi sedayanipun, lare ingkang sampun kecanduan narkoba punika mesthi risak nalaripun. Titikanipun sedaya ingkang dipuntindakaken tansah sulaya. Gampil kesenggol raosipun, nganggep tiyang sanes punika mengsahipun. Boten purun manunggal kaliyan kanca sanesipun. Sampun ketingal nglokro, gampil kesel, gampil sakit, tansah uring-uringan, lan sapanunggalanipun. Malah ingkang sampun mlebet tataran kecanduan, rumaos remen menawi saged milara dhateng dhiri pribadinipun piyambak. 

    Ngengeti kawontenan ingkang kados mekaten, menapa boten miris menawi dipunraosaken. Ningali kemawon sajak boten mentala. Pramila mangga nebihi tumindak ingkang ngginakaken narkoba jinis punapa kemawon. Awit menapa kemawon wujudipun narkoba punika boten prayogi tumrap dhiri pribadi. Ingkang saged ngendhaleni sedayanipun punika kawiwitan dhiri pribadinipun kiyambak. Langkung prayogi ingkang dereng kenging narkoba, ampun ngantos nyobi-nyobi ngangge. Ingkang sampun kelajeng, saged nebihi kanthi ngginakaken cara :

1) Tansah eling dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung.

2) Mungkasi sedaya tumindak ingkang ngosumsi narkoba.

3) Menawi boten saged ngendhaleni kiyambakan, saged pasrah dhateng dokter, supados mangke saged dipundandosi.

4) Tumrapipun kluwarga kedah saged maringi penyengkuyung ingkang awujud materi punapa dene spiritual.

Kanthi nindakaken cara ingkang kados mekaten, mugi-mugi saged minangka satunggaling pambudidaya kangge nebihi sarta ngusadani lare ingkang kenging narkoba.

    Pramila kula ngemutaken dhateng dhiri pribadi kula kiyambak, lan dhumateng kanca-kanca, ampun ngantos dados satunggaling pengguna narkoba, awit narkoba punika pancen ngrisak panjangka lan sedaya kekajengan ingkang badhe dipungayuh.

    Bapak ibu ingkang kula urmati, dalasan kanca-kanca siswa-siswi ingkang winantu ing suka basuki. Cekap semanten atur kula. Sakathahing atur, kula nglenggana kathah kekirangan kula, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten. Ugi kula aturaken maturnwun.

Wassalamu’alaikumwarahmatullahiwabarakatuuh…


Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII

Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi

MATERI TEKS CERITA RAKYAT. KELAS VII SEMESTER GASAL