Materi Pembelajaran Kelas 8 Cerita Legenda

 

A.       Cerita Legenda.

 Jaman biyen para sepuh kuwi pancen pinter dedongeng lan gawe dongeng. Dongeng kang dicritakake ana kang awujud crita kewan, crita wayang, cerita bab-bab sing ana hubungane marang kapercayan, asal-usul sawijining panggonan, lsp.

Crita-crita mau kabeh nduweni kekarepan menehi tetuladhan, pitutur marang para manungsa supaya padha nduweni budi pekerti kang luhur, ora gumedhe, ora kuminter, sing lembah manah, tansah andhap asor lan nduweni tata krama sarta ngajeni mring sasama. Saliyane ngandhut bab pitutur lan budi pakarti, dongeng iku uga ngemu hiburan kang nyenengake minangka panglipur yen ati lagi sedhih, sengkel lan kuciwa.

Cerita dongeng kasebut ing dhuwur bisa kagolongake dadi:

1.      Fabel yaiku cerita kang paragane para kewan kang tindak-tanduke diupamake kaya dene manungsa kang bisa ngomong.

2.      Mithe yaiku dongeng kang ana gegayutane marang bangsa alus, arwahe para leluhur, jin, syetan, lsp.

3.      Legenda yaiku dongeng kang nyeritakake asal-usul utawa kedadeyane sawijining papan utawa panggonan.

 

B.       Unsur-unsur Pambangun Crita

 

a.    Unsur Intrinsik, yaiku unsur crita kang ana ing sajroning crita, kayata:

1)   Irah-irahan yaiku judul crita

2)   Tema, yaiku gagasan pokok sing dadi dhasaring crita

3)   Paraga(tokoh), yaiku uwong utawa tokoh kang ngakoni crita.

4)   Watak(sifat), yaiku watake/sifate para paraga.

5)   Setting(latar), yaiku ana 3,

a)      latar panggonan/papan kedadeyane ing crita.

b)      Latar wektu, kapan kedadeyane ing crita.

c)      Latar kahanan/swasana, kepiye kahanane ing crita.

6)   Amanat/pesen, yaiku pitutur/nasehat utawa pesen saka pengarang penulis crita.

7)   Alur/plot, yaiku: posisi pengarang ing crita.

b.    Unsur Ekstrinsik, yaiku unsur crita kang ana ing sanjabaning crita nanging nduwe pengarung ing dalane crita, kayata ekonomi, sosial, budaya, agama, politik lan liya-liyane.

 

C.       Tuladha teks Cerita Legenda (Asal-usul tempat).

                                                                     Gunung Tidar

Ing Magelang Jawa Tengah, Tidar mujudake gunung kang cilik kang luwih memper gumuk. Senajan mung gunung kang cilik ananging ora kalah moncere saka gunung Merapi utawa Gunung Merbabu. Kon ora moncer piye yen gunung cilik kuwi disebut-sebut dadi pakuning tanah Jawa. Kepriye rarahane nganti Tidar, gunung kang cilik kuwi disebut minangka pakuning tanah Jawa? Salah sawijining sumber nyritakake kaya ing ngisor iki:

Rikala jaman kuna, amarga wujude cilik, Tanah Jawa kuwi kampul-kampul ing tengah laut, kerep ngolah-ngalih amarga katut ombak. Malah kadangkala yen mangsa ombak gadhe pulo Jawa iki kerep ilang amarga temangsang ing pulo-pulone liya kang luwih gedhe. Ngolah-ngalihe Tanah Jawa mau kerep gawe bingunge para dewa kang arep sowan marang Kyai Semar, kacarita ndek jaman semana Kratone Semar kuwi ana ing Tanah Jawa.

Salah sawijining dina, Para dewa ing Khayangan arep padha nganakake rembugan. Ngrembug babagan uripe manungsa ing alam donya iki, gegayutan karo perkara mau para dewa konkonan rewange kanggo marani Semar supaya teka menyang Khayangan saperlu melu rembugan. Anangin merga sewengi ombake gedhe banget, utusan mau ora bisa nemokake pulo Jawa. Utusan mau bali maneh ing kayangan banjur matur bilih pulo Jawa ilang, digoleki ing kiwa-tengene meksa ara ana.

Krungu kabar kaya mau para dewa dadi bingung, eneng ngendi sejatine pola Jawa kiwi keli. Bareng didelok nganggo kaca benggala jebule pulo Jawa mau temangsang ing panggonan kang wujude memper endhas manuk. Nganggo kekuatan ghaibe para dewa pula Jawa ditarik, dibalekake ing panggonane maneh. Bareng pulo Jawa wis mbalik ing panggonane, Semar didawuhi sowan ing Khayangan.

Sak tekane Semar tekan Khayangan, para dewa sida ngrembugake kabeh babagan uripe para manungsa. Perkara ngolah-ngalihe pulo Jawa uga ora lali padha dirembug. Semar ngusulake kepriye yen pulo Jawa kuwi dicancang wae, nanging dicancang karo ngendi yo dheweke isih mikir. Nanging bareng dipikir-pikir, yen dicancang, tali sing kanggo nyancang mau bakal ngalang-alangi lakune menungsa. Ujug-ujug ana dewa kang ngusulake bakal luwih becik yen pulo Jawa kuwi dipaku wae. Krungu usul mau para dewa padha manthuk-manthuk ateges sarujuk.

Para jim dikongkon ngusungi lemah saka Khayangan kanggo maku Tanah Jawa. Kaping pisan dijajal dipaku sisih kulon, bareng dipaku sisih kulon nyatane malah njomplang ngulon. Bareng kulon njomplang banjur sisih wetan kang dipaku, jebul paku ing sisih wetane luwih gedhe dhadekake pulo Jawa njomplang ngetan. Wis dipaku wetan kulon tetep urung kasil, akhire dijajal dipaku ing tengah nganggo paku kang cilik. Kenapa paku cilik? Amarga tengah-tengahe pulo jawa kuwi mbangkek, yen pakune gedhe-gedhe samar nek pulo Jawa malah tugel. Bareng dipaku tengahe, pulo Jawa mau anteng, ora gonjang-ganjing apa maneh njomplang. Paku cilik kuwi awujud gunung, yaiku kang diarani gunung Tidar.

    Manut critane, menawa gunung Tidar kang dadi pakune tanah Jawa mau ilang, ing tanah Jawa iki arep ana banjir bandhang.

 

D.       Isi utawa Amanat saka Cerita Legenda Gunung Tidar.

 Isine:

1.          Menawa ana perkara tansah eling marang sing gawe urip yaiku Gusti Kang Maha Kuwasa.

2.          Ngurmati marang wong liya.

3.          Menawa ana perkara dirampungke kanthi dirembug bebarengan.

4.          Gelem ngupaya kanthi tenanan.

 

E.       Ringkesan Wacan.

  1.  Tembung ngringkes wacan mesthi wae wis asring krungu, ning bahasa Indonesia ana sing ngarani Sinopsis (ngringkes). Saliyane tembung ngringkes ana maneh tembung-tembung kang meh padha artine yaiku ringkesan, ikhtsar lan Sinopsis. Biasane akeh sing padha bingung mbedakake.

Supaya ora bingung mbedakake, ing ngisor iki bisa dijlentrehake:

      1.       Ringkesan, yaiku gawe ringkesan nanging tetep nganggo basa pengarange, ora nganggo basane dhewe. dadi ukara-ukarane ora kena diowahi nganggo basa liya, dadi tetep baku nganggo basane pengarang.

      2.       Ikhtisar, yaiku gawe ringkesan nanging nganggo basane dhewe. dadi basane pengarang bisa diganti nganggo basane dhewe. Sing penting isine ora owah saka pengarange.

      3.       Sinopsis, yaiku ringkesan utawa ikhtisar karya naratif,bisa fiksi utawa non fiksi, sing dimaksud naratif umpamane filem, cerkak, novel, lsp.

Ngringkes wacan sabenere ora susah, mung kudu sregep latihan. Yen sregep malah bisa dadi penulis profesional. Dadi becik banget tumrape para siswa kang lagi sinau supaya bisa ngerti carane ngringkes wacan, sapa ngerti mbesuk bisa dadi penulis temenan.

Kanggo ngringkes wacan kudu ngerti paugerane kayata:

      1.          1.  Maca wacan kang arep diringkes mau kanthi setiti lan premati.

      2.          2. Nulis ukara-ukara bakune (pokok kalimat).

      3.          3.Ngronce (merangkai) ukara-ukara baku mau dadi paragraf kang becik lan gampang dimangerteni..

 

 

B.       Cerita Legenda (Asal-usul tempat).

 

Kutha Magelang

Mataram sing dipimpin Panembahan Senopati minangka pamrentah sing gedhe lan sukses. Nalika Panembahan Senopati pengin njembarake dhaerah, dheweke njaluk panemu saka Ki Gede Pemanahan. Banjur, dheweke sarujuk mbukak alas ing Kedu. Alas kasebut angker lan meh ora kambah manungsa. Miturut masarakat, alas kasebut dikuawsani kerajaan jin karo rajane sing jenenge Jin Sepanjang. Kanggo nelukake Jin Sepanjang, Pangeran Purbaya diangkat dadi Senopati. Pangeran Purbaya lan prajurite Kerajaan Mataram nggunakake pusaka kanggo mbukak alas. Nalika mbukak alas, ana perang gedhe ing antarane tentara Kerajaan Mataram ing pimpinan Pangeran Purbaya lan tentara kerajaan Jin. Kerajaan jin kasil digulingake. Nanging, Raja Jin Sepanjang bisa uwal. Raja Jin Sepanjang arep mbales kalahe mengko. Sauntara kuwi, alas Kedu wis malih dadi desa sing subur kanthi sesawangan sing endah. Ing desa kasebut urip bebrayan, yaiku Kyai Keramat lan garwane Nyai Bogem. Dheweke duwe anak wadon ayu sing jenenge Rara Rambat sing banjur dhaup karo salah sawijining prajurit Kerajaan Mataram sing jenenge Raden Kuning.

Ing sawijining dina, Kyai Keramat katekan wong lanang sing jenenge Santa sing pengin ngabdi. Kanthi seneng, dheweke nampa Santa dadi abdine. Dheweke ora ngerti manawa Santa minangka panjelmane Raja Jin Sepanjang sing arep males dendhame. Iki nyebabake keprihatinan Pangeran Purbaya, mula dheweke langsung nglaporake menyang Panembahan Senopati. Banjur, Panembahan Senopati semedi lan sesambungan karo Ratu Segara Kidul. Sawise tapa, Panembahan Senopati ngaturake saran saka Ratu Segara Kidul marang Pangeran Purbaya. Sabnjure, Pangeran Purbaya nemoni Kyai Kramat. Pancen kaget Kyai Kramat nalika dikandhani manawa abdine sing jenenge Santa yaiku panjelmane Raja Jin Sepanjang sing nyebabake kasusahan tumrap masarakat. Santa, sing krungu omongane Pangeran Purbaya lan Kyai Kramat, mlayu. Kyai Kramat ngoyak dheweke, mula ana perang. Kasunyatane, kekuwatan gaib Santa ngalahake Kyai Kramat nganti Kyai Kramat seda. Pangeran Purbaya sedhih banget amarga tiwase Kyai Kramat lan mrentah supaya ngubur Kyai Kramat ing wilayah kasebut. Wilayah kasebut banjur diarani Desa Kramat. Krungu sédané bojone, Nyai Bogem nesu banget. Dheweke ngoyak Santa lan gelut rame. Nyai Bogem bisa dikalahake karo Santa lan tiwas. Pangeran Purbaya mrentah supaya ngubur  Nyai Bogem ing wilayah sing tilar donya lan dijenengi desa kasebut dadi Desa Bogeman. Sedane Kyai Kramat lan Nyai Bogem nggawe Pangeran Purbaya mrentah Tumenggung Martoyuda supaya nyekel Raja Jin Sepanjang. Nanging, pranyata Prabu Jin Sepanjang bisa ngalahake Tumenggung Mertoyuda. Mertoyuda dikubur ing wilayah sing digawe gelut sing banjur dijenengi Desa Martoyudan. Raden Krincing, sing dadi senopati ing Kerajaan Mataram, rumangsa kepeksa nulungi Raja Jin Sepanjang. Nanging, sayangé dheweke tilar donya. Pangeran Purbaya mrentah supaya ngubur jenazah ing papan perang lan dijenengi papan kasebut ing Desa Krincing.

Sawise sedane Senapati nggawe Pangeran Purbaya saya niat arep nelukake Santa utawa Raja Jin Sepanjang. Dheweke mrentah pasukane supaya nguber Santa. Santa mlayu menyang alas kanggo ngindhani serangan kasebut. Kanthi kekuwatan gaib, Pangeran Purbaya bisa ndeleng Santa saka ndhuwur wit sing dhuwur. Dheweke langsung nyerang Santa, nyebabake gelut sengit. Kasunyatane, kekuwatane Pangeran Purbaya luwih gedhe tinimbang Santa. Pungkasane Santa tiwas ing tangane Pangeran Purbaya. Sanalika, langite dadi ireng amarga tiwase Raja Jin Sepanjang. Nalika Raja Jin Sepanjang ilang lan alon alas dadi padhang maneh. Panggonan sing Santa tiwas banjur diwenehi jeneng Desa Sanpan. Jin Sepanjang ngilang lan malih malih dadi tombak. Pangeran Purbaya ora seneng karo tombak kasebut, amarga asale saka makhluk ala. Dheweke mrentah supaya ngubur tumbak ing lemah. Saiki panggonane diarani Desa Sepanjang.

Paprangan sing ditindakake Pangeran Purbaya lan tentara Mataram nglawan Santa nggunakake strategi gelang. Strategi gelang yaiku ngubengi mungsuh bunder kanthi kenceng utawa tepung gelang. Mula Pangeran Purbaya ngarani papan kasebut Magelang.

 

F.       Ringkesan Cerita Legenda (Asal-usul tempat) Kutha Magelang.

                                                                 Kutha Magelang

Panembahan Senopati sing duwe kekarepan njembarake kerajaan Mataram. Dheweke mrentah putra telu, Raden Purbaya, Raden Kuning, lan Raden Krincing kanggo ngrebut alas Kedu sing dikuwasani dening Raja Jin Sepanjang. Liwat kekuwatane lan kasektene Raden Purbaya sing gedhe, dheweke bisa ngalahake raseksa kasebut. Pangepungan sing ditindakake prajurit Mataram nglawan Raja Jin Sepanjang sing cedhak banget lan kondhang diarani 'Kepung Gelang' sing tegese pangepungan bunder raket kaya gelang. Nganti saiki papan panggonan pangepungan diarani Magelang.

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII

MATERI IX _ GASAL SANDIWARA

Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi