materi bahasa jawa kelas XI

pocung
1.      Pangertene tembang Pocung
Pocung iku mucung, pinucung, kluwak, lan tembung kang duwe wanda cung. Tegese kaluwak utawa pucuk. Anggitane Kanjeng Sunan Giri kanggo selingan nalika lagi luntur kekarepane. Duwe pangrasa kang kepenak/bebas.
2.      Pathokan tembang Pocung
POCUNG
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
12
u
4
6
a
8
i
12
a
3.      Watak tembang Pocung
Watake tembang Pocung iku sakepenake ati, lucu, lan ngguyokake. Cocok kanggo nggambarake bab-bab kang ngguyokake lan mung geguyonan, lan sapiturute.
4.      Makna tembang Pocung
Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake nalika mayit/jenazah wiwit dipocong/dikafani; lan watak tembange yaiku sembrana lan sakepenake dhewe. Tegese wong kang seda bakal lali saapa-apane, lan turune sakepenake gumantung karep saka sanak kadang kang isih urip.
5.      Tuladha tembang Pocung

6
6
5
3
!
!
!
2
6
6
5
3
ngèl-
mu
i-
ku
ka-
la-
kon-
e
kan-
thi
la-
ku
!
2
6
3
2
1






lê-
kas-
e
la-
wan-
kas






1
2
1
3
2
1
2
y




tê-
gês-
e
kas
nyan-
to-
sa-
ni




y
1
2
3
2
2
1
y
3
j56
3
2
sê-
tya
bu-
dya
pa-
ngê-
kês-
e
dur
ang-
ka-
ra

gambuh
1.       Pangertene tembang Gambuh
Gambuh iku tambuh, embuh, kambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh. Tegese Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa (raseksa) ing jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh (tegas/galak).
2.       Pathokan tembang Gambuh
GAMBUH
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
7
u
5
10
u
12
i
8
u
8
o
3.       Watak tembang Gambuh
Watake tembang Gambuh iku supeketing kakluwargan/akrab, sumadulur. Ngandharake tantangan kang kereng. Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.
4.       Makna tembang Gambuh
Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik dewasa utawa pribadii kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan batin, kluwarga lan masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur, anggenah-nggenahake utawa tansah menehi pangerten. Pancen lumrahe piyayi sepuh tansah isa njumbuhake panguripane lan seneng aweh pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora bot sisih. Makna sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh marang sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan perkara ing sajroning kluwarga kang saya abot lan maneka warna.
5.       Tuladha tembang Gambuh
3
5
5
5
5
3
j56





sa-
mêng-
ko
ing-
sun
tu-
tur





6
5
3
2
2
3
5
5
3
j56


sêm-
bah
ca-
tur
su-
pa-
ya
lu-
mun-
tur


3
2
y
j12
2
2
2
2
3
1
y
t
dhi-
ngin
ra-
ga
cip-
ta
ji-
wa
ra-
sa
ka-
ki
1
2
2
2
3
1
2
3




ing
ko-
no
la-
mun
kê-
tê-
mu




3
5
6
5
3
j23
1
2




tan-
dha
nu-
gra-
ha-
ning
Ma-
non




NOVEL
1.       Pangertene novel
Novel yaiku salah sawijining wujud sastra. Novel iku crita fiksi awujud tulisan utawa rerangkening tembung-tembung lan duwe unsure intrinsic lan ekstrisik. Sawijining novel umume nyritakake babagan lelakon uriping manungsa ing bebrayan agung sesambungan karo sapepadhane. Sajroning novel, pangrakit marsudi kanthi temen supaya isa narik kawigatene pamaos marang gegambaran utawa andharan ngenani panguripan kang sanyatane lumantar crita kang kamot ing sajroning novel.
Miturut sawenehe kasusastran modern, novel iku luwih prasaja tinimbang karo karya sastra liyane. Novel luwih prasaja anggone jlentrehake crita, alur crita lan paraga kang dicritakake ora ngayawara among digawe luwih cekak lan aos.
Saperangan pangerten wis diandharake dene novel iki wujud kasusastran kang paling popular. Wujud sastra iki luwih akeh pandhemene tinimbang karo wujud sastra liyane, amarga meh ing ngendi papan mesthi ana pawongan kang seneng maca novel. Novel iku wujud karya sastra kang ngemot piwulang budaya, sosial, moral, lan pendidikan. Novel minangka karya sastra kang ngemot rong unsure yaiku unsur intrinsic lan ekstrisik kang kalorone sinambungan kang ngendhaleni karakite karya sastra. Novel uga karya sastra kang awujud prosa kang ngemot unsur intrinsik.
2.       Unsur novel
Unsur-unsur pembangun novel (tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang, lan konflik), wos surasane crita, lan gawe ringkesan.

CRITA RAKYAT
1.       Pangertene crita rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku. Crita rakyat ing tanah Jawa iki akeh wewujudane, ing antarane legendha, dongeng, mite lan sapanunggalane. Tuladhane : Andhe-andhe Lumut, Nyai Rara Jonggrang, Bandung Bandawasa, lan sapitirute. Manfaat kang isa dijupuk saka ngrungokake crita rakyat iku yaiku ana pengalaman kang becik saka nulat para tokoh-tokohe.
Ing dhaerahmu mesthi uga ana cerita rakyat kang wis kumandhang. Sejatine ancas utawa tujuwane crita rakyat iku ura mung kaya crita sanyatane, nanging ana pesen kang sinandi ing sajrone crita. Tuladhane : ana crita babagan wit gedhe kang angker lan wingit, wos surasae crita iku ora walaka babagan wit kang angker, nanging kepiye carane para leluhur biyen ben wit-wit gedhe kuwi ora ditegor sasenenge dhewe utawa diregeti sakepenake dhewe. Upamane maneh ana crita yen liwat prapatan kudu ngebel sebab akeh arwah gentayangan sing mapan ana kono. Iku mengku werdi ora kaya sanyatane ana dhemit kang nglambrang, nanging welinge supaya ngati-ati yen liwat prapatan, lan sapanunggalane.
2.       Unsur crita rakyat
Unsur-unsur kang kamot sajroning crita rakyat iku tokoh, alur, setting, amanat/pesen. Ing wulangan iki para siswa bakal gladhen mirengake crita rakyat kang tundhone isa nyritakake maneh marang kanca kanthi basa padinane lan uga isa aweh tanggapan tumrap surasane crita. Upamane ngenani watak tokohe. Mula kang saka iku coba setitekna gladhen ing ngisor iki kang gegayutan karo crita rakyat.

SESORAH/PIDHATO
1.       Pangertene sesorah/pidhato
Sesorah yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir, lan sapanunggalane Tujuwan baku medhar pangandikan yaiku kanggo ngaturake panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi medhar pangandikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha mangreteni sing diedharake.
Peprincening medhar pangandikan iku kaperang ddadi pirang-pirang perangan.
a.        Hamedhar pangandikan kang asipat mratelakaken informasi.
b.       Hamedhar pangandikan kang asipat hiburan.
c.        Hamedhar pangandikan ingkang asipat hamemilut marang para pamyarsa.

2.       Perangan sesorah/pidhato
Perangan sesorah/pidhato ing antarane yaiku :
a.        Pambuka
Surasane ngandharake salam, mbagekake kang padha rawuh, lan ngucapke syukur marang Gusti.
b.       Surasa/isi
Perangan iki ngemot andharan wigatining sesorah.
c.        Wasana/PanutupLead
Ing babagan iki diandharake wos wigatining sesorah lan dudutane. Sabanjure ngaturake pangajak marang kabecikan, banjur dipungkasi ngaturake kaluputan anggone ngandharake lan salam panutup.

3.       Unsur-unsur sesorah/pidhato
Unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah/pidhato yaiku 5W + 1H.

4.       Teknik maca sesorah/pidhato
Nalika nindakake sesorah saliyane perangane kudu ganep, uga kudu nggatekake:
a.        Sikep nalika sesorah. Yen nalika sesorah kudu ngadeg jejeg, ora mingsat-mingset lan anteng. Dene yen sesorah kanthi lungguh kudu dhag dhadhane dijokake, aja mbungkuk utawa miring (mengkleng). Ing pahargyan adat Jawa nalika ngadeg luwih becik ngapurancang.
b.       Basa kang digunakake gampang dingreteni, tembunge saiki komuikatif.
c.        Swara kudu ngarah-arah. Upama ana ing njero klas aja seru-seru, watone ngarep ora kebrebegen sing ana mburi krungu. Beda maneh nalika ana ing lapangan utawa papan kang amba lan rame, kudu nyuwara kang seru, isa uga nggunakake panyora swara (sound system).
d.       Nggatekake tema kang jumbuh karo swasana. Tema iku baku banget dingreteni, amarga anggone ngandharake mengaruhi swara, nada, lan ekspresi. Upamane sesorah temane kamardikan beda karo tema bela sungkawa.
e.       Swasana utawa kahanan. Ing babagan iki sesorah kudu nulat wektu kahanan kang ana lan kang dibutuhake. Yen wektu kang disedhiyakake ora suwe anggone sesorah kudu cekak aos. Yen sesorah nalika usum udan ing papan kang tanpa payon kudu anut kahanane.
f.         Wayah. Wayah iki uga kudu digatekake, sesorah ing wayah awan kudu beda karo ing wayah bengi. Senajan kanthi tema kang padha, upamane sesorah pengetan dina kamardikan wayah awan lan bengi kudu dibedakake. Anggone nyuwara anut wayah, yen bengi aja seru-seru.
g.        Papan. Sesorah ing njero klas mesthi beda nalika sesorah ana ing papan ngibadah. Slaga lan tata carane kudu njumbuhake papane. Yen ing njero klas iku papan pendhidhikan dadi nalika sesorah ngara-arah babagan pendhidhikan. Beda nalika sesorah ing papan ngibadah, kang diandharake mesthine babagan kapitayan lan ibadah.
h.       Audience utawa pamireng. Nalika sesorah, pamicara uga kudu nggatekake sapa kang mirengake. Babagan iki gegayutan karo basal an sastrane sesorah. Yen ing sangarepe warga masyarakat iku isa nggunakake basa kang gampang ditampa, tembunge liya komunikatif kang ngaggo waton. Beda maneh nalika sesorah ing madyaning pawiyatan inggil, upamane ing lingkungan kampus prayogane nggunakake basa kang baku lan ilmiah.


PARIWARA/IKLAN
1.       Pangertene pariwara/iklan
Pariwara/iklan iku sawijining pesen babagan barang/jasa (produk) kang digawe dening prodesen kang diandharake lumantar media (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujokake marang bebrayan agung. Ancase pariwara iku supaya masarakat kesengsem gelem tuku utawa nggunakake barang utawa jasa kasebut.
Ancas pariwara yaiku :
a.        Menehi ngerti masarakat
b.       Ngajak masarakat supaya tuku utawa nggunakake produk kasebut
2.       Perangan pariwara/iklan
Bab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara yaiku :
a.        Ukarane cekak lan aos (singkat jelas)
b.       Basa kang digunakake isa dingerteni utawa ora mbingungake (komunikatif)
c.        Tulisan lan gambare narik kawigaten

3.       Unsur-unsur pariwara/iklan
Unsure iklan ing antarane kayata :
a.        Jeneng barang/jasa kang ditawakake
b.       Alamat produsen
c.        Kahanan barang/jasa kang ditawakake, lsp.

MANTU
 Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
1.       Lamaran
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didadeake garwane calon penganten kakung.
2.       Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresiki jiwa calon penganten. Upacara iki diadani sedina sedurunge ijab kabul lan ditindakake ing daleme calon manten dhewe-dhewe dening wong tuwane.
3.       Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari. Acara iki duwe makna yen wengi sakdurunge acara penganten iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk ing acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sinambi aweh nasihat.
4.       Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pahargyan manten.
5.       Ijab kabul
6.       Upacara panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan di selehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
7.       Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minangka perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
8.       Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.
9.       Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa dadi perangan kulawarga.
10.   Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinanganten sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.
11.   Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minangka perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu saha besan.
12.   Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ing pangkonane penganten putri minangka perlambang paweh nafkah.
13.   Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minangka perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
14.   Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi,
15.   Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
16.   Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara iki, pasangan penganten nampa ucapan selamat saka kanca, kluwarga. uga kabeh sing hadir neng acara iki.

B. Upacara Tempuking Gawe
1. Sajen warna-warna
Sanajan saiki wis akeh sing ora nindakake, amarga ora laras karo piwulang agama lan nalar ilmiah, perlu kawuningan bilih miturut cara kuna, wong Jawa sing duwe gawe mantu wajib gawe sajen utawa pasang sesaji warna-warna. Sing baku bakda pasang tarub, ing ndhuwur tarub disajeni pisang raja setangkep (pisang sanggan tarub), iki kena dilorot bareng karo pambungkare tarub. Gunane sejatine kanggo buwahe sing mbubrah tarub. Dene sesajen sing akeh dhewe: brekatan lan ambengan kendhuri tarub, ndongakake siraman manten supayane mantene sesuk rancag, slamet, lan ora kurang sawiji  apa. Sajen  tumpeng robyong uga dipasang ing pedharingan (senthong tengah), sajen kanggo  kembar mayang, sajen tumpeng mancawarna cilik-cilik kanggo buwangan mubeng desa (dalan mlebu desa, kreteg, buk, prapatan, pratelon, lsp.) werdine iku publikasi menawa duwe gawe mantu. Mula saiki ana sing duwe panemu, lha wong wis nyebar ulem, rak publikasi sajen buwangan kuwi ora perlu, awit mboborosi. Yen pancen mantep ngono, sumangga.
2. Nebus Kembar Mayang
Kembar mayang utawa Kalpataru sepasang kang aran Dewadaru lan Janadaru minangka srana (sajen tuwuhan) kanggo dhauping panganten. Saiki sing gawe lumrahe Pak Kaum (utawa sapa sing didhawuhi Pak Kaum). Sawise kembar mayang dadi ana upacara nebus kembar mayang. Dene reracikaning upacara mangkene:  Sing duwe gawe mintasraya marang piyayi sepuh  sing ing upacara iki dijenengi Ki Wasitajati, supaya ngupaya sekar mancawarna (kembar mayang) minangka srana dhauping putra. Ki Wasitajati nuli mangkat. Tekan nggone sing gawe kembar mayang (ya ing papan saomah kono wae) sing ing upacara iki aran Ki Kumarajati, Ki wasitajati takon ngendi ana kembang mancawarna kanggo srana dhauping penganten? Ki Kumarajati mangsuli yen dheweke duwe, nanging kudu nganggo tebusan. Sawise utusan ngulungake tebusane, kembar mayang diulungake lan kaboyong dening pandhereke Ki Wasitajati (yen Ngayogya ibu-ibu sepuh, yen ing Sala putrid-putri enom) dipapanake ing ngarep pedharingan (senthong tengah). Jaman saiki kembar mayang nuli dipasang ing pedharingan dening sing gawe dhewe (tanpa ana upacara nebus).
3. Midadareni
Bengi ngarepake tempuking gawe (malem ijab) nganti tengah wengi diarani malem midadareni utawa widadaren, awit dipercaya minangka wektu temuruning widadari. Tegese (a) manten wadon dicicil dipaesi (dikerik, dilulur, rambut diratus, lsp.) supaya dadi ayu kaya widadari tumurun lan (b) ana widadari tumurun tenan (juru paese) kang ndadani manten (nganti sesuke ayu mangling kaya widadari tenan). Upacara iki dipirid saka crita Jaka Tarub, sing nalika maesi Nawangsih anake, ngundang widadari Nawangwulan bojone, supaya maesi anake wadon iku, dadi memper widadari. Wujude upacara midadareni para sepuh padha tirakatan lan juru paes nyicil maesi kaya kasebut ing ndhuwur. Kanggo cagak lek bisa dianani macapatan lan sarasehan. Dipungkasi tengah wengi ana upacara Majemukan, yaiku ngrencak sajen kanggo dhahar bengi tumrap sing padha tirakatan iku. Kuwi  mau cara biyen. Dene saiki, midadareni ya mung ketemu sakulawarga, sore (jam wolunan) udakara sakjam banjur dhahar lan bubar, merga olehe maesi manten sesuk-esuk wae. Ateges kaya ora ana midadareni, mundhak marahi sayah lan ngantuk.  Cathetan: “yen biyen, sadurunge midadareni iki, yen manten nglangkahi kakang utawa mbakyune, diarani upacara plangkahan. Yen saiki, sing baku tembunge (pratelane) bilih kakang utawa mbakyu mau nglilani kanthi ekhlas adhine ndhisiki dadi manten.
4. Ijab utawa Akad Nikah,
Sejatine Ijab iki sing paling pokok, awit ya upacara iki sing ngabsahake jejodhoan miturut ukum agama lan negara saengga lanang wadon duwe layang nikah sah. Upacara bisa ditindakake ing KUA (Kantor Urusan Agama) uga bisa ditindakake ing ngomah, kang banjur disambung karo upacara adat sing baku dhewe, yaiku panggihing temanten.
5. Panggih (Temuning Penganten)
Sing baku manten lanang teka ing ngarep tarub, manten wadon methukake. Kembar mayang sing diboyong saka njero (ngetutake manten wadon) disamplukake manten lanang, banjur dibuwang ing prapatan utawa pratelon sing cedhak. Banjur ana rerangkening upacara panggih yaiku:
a. Balang-balangan gantal / sadak
Suruh isi gambir lan injet dilinting ditaleni benang lawe putih kanggo baling-balangan manten lanang lan wadon. Cacahe gantal ana 7, sing 4 dicekel sing wadon (gondhang kasih), sing lanang kebagean 3 (gondhang tutur), banjur kanggo balang-balangan mbaka siji. Werdine: baling-balang katresnan. Suruh lumah lan kurepe beda, nanging rasane padha, dadi lanang lan wadon iku beda nanging padha tresnane.

b. Mecah Antiga
Antiga utawa endhog pitik kampung sing isih mentah, dening ibu juru paes disenggolake bathuke manten lanang lan manten wadon, banjur dibanting nganti pecah. Werdine: pecahing wiji priya lan wanita kang bakal mbabarake turun.
c. Mijiki Sikil
Manten wadon mijiki manten lanang nganggo banyu setaman sing diwadhahi bokor utawa pengaron cilik. Werdine: wong wadon setya bekti marang sing lanang.
d. Kanthen Asta
Yen ana wong loro napak pasangan (rakitan sapi utawa kebo) banjur lagi kanthen asta(gandhengan) nganggo jenthik tangan kiwa (lanang) lan jenthik tangan tengenn (wadon) nuli bebarengan mlaku tumuju ing dhamparing penganten. Werdine:  wis resmi dadi pasangane lan banjur bebarengan nyanggemi kewajiban
e. Tampa Kaya (Kacar-kucur)
Tekan dhamparing panganten, manten lanang ngesok kaya ing kacu gedhe neng pangkone manten wadon. Werdine; wong lanang wajib aweh kaskaya (rejeki) marang sing wadon kanggo kabutuhane bale wisma.
f. Dhahar Walimahan
Sing lanang ngepel sega isi lawuh telung kepelan, mbaka siji diwenehake sing wadon ditampani ing piring, banjur dipangan (telu pisan sethithik-sethithik) disawang sing lanang. Werdine: ngecakake kaskaya kanggo karaharjaning kulawarga.
g. Sungkeman
Manten lanang lan wadon urut-urutan sungkem marang bapa biyunge lan maratuwane. Werdine: wajib bekti marang wong tuwa  lan mara tuwa.

KAWRUH BASA
1.       Purwakanthi
Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.
Tuladha :
Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
Ana dina ana upa, ana awan ana pangan
Ing ukara kasebut ana swara kang runtut saengga kepenak dirungokake yaiku swara “ur”. Ana ing ukara kapindho ana swara kang runtut yaiku swara “a” lan swara “ an”.
Purwakanthi ana werna telu yaiku :
a.        Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane.
Tuladha:
Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati
Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon
Yen gelem obah bakal mamah
b.       Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.
Tuladha:
Para mudha kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon.
Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.
Sluman slumun slamet.
c.        Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa : yaiku purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake. Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara.
Tuladha :
Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam donya.
Witing klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja.
Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.

2.       Parikan
Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg. Tembunge liya parikan iku rerangkening tembung kang awewaton gunggunging wanda, runtuting swara (vokal), lan nganggo pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep (maksud). Ing piwulang basa Indonesia parikan iku diarani pantun.Ciri-cirine :
a.        Cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
b.       Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi (wose).
c.        Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
d.       Parikan bisa kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra.
e.       Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben Sagatra.
Tuladhane :
1.       Parikan kedadeyan saka rong gatra.
        Wajik klethik, gula jawa.
        Kalah dhisik, ora papa.
                        Kutha Kendhal, kali wungu.
                        Ajar kenal, karo aku
        Ngasah arit, nganti landhep.
        Dadi murid, kudu sregep.

2.       Parikan kang kedadeyan saka patang gatra.
Bibi Surip tuku klobot,
Pethuk encik tawa roti.
Uwong urip pancen abot,
Mula becik ngati-ati.

        Jangan kacang jangan kara,
        Kaduk uyah kurang gula.
        Piwelingku mring pra mudha,
        Aja wedi ing rekasa.
3.       Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake. Mung anggone ngandhakake ora kanthi melok, jelas utawa cetha, nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih.Wangsalan ana kang gampang ditegesi, nanging uga ana kang kudu njlimet anggone nggoleki karep kang saknyatane.
Tuladhane :
        (1). Jenang gula, kowe aja lali
        (2). Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh             
        (3). Jangan gori, nganti judheg anggonku ngrasakake
Pratelan ing ndhuwur bisa diarani wangsalan, amarga nitik saka ukarane wis ana wangsulan tumrap cangkriman kang dikarepake, yaiku (1) jenang gula iku arane glali, mula bisa dadi tembung lali, (2) janur gunung iku arane aren, mula bisa dadi tembung kadingaren, (3) jangan gori iku arane gudheg mula bisa dadi tembung judheg.
4.       Basa rinengga
Basa rinengga yaiku basa kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa kang edi peni. Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapake. Racikaning basa kang edi peni karana rinengga-rengga lan warna-warna rerengganing basa. Kajaba marga endahing basa, karangan katon endah marga becik pangrakite, laras pangrumpakane. Iku katon ing prakara runtut lan mathis panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan marga cocog pamilihing tembung.
Upamane, bab anggone migunakake tembung camboran, dasanamaning tembung. Luwih-luwih bab pamilihing tembung lan kridhaning swara ing sajroning ukara. Kadhang kala endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa. Upamane, bab pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing istilah Jawa ana kang ingaran purwakanthi. 

AKSARA REKAN
1.       Aksara Rekan
·         Aksara rekan kanggo nulis aksara konsonan saka tembung manca.
·         Aksara rekan isa dadi pasangan lan diwenehi sandhangan.
Wujude
Arane
Tuladhane
Aksara latin
k+
Kh
k+lB|
Khalbu
p+
f/v
p+[p+orit\
Favorit
f+
Dz
af+n\
Adzan
g+
Gh
[g+oairul\
Ghoirul
j+
Z
[j+b]
Zebra
s+
Sy
su+ku/
Syukur
AKSARA MURDA
Aksara Murda
Aksara murda cacahe ana 7, digunakake kanggo nulis jeneng, gelar, jeneng panggonan lan jeneng lembaga. Carane nulis saben satembung sa-aksara ing wanda ngarep dhewe yen ora ana ngarep dhewe isa ing wanda candhake.
Wujude
Jenenge
Tuladhane
@
Ka
Jaka Tingkir : j@#=iki/
!
Na
Nigeria : !i[griyh
#
Ta
Praja Mataram : %]jmtrm\
$
Sa
Sarjana pendidikan : $/jnpenFifikn\
*
Ba
Balai Kota : *lai[kot
%
Pa
Diponegara : fi[%onegr
&
Ga
Gang Gajah Mada : g=&jhmf

Komentar

Postingan populer dari blog ini

MATERI BAHASA JAWA KELAS XII

MATERI IX _ GASAL SANDIWARA

Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi