materi bahasa jawa kelas x
LAMPIRAN
1.
Pangertene
tembang Pangkur
Miturut
maknane, tembang Pangkur iku nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang wus
ngungkurake babagan kadonyan. Watake semangat, perwira: tegese kanthi temen
anggone ngedohi hawa nepsu ing kadonyan, supaya ora ngganggu anggone urip.
Atine wis menep, resik, ora grusa-grusu, lan tansah nengenake ngibadah
nyedhakake mring Gusti Kang Maha Kawasa.
2.
Pathokan tembang Pangkur
|
PANGKUR
|
||
|
Guru wilangan
|
Guru lagu
|
Guru gatra
|
|
8
|
a
|
7
|
|
11
|
i
|
|
|
8
|
u
|
|
|
7
|
a
|
|
|
12
|
u
|
|
|
8
|
a
|
|
|
8
|
i
|
|
3.
Watak tembang Pangkur
Watake tembang Pangkur iku madhep
manteb, banter, nesu. Cocok kanggo ngandharake pitutur, katresnan, crita kang
nyata, lan sapiturute.
4.
Makna tembang Pangkur
Pangkur iku maksude buntut. Karangane Kanjeng Sunan
Muryapada. Duwe makna nggambarake mangsa nalika wis kliwat umur kang
ngungkurake kadonyan, isa ngendhaleni tumindak lan nepsu-nepsu kang ala. Kang
dipikir among tembe mburine nalika sowan ing ngarsa Gusti, lan golek memanising
pati.
5.
Tuladha tembang Pangkur
Slendro Manyura
|
3
|
5
|
5
|
5
|
3
|
3
|
3
|
3
|
|
|
|
|
|
ming-
|
kar
|
ming-
|
kur
|
-ing
|
ang-
|
ka-
|
ra
|
|
|
|
|
|
3
|
5
|
5
|
6
|
1
|
1
|
1
|
1
|
2
|
3
|
3
|
|
|
a-
|
ka-
|
ra-
|
na
|
ka-
|
re-
|
nan
|
mar-
|
di
|
si-
|
wi
|
|
|
5
|
6
|
!
|
!
|
!
|
!
|
2
|
2
|
|
|
|
|
|
si-
|
na-
|
wung
|
rês-
|
mi-
|
ning
|
ki-
|
dung
|
|
|
|
|
|
!
|
6
|
5
|
5
|
5
|
5
|
5
|
|
|
|
|
|
|
si-
|
nu-
|
ba
|
si-
|
nu-
|
kar-
|
ta
|
|
|
|
|
|
|
3
|
5
|
5
|
6
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
2
|
3
|
3
|
|
mrih
|
krê-
|
tar-
|
ta
|
pa-
|
kar-
|
ti-
|
ning
|
ngèl-
|
mu
|
lu-
|
hung
|
|
y
|
y
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
|
|
|
|
|
kang
|
tum-
|
rap
|
ing
|
ta-
|
nah
|
Ja-
|
wa
|
|
|
|
|
|
1
|
2
|
3
|
1
|
2
|
3
|
3
|
j21
|
|
|
|
|
|
a-
|
ga-
|
ma
|
a-
|
gem-
|
ing
|
a-
|
Ji
|
|
|
|
|
1. Pangertene crita
cekak
Crita iku dumadi adhedhasar saka urutan sawijining
kedadeyan utawa prastawa. Sajroning kedadeyan iku, ana tokoh (pirang-pirang
tokoh) lan tokoh iku nglakoni sawijine utawa rerangkening konflik utawa
cecongkrahan. Kedadeyan, tokoh, lan konflik iku sawijining unsur pokok crita,
lan katelune kanthi nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku
kudu duwe alur.
Semono uga crita cekak, uga dumadi saka urutan
sawijining kedadeyan utawa prastawa, kang nyata utawa fiktif. Kang mbedakake
karo crita liyane, cerkak iku dicritakake sepisan rampung, lan wis isa nuduhake
karampungane crita. Mula ing padatan cerkak mung tinulis kanthi cekak lan
prasaja. Surasane crita uga mung prasaja, ora mbutuhake cara ngrampungake kang
kanthi jlimet.
2. Unsurcrita
cekak
Unsur-unsur pembangun cerkak (tema, latar/setting, penokohan, alur,
pesen, punjering crita/sudut pandang, lan konflik), wos surasane crita, lan
gawe ringkesan.
1.
Pangertene
pawarta
Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngennani
sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran,
internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.
2.
Perangan pawarta
Perangan pawarta ing
antarane yaiku :
a.
Headline
(judul/irah-irahan)
Headline
yaiku irah-irahan kang gunane kanggo : (1) nggampangake pamaca ngreteni pawarta
kang bakal diwaca, (2) nuduhake pawarta kang dianggep penting kanthi variasi
aksara utawa gambar.
b.
Deadline
Ancas
deadlineyaiku nuduhake papan
kedadeyan lan jeneng media massa. Mula perangan iki nyebut jeneng media massa,
papan lan tanggal kedadeyan.
c.
Lead (teras
pawarta)
Lead
biyasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraf kapisan. Bab iku tinulis
amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati
pawarta, lan nggambarake sakabehe pawarta
d.
Body
(tubuh/surasane pawarta)
Surasane
nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha.
Kanthi mangkono bodyminangka
pangembange pawarta.
3.
Unsur-unsur
pawarta
Unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W + 1H.
4.
Teknik maca
pawarta
Kegiyatan macakake pawarta utawa ngandharake informasi
mesthine pakaryan kang wis kulina dingreteni. Sabab meh saben jam awake dhewe
isa mangreteni saka layar televisi lan ngrungokake radio.
Macakake pawarta ora mung profesi nanging uga isa dadi
pakaryan kang prayoga ing pasrawungan padinan, upamane nalika nemokake
sawijining pawarta kang narik kawigaten saka ariwarti lan kanca-kanca liya
pengin mangreteni, mula supaya efektif ariwarti kasebut ora prelu diwaca kanthi
gentenan, cukup sawijining pawongan wae kang macakake lan liyane nggatekake.
Sajroning macakake pawarta mbutuhake kaprigelan supaya
kang ngrungokake isa rumangsa seneng lan pawartane gampang dingreteni.
Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.
1)
Nggunakake
pangucap kang trep
2)
Pamedhote frasa
kang trep
3)
Nggunakake
intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4)
Ngreteni tandha
wacan kanthi trep
5)
Swara kang cetha
6)
Ekspresi kang
trep
7)
Ngatur alon lan
cepete pamaca
8)
Ngolah treping
mlebu wetuning napas
9)
Mahami wacan
10)
Percaya marang
dhiri pribadi
joglo
LAMPIRAN
Wujud omah tradhisional Jawa iku awujud joglo. Sanajan
awujud joglo, nyatane ana maneka warna jinise, tuladhane: joglo Limasan
Lawakan, joglo Sinom, joglo Jompongan, joglo Pangrawit, joglo Mangkurat, joglo
Hageng, lan joglo Semar Tinandhu. Wewangunan omah joglo iku ana
perangan-perangan kang wis gumathok, ing antarane yaiku:
1. Teras utawa
Pendhapa
Dumunung ing ngarep dhewe,
fungsi utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates
ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang
luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan
kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo
tamu kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunaake
kanggo ngrembug sawenehe perkara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug
babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute. Wujud ruwangan kang
tinarbuka iku uga minangka sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan
kang tropis, mula ruwangane digawe teras kang jembar ing sisih ngarepe, ora
kena soroting srengenge amarga kanthi payon gantung kang amba, menthang nganti
tekan pojok-pojok payon joglo.
2. Pringgitan
Jan-jane ruwangan iki isih
kalebu papan umum/publik. Ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar
wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo
nggelar wayang kulit, mula dijenengke pringgitan
saka tembung ringgit kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa
teges. Ruwangan iki dibangun kanthi ancas nuduhake yen manungsa iku duwe
kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya. Mula ing jamane seni lan
budaya tradhisional isih kuncara anjayeng bawana (kondang), amarga ing saben omah joglo diwenehi ruwangan pringgitan.
3. Dalem Agung
Wujude persegi lan tinutup
dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling
penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku
perangan kang digunakake kanggo kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi). Ini nuduhake lamun urusan
kluwarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan
pribadine kluwarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga
kawibawane kluwarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning
kluwarga. Umpama ana perkara kang kudu dirembug, kudu dirembug kanthi
musyawarah kluwarga. Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari perkara kang lagi
disandhang.
4. Krobongan/senthong
Ruwangan iki minangka
ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi utama ruwangan iki saliyane kanggo
ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan
piranti aji liyane. Kang duwe omah nalika nindakake ngibadah uga katindakake
ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur, dhipan, bantal lan
guling. Ruwangan iki ateges nuduhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti
kang paring kanugrahan.
5. Gandhok atau
Pawon/pekiwan
Papane ana ing mburi dhewe.
Fungsine kanggo masak lan kamar mandi. Sanajan katon prasaja, nanging perangan
iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur. Gandhok
utawa pawon digunakake kanggo masak masak, dhahar, lan adus. Nulad saka guna
panganggone, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika
sing duwe omah reresik dhiri, lan dhahar. Bab iki nuduhake yen manungsa iku
duwe sipat gemi, setiti lan ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga
kapribadene kang siningit (tersembunyi).
6. Wacana deskripsi
Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana
sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo menehi pepincren-peprincen saka
sawijining objek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane). Sajrone
deskripsi penulis mindhahake kesan-kesane, mindhahake asile pengamatan lan rasa
pangrasane marang pamaca. Wacana iki njlentrehake sipat lan sakabehe peprincen
wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang pingin diwujudi
dening panulis deskripsi yaiku ngripta daya khayal pamaca, kaya-kaya pamaca
bisa nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha. Cethane wacana deskripsi
iku wacana kang nggambarake utawa njlentrehake kanthi cetha salah sawijining
kahanan utawa obyek, lan kaya-kaya kang padha maca isa ngrasakake utawa ngreti
kaya kang dicritakake.
Saliyane
kuwi, karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang tujuwane kanggo
nggambarake objek kang sanyatane. Wacana deskripsi ana kang diarani wacana
deskripsi objektif yaiku salah sawijine jenis karangan deskripsi kang anggone
nggambarake objek mau ora dikantheni karo opini saka penulis. Saliyane iku uga
ana wacana deskripsi kang diarani wacana deskripsi subjektif yaiku kosok baline
saka deskripsi objektif, yaiku anggone nggambarake objek iku dikantheni karo
opini saka penulis. Becik lan orane wacana deskripsi iku gumantung saka
panulise, amarga saya pinter lan cetha anggone nggambarake kahanan bakal saya
cetha para pamaca anggone ngreteni.
Topik-topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi
yaiku :
a.
kahanan ruang, umpamane ruang sinauku,
gerbong sepur kelas ekonomi, lan pos rondha ing desaku;
b.
kahanan barang, umpamane maneka warna
kembang ing Taman Bunga Nusantara, wong-wong suku Dayak, lan bis kuning UI;
c.
proses, umpamane proses nggawe klambi
kebaya lan budhal menyang sekolah.
sandhangan mandhaswara
1. Sandhangan
mandaswara
1.
Sandhangan Manda Swara “ng”

Contohnya untuk menulis kata (tembung):

2. Sandhangan Manda Swara “r”

Contohnya untuk menulis kata (tembung):

3. Sandhangan Manda Swara “h”

Contohnya untuk menulis kata (tembung):


Contohnya untuk menulis kata (tembung):

2. Sandhangan Manda Swara “r”

Contohnya untuk menulis kata (tembung):

3. Sandhangan Manda Swara “h”

Contohnya untuk menulis kata (tembung):

Sinom
1. Pangertene
tembang Sinom
Sinom iku
ateges anom, taruna, srinata, roning
kamal, pangrawit, weni, logondhang, lan sapiturute. Sinom duwe karep pucuke
godhong kang isih kecut. Anggitane Kanjeng Sunan Giri Kadaton. Iki cocok kanggo
pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan.
2. Pathokan
tembang Sinom
|
SINOM
|
||
|
Guru wilangan
|
Guru lagu
|
Guru gatra
|
|
8
|
a
|
9
|
|
8
|
i
|
|
|
8
|
a
|
|
|
8
|
i
|
|
|
7
|
i
|
|
|
8
|
u
|
|
|
7
|
a
|
|
|
8
|
i
|
|
|
12
|
a
|
|
3. Watak
tembang Sinom
Watake tembang Sinom iku tresna
asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa lincah, nggambarake
sipat kan cukat trengginas, lan sapiturute.
4. Makna
tembang Sinom
Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah
enom, wateke golek pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. Pancen
nom-noman biyasane seneng sesambungan/kekancan, pinter ngomong utawa srawung
kang golek kanca/kadang lan narik kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih
jejaka/prawan.
5. Tuladha
tembang Sinom
|
5
|
6
|
6
|
6
|
6
|
6
|
6
|
6
|
|
|
|
|
|
nu-
|
lad-
|
a
|
la-
|
ku-
|
u-
|
ta-
|
ma
|
|
|
|
|
|
5
|
6
|
6
|
4
|
5
|
6
|
j65
|
5
|
|
|
|
|
|
tu-
|
mrap-
|
e
|
wong
|
ta-
|
nah
|
Ja-
|
wi
|
|
|
|
|
|
5
|
6
|
6
|
6
|
5
|
3
|
3
|
j21
|
|
|
|
|
|
wong
|
A-
|
gung
|
ing
|
Ngèk-
|
si-
|
gan-
|
da
|
|
|
|
|
|
1
|
2
|
3
|
2
|
1
|
y
|
t
|
y
|
|
|
|
|
|
Pa-
|
nêm-
|
bah-
|
an
|
Se-
|
na-
|
pa-
|
ti
|
|
|
|
|
|
1
|
2
|
2
|
2
|
2
|
1
|
j23
|
|
|
|
|
|
|
ka-
|
pa-
|
ti
|
a-
|
mar-
|
su-
|
di
|
|
|
|
|
|
|
1
|
1
|
1
|
2
|
1
|
y
|
1
|
2
|
|
|
|
|
|
su-
|
da-
|
ning
|
ha-
|
wa
|
lan-
|
nêp-
|
su
|
|
|
|
|
|
y
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
|
|
|
|
|
|
pi-
|
nê-
|
su
|
ta-
|
pa
|
bra-
|
ta
|
|
|
|
|
|
|
1
|
2
|
3
|
2
|
1
|
y
|
t
|
y
|
|
|
|
|
|
ta-
|
na-
|
pi
|
ing
|
si-
|
yang
|
ra-
|
tri
|
|
|
|
|
|
y
|
1
|
2
|
3
|
2
|
2
|
2
|
2
|
3
|
j21
|
y
|
j12
|
|
a-
|
mê-
|
ma-
|
ngun
|
kar-
|
ye-
|
nak
|
tyas-
|
ing
|
sa-
|
sa-
|
ma
|
wayang
1. Pangertene wayang
Wayang yaiku sawijining wujud
seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku :
seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan
sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa pertunjukan
wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit abad
kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan didiskripsekake
dening para ahli.
Wayang akeh banget jenise
minangka kesenian rakyat utawa kraton, ana wayang glek kang kagawe saka kayu,
ana wayang kulit kagawe saka kulit, wayang klithik kagawe saka kayu, wayang
beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan sapiturute.Sumbere crita saka
Ramayana lan Mahabarata, crita-crita Menak, crita-crita Panji, syair-syair
kepahlawanan utawa kreasi anyar kang nyritakake prastawa-prastawa anyar.
Saliyane kuwi werna-wernaning
wayang iku uga ana kang sinebut wayang wong, kang dipragakake dening uwong, lan
wis ana wiwit abad kaping 18. Wayang iki entuk sambutan kang apik saka
masyarakat, mula ing jaman sateruse ketok akeh perkumpulan wayang wong. Ing
pungkasaning jaman saiki wis akeh museum wayang antarane ing Jakarta lan
Ngayogyakarta. Sawetara panaliten nyimpulake, wayang minangka sarana
nggambarake alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prekara, pihak
utawa klompok kang ora cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan
batin, alus lan kasar, Pandawa lan Kurawa. Kalorone nyawiji ana sajrone
manungsa kanggo nggoleki keseimbangan. Wayang uga dadi sarana ngendhaleni
sosial, umpamane kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar banyolan.
Crita wayang iku duwe struktur
formal. Struktur kuwi kedadeyan saka unsur-unsur kang padha gayut antarane siji
lan sijine. Unsur-unsure yaiku tokoh, watak,alur, tema, latar, lakon, pesen
kang kamot, pitutur (pesan moral) kang kakandhut sajroning crita wayang..
2. Unsurcrita
wayang
Unsur-unsur pembangun crita wayang iku padha karo unsur-unsur crita liyane,
yaiku tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut
pandang, lan konflik, wos surasane crita, lan gawe ringkesan.
pranatacara
1. Pangertene panatacara
Panatacara kerep uga diarani denign babrayan agung
minanga panatacara pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata
laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane
sawijining adicara iku sebagean gehde dadi tanggungjawabe pranatacara.
Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe jejibahan nglantarake
titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten, kesripahan, resmi/
formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan utawa pentas
(show) lan sapanunggale. Kaya dene ing acara upacara adat temanten Jawa,
pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune) adicara ijab, pawiwahan lan
pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab Kabul) madeg dhewe ora
gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Dene yen ing
upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake
upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean (kuburan).
2. Perangan
teks panatacara
Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe
ngrengrengan teks panatacara parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks panatacara
mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:
a.
Salam pambuka.
Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh”
(tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
b.
Puji sykur konjuk
marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang
kanjeng Nabi Muhammad
c.
Sapa aruh. Sapa
aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau
diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate
luwih dhuwur nganti sing endhek.
d.
Ancasing gati.
Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani
(dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang
ngenani adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune
sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat
kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
e.
Panutup. Ing
perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang
dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak
f.
Salam penutup.
3. Unsur-unsur
panatacara
Sarat
Panatacara
Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama
Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing Raga,
yaiku:
a.
Magatra,
yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep,
pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
b.
Malaksana,
mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora
ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
c.
Mawastha,
ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
d.
Maraga: ora
grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku,
asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn
diucapake.
e.
Malaghawa, trampil
kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler
nangin uga ora katon grusa grusu
f.
Matanggap,
tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata
cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong
kang nandhang susah/ sungkawa
g.
Mawwat:
anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu
bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi
manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka
rantaman
4. Teknik maca panatacara
Sajroning macakake panatacara mbutuhake kaprigelan
supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lanpranatacarane gampang
dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.
1)
Nggunakake pangucap
kang trep
2)
Pamedhote ukara kang
trep
3)
Nggunakake
intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4)
Ngreteni tandha
wacan kanthi trep
5)
Swara kang cetha
6)
Ngatur alon lan
cepete pamaca
7)
Ngolah treping
mlebu wetuning napas
8)
Mahami wacan
9)
Percaya marang
dhiri pribadi
panganan tradhisional
1. Tempe
Ora kaya panganan dhele tradisional liyane kang biyasane
asale saka Cina lan Jepang, tempe iku
asli saka Indonesia. Ora cetha kapan panggawene tempe iku kawitan. Nanging
nyatane panganan tradisional iki wis dikenal wiwit pirang-pirang abad kawuri,
utamane ing tatanan budaya panganan masarakat Jawa. Ing bab 3 lan bab 12
manuskrip Serat Centhini kanthi
seting Jawa abad kaping 16, wis ditemokake tembung “tempe”, umpamane kanthi
nyebut jeneng nyamikan jae santen tempe
(saemper masakan tempe nganggo santen) lan dhele
tempe srundengan.
Tembung dhele
kang ditulis kadhele ing basa Jawa
ditemokake ing Serat Sri Tanjung
(abad 12 utawa 13). Saliyane iku ing serat legenda kota Banyuwangi iku, tembung
dhele uga ditemokake ing Serat Centhini
taun 1814. Ing jilid kapindho Serat
Centhini digambarake lelakone Cebolang
saka Purbalingga tumuju menyang Mataram, banjur nginep ing omahe Ki Amongtrustha, kang nyugata dhahar
wengi kanthi lawuh bubuk dhele. Ing Mataram, Cebolang diwenehi ngerti dene
sesaji ing kacar-kucur, yaiku upacara arep nikahake anak, ana kacang kawak lan dhele kawak, beras kuning,
kembang, lan dhuwit cring. (wikipedia).
Tembung “tempe” dirasa saka basa Jawa kuna. Ing
jaman Jawa kuna ana panganan kang werna putih digawe saka glepung/tepung sagu
kang diarani tumpi. Tempe seger kang
awarna putih katon saemper karo panganan tumpi kasebut. Saliyane iku ana
rujukan ngenani tempe saka taun 1875 ing sawijining kamus basa Jawa-Belanda.
Andharan kasebut nyata
nuduhake lamun panganan kang diarani tempe iku dikenal dening wong Indonesia
wis pirang-pirang abad kawuri. Mula sepira bungahe lamun awake dhewe iku duwe
sawijining panganan khas kang ora diduweni dening tlatah liya.
2. Sega megono
Wis kondhang kaloka yen sega
megana (sering ditulis megono), idhentik karo Pekalongan. Ana kang duwe panemu yen mrgono iku saka
tembung mergo tegese sebab lan ono kang tegese ana.
Saliyane iku uga ana kang
ngandharake yen sego megono iku saka sego, mego ‘awan’, lan gegono ‘angkasa’.
Yen rinakit tembunge dadi ukara megono = mego ing gegono. Banjur saka kahanan
iki ndadekake sego megono iki kaya mega ing gegana. Nitik saka wernane mega lan
angkasa kang putih resik, peteng, jingga lan abang branang.
Ana maneh kang ngandharake
yen sing nemokake resep megono iku ahli logistik saka Kraton Mataram jenenge
Bandoro Raden Haryo Tejokusumo, putra Sri Sultan Hamengkubuwono II. Ing taun 1825,
Pangeran Diponegoro ajak-ajak supaya kabeh gelem perang mungsuh Kolonial
Belanda. BPH Tejokusumo kang rikala semana wis yuswa 56 taun gelem melu lan
mutusake menyang Mataram kanggo nyengkuyung Pangeran Diponegoro. Minangka
sawijining pawongan kang ahli logistik, piyambake ngrasa prihatin nulad
prajurite Pangeran Diponegoro kang kerep kekurangan pangan, saka pambudidayane,
piyambake nemokake lawuh kang praktis lan gampang dimasak ing ngendi wae lan
kapan wae, kanthi bahan kang akeh dumunung ing saindhenging Jawa Tengah,
piyambake milih nangka. Nangka mau dicacah dadi cilik lan dibumboni saanane.
Bumbu-bumbu mau banjur diulet karo klapa parutan. Banjur klapa parutan kang wis
dibumboni mau banjur dicampur karo nangka, mula banjur diarani megono.
Saka andharan kasebut sega
megono mung awujud prasaja jebul nyimpen sejarah perjuwangan kamardikan
Indonesia kang elok banget. Saliyane iku, awake dhewe kudu bombong lamun
pepundhen lan leluhure dhewe iki ahli ing babagan logistik.
3. Thiwul
Wektu iki thiwul dikenal
minangka jajanan pasar kang merakyat. Panganan iki gampang ditemokake ing
sawenehe papan. Yen diturut saka
sejarahe, thiwul iku mula bukane minangka panganan pokok masarakat ing jaman
biyen nalika penjajahan Jepang lan udakara ing taun 1960-an. Thiwul digawe saka
pohung (singkong) didadekake panganan
pokok kanggo ngganti beras nalika regane larang lan ora bisa ketuku. Ing jaman
biyen thiwul dipangan kaya dene sega, kanthi lawuh lan jangan/sayur.
Thiwul digawe saka pohung
kang dipeme nganti garing, utawa kulina diarani gaplek. Gaplek banjur
didheplok nganti alus, banjur didang
nganti mateng. Asil dang-dangan iki kang diarani thiwul. Yen dipangan minangka
panganan pokok, thiwul bisa dipangan nganggo lawuh jangan lombok ijo, tempe
gembus goreng, lan sambel.
Sega thiwul kulina
digathukake karo kemelaratan, nanging kabeh mau ora bener satus persen, sebab
ing tlatah liya thiwul iku dadi pangan favorit. Tuladhane ing Madiun. Saliyane
dadi panganan kang disenengi, thiwul uga menyehatkan, mligine kanggo kang duwe
lara diabetes, darah tinggi, lan sapiturute. Thiwul uga dipercaya bisa nyegah
lara maag.
Siji maneh panganan kang
kawentar lan minangka sawijining perangan kang baku tumrap perjuwangane para
pahlawan kamardikan. Saliyane iku pejuwang biyen iku ora mikir apa kang
dipangan nanging kepiye bisane Indonesia iku mardika.
Tuladha teks deskripsi panganan tradhisional Jawa
Lumpia
semarang. Panganan iki khas banget lan nikmat banget yen dimaem nalika anget.
Luwih enak maneh yen ditambah saos kental manis. Isine lumpia iku ing antarane
bung (rebung), ayam, endhog, lan urang. Isen-isen kuwi mau dibuntel nganggo
kulit kang digawe saka adonan gandum saemper karo kulit martabak. Yen wis
dibuntel sakabehe
Sega
Gandul Pati. Sega gandul iki pancen khas banget amarga nggunakake bumbu kang
mligi saka kutha Pati. Sega iki diajangi nganggo piring kang dilambarigodhong
gedhang, diwenehi duduh kang rada gurih legi, lawuhe daging sapi iris
ciik-cilik. Bisa ditambahi lawuh liyane,kayata tempe goring, ayang bacem,
endhog bacem,lan sapiturute.
Sega
liwet Solo. Sega liwet iku sega gurih kang dimasak nganggo santen klapa, lan
disuguhake kanthi sayur jipan (labu siam),
daging pitik opor disuwir-suwir, endhog bacem. Rasane gurih lan enak amarga
saka sega lan sayure.
Mendoan
Purwokerto. Mendoan iku panganan kang bahan dhasare saka tempe. Tempe sadurunge
digoreng dicelupake ana ing adhonan kang digawe saka gandum lan dicampuri
irisan godhong brambang.
Garang
asem. Garang asem minangka sawijining panganan sehat amarga ora kakehan gajih (lemak). Kena ngapa? Amarga garang asem
anggone masak kanthi cara didang (dikukus).
Jumbuh karo jenenge, garang asem duwe rasa kang khas yaiku rasa asem lan gurih.
Rasa asem iku saka blimbing wuluh kang minangka bahan dhasar lan bumbu utama
panganan iki. Anggone ngedang dibuntel nganggo godhong gedhang nambahi rasa
sedhep. Isen-isen garang asem iki umume pitik.
Sambel
bajak. Yen miturut saka jenenge pancen kaya sambel-sambel umume. Sing mbedakake
karo sambel liyane yaiku, nalika nggawene dicampuri nganggo banyu asem. Mula
saka iku ora mung rasa pedhes sing dirasakake, nanging uga rasa seger saka banyu
asem kuwi.
|
0
|
0
|
5
|
5
|
|
1
|
1
|
6
|
6
|
|
2
|
2
|
7
|
7
|
|
3
|
3
|
8
|
8
|
|
4
|
4
|
9
|
9
|
|
Tuladha
|
2012 : 2012
|
2013 : 2013
|
1945 : 1945
|
|
|
Taun 2014 aku bali.
taun\;2014;akubli
|
|
|
Komentar
Posting Komentar