MATERI KELAS IX SEMESTER GASAL Teks Cerita Wayang Ramayana lakon Anoman Duta
A. Unsur pambangun crita yaiku: 1. Unsur Intrinsik, yaiku unsur kang ana ing sajroning crita, kayata: judul/irah-irahan, tema, tokoh/paraga, penokohan/sifat/watak, setting/latar (papan, wektu lan swsana), alur, uga amanat/pitutur. 2. Unsur ekstrinsik, yaiku unsur crita kang ana ing saknjabane crita nang duwe daya pangaribawa(pengaruh) marang dalane crita. Kayata: agama, ekonomi, sosial, budaya, politik, lsp. B. Pokok-pokok cerita. Pokok-pokok crita iku padha karo underane crita kang ngemot pitakonan: 1. Sapa, wangsulane nuduhake paraga/tokoh (sapa wae) kang ana ing crita. 2. Apa/ngapa, wangsulane nggambarake apa kedaden utawa apa kang ditindakake dening para paragane/tokohe. 3. Kapan, wangsulane nuduhake wektu dumadine/kedadeane crita. 4. ...