Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2021

Materi Pembelajaran Kelas 8 Cerita Legenda

  A.        Cerita Legenda .   Jaman biyen para sepuh kuwi pancen pinter dedongeng lan gawe dongeng. Dongeng kang dicritakake ana kang awujud crita kewan, crita wayang, cerita bab-bab sing ana hubungane marang kapercayan, asal-usul sawijining panggonan, lsp. Crita-crita mau kabeh nduweni kekarepan menehi tetuladhan, pitutur marang para manungsa supaya padha nduweni budi pekerti kang luhur, ora gumedhe, ora kuminter, sing lembah manah, tansah andhap asor lan nduweni tata krama sarta ngajeni mring sasama. Saliyane ngandhut bab pitutur lan budi pakarti, dongeng iku uga ngemu hiburan kang nyenengake minangka panglipur yen ati lagi sedhih, sengkel lan kuciwa. Cerita dongeng kasebut ing dhuwur bisa kagolongake dadi : 1.       Fabel yaiku cerita kang paragane para kewan kang tindak-tanduke diupamake kaya dene manungsa kang bisa ngomong. 2.       Mithe yaiku dongeng kang ana gegayutane ma...

Materi Sesorah/Pidato Kelas 9 Semester Genap

 SESORAH A. Pangertene sesorah/pidato. Sesorah yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir, lan sapanunggalane Tujuwan baku medhar pangandikan yaiku kanggo ngaturake panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi medhar pangandikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha mangreteni sing diandharake. Tembung liya pidato, yaiku: sesorah, medharsabda, tanggap wacana. B. Ancas/tujuan sesorah/pidato. Saben sesorah kuwi mesthi nduweni ancas utawa tujauan, kayata: 1. Kanggo menehi/mratelakaken informasi. 2. Kanggo menehi hiburan. 3. Kanggo menehi milut/daya pangaribawa (memikat/mempengaruhi) marang para pamyarsa.  C. Perangan sesorah/pidato Perangan sesorah/pidato ing antarane yaiku : 1. Pambuka  Surasane ngandharake salam, mbagekake kang padha rawuh, lan ngucapke syukur marang Gusti.  2. Surasa/isi Perangan iki ngemot andharan wigatining sesorah.  3. Wasana/Panutup Ing babagan iki diandharake w...