Materi Kelas 8 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi
I. MATERI A. Tembang Macapat . Tembang macapat iku cacahe ana 11, yaiku : Maskumambang, Mijil, Sinom, Dhandhanggula, Asmaradana, Kinanthi, Gambuh, Durma, Pangkur, Megatruh lan Pocung. Tembang macapat iku beda karo tembang-tembang liyane amarga tembang macapat duwe paugeran (aturan/ pathokan). Pathokan/aturan/paugerane tembang macapat yaiku : 1. Guru lagu, yaiku tibaning swara(vocal) ing pungkasan gatra. 2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda(suku kata) saben sagatra 3. Guru gatra, yaiku cacahing larik saben sapada/bait. B. Tembang Kinanthi 1. Pangertene Kinanthi Kinanthi iku saka tembung (kata) kanthi kang tegese tuntun. Dadi kinanthi artine dikanthi, dituntun, utawa digandheng . ...