Materi kls XII smt 1 Gamelan
Gamelan Gamelan yaiku piranti musik Jawa, umumé kanggo ngiringi pagelaran seni panggung, kaya wayang, kethoprak, ludruk, sendratari, lsp. Gamelan uga asring katabuh minangka pasugatan uyon-uyon. Gamelan iku seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ing pulo Jawa , Madura , Bali lan Lombok . Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa ya iku "gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang , utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo - pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika , Éropah lan tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina , Mal...